Wednesday 14 October 2015

Pejabat Walimusa, Tua nang Gili Lemu nang Desa

Pejabat siki kaya Camat, Bupati, Gubernur tekan Presiden kudu sering turun maring tlatah wewengkone, malah Presiden Jokowi nyontoni mirsani kahanan sing kewentar kambi “Blusukan”, ya pengerten blusukan kuwe ngambah panggonan sing cebrik, kotor lan arang deambah wong. Mula ora aneh angger kerja blusukan kuwe biasane nang pemukiman kumuh nggone wong sengsara utawa arang detekani pejabat utawa aparat. Blusukan uga nggo nlisik kahanan sebenere ora “Asal Bapak Senang” utawa ABS ningen kahanan nyata sing dealami warga utawa kahanan sunyatane mbuh kuwe apik apa ala sing mengkone nggo bahan nyusun program utawa kebijakan anyar nggo ndandani men lewih apik.
Laku blusukan nang tlatah Banyumas wis suwe deanakna nang Bupati lan andhahane ganu nang era taun 1980 an nganti 1990 an, Bupati sing sering blusukan yakuwe Almarhum RG. Roedjito lan almarhum Djoko Sudantoko malah sering nginep nang desa-desa utawa tlatah pegunungan sing arang deambah pejabat kabupaten. Jamane Bupati Roedjito ketelah “Safari Pembangunan” sing acara utamane ngresmekaken proyek, sarasehan, silaturahmi .... uga pertandingan olah raga kaya bal-balan lan Voli. Sing nyenengaken rakyat yakuwe angger bubar adu tanding tim kabupaten sing depandhegani Pak Bupati kalah menang kudu cucul kaos tim anyar lan deserahna maring lawane yakuwe pemuda desa senajan gudres kringet ningen rumangsa olih “hadiah” sekang rombongan safari pembangunan.
Inyong sing ganu njabat Kabag Humas mesti nggawa rombongan wartawan ngosi 15 klebu kang Didi Wahyu sing siki ngelola Harian Banyumas, rombongan wartawan klebu RRI lan RadioSwasta biasane dadi tim inti angger tanding bal-balan utawa Voli lan sing sering mesti kalah, wong pancen udu olahragawan asli. Nginep nang pedesaan ora kur sedina ningen sering ngosi 3 dina saking akehe desa sing kudu detekani lan angger ngosi delewati rakyate padha mrengut malah akeh sing protes ... ya kepeksa nuruti kekarepane rakyat senajan wis lempoh.
Sing marakna seneng lan esih dadi omongan seprana-seprene tumraping pejabat lan wartawan yakuwe angger dhong desuguh mangan, sing jenenge Ibu-ibu PKK jeremonge olah-olah kit mbengi tekan subuh nyediakna sewernaning panganan lan suguhan model prasmanan nggo wong eketan malah kadang atusan.
Lha .. kiye sing merguyokna angger babagan konsumsi nang pedesaan aja takon maning ana cimplung, rucuh dawegan, munthul, gedhang godog, jalabia ... lan akeh maning wujude. Angger pas mangan prasmanan kayong apa bae detokna, werna-werna sayur, janganuga tegehan sing maregi. Sebabe saben desa nyuguh lan kudu depangan, rombongan safari pembangunan sering kewalahan ningen wajib ukume kudu depangan ... mula sing jenenge sarapan, mangan awan lan nyore lewih ping loro utawa telu ... jan boyeh pisan. Inyong sing angon wartawan kambi Kepala-kepala Dinas weling wanti-wanti aja ngosi nolak suguhan kepriwe carane kudu depangan senajan semendhing, angger ngosi ora ndulit acan-acan kae Ibu-ibu PKK lan sing duwe umah pada mrengut jeremonge “Wah .., ora kolu masakane wong desa” mula ya sering ana anggota rombongan “keblethengen” sebabe kewaregen.
Angger bali sekang desa lan ketemu maning dhong nyambut gawe, akeh pegawe lan kanca batir padha madha “Wah ... nang desa telung dina padha gembil pipine, lemu” Ana maning sing aruh-aruh jan bareng melu safari pembangunan siki malik dadi “Pejabat Walimusa” sing mangsude pejabat tua nang gili (perjalanan) lan lemu nang desa, iya pancen sing marakna lemu yakuwe kudu mangan apabae sing desuguhna, malah kadhang deolih-olihi nggo sangu nang dalan ... mula ya pancen mangan jor-joran. Ningen sing penting wektu semono masrakat seneng, oleh bantuan lan sing penting maning diwongna ... jalaran ana sing sejeg jumleg nembe weruh Bupati lan salaman (sering nggo guyon anger bar salaman kambi Bupati tangane ora dekumbah ngosi seminggu) ... ya saking senenge.
Rombongan safari pembangunan Bupati Banyumas wektu semono uga dewartakaken media masa lokal lan nasional ndadekna Banyumas misuwur pisan sebab saben dina ana warta sing duwe daya tarik, malah kawigaten gedhe teka sekang pemrentah pusat sing nyebutna lamona safari pembangunan pantes detiru nang Bupati liyane. Mula pancen kasunyatan lamona program blusukan, turba, safari pembangunan utawa njajah desa milang kori pancen prelu banget, pejabat aja sering nang mburi meja, aja sok precaya maring pelapurane ABS (asal bapak senang) utawa AIS (asal ibu senang),blusukan ngosi nginep nang tlatah pedesaan uga nggambarna wujud “manunggaling kawula lan gusti”
Programe Pak Presiden Jokowi sing ketelah blusukan uga aja nggo lamisan thok, ningen andhahane kudu bisa nerjemahna apa sing dekarepna pimpinan lan penjaluke masrakat. Ya .. blusukan nyithak pejabat WALI MUSA ora salah. Klilan (Bambang S Purwoko).

Wis demuat neng Harmas 15 Oktober 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...