Monday 5 October 2015

Arep Mangan Beras Mancanegara


MANGSAN terang dawa  tumrap Bapane Blokeng gawe bunek pikiran. Ora mung warunge biyunge sing jere kenang kebul, dadi keton belok pisan. Klambi sing kotor  pating klumbruk ora bisa diwasuh jalaran langka Banyu. Esih detambah biyunge bocah sing njaprut awit esuk, mergarega barangpadha mundhak merekaken warunge dadi sepi.
Buruh pocokan kaya Bapane, aben dina isine mung bingung arep glesek pangan maring endi. Tujune baen wingi olih kodhean ngrikati gudhange panciunan pegawe kabupaten. Baline mbrongkot pisan, degawani tumpukan koran lawas, lumayanan esih kena nggo buntel karo wacanan.
''Kayong ndara klerek esuk-esuk molak-malik koran. Klowoh be suwung gemplung, jajal madan melu mikir dina kiye arep mosak-masik apa,'' Biyunge Blokeng nggamprong sing lanang.
‘’Gari nyidhuk beras IR apa beras Grendheng anu nyandhing bekoh bingung,’’ ujare Bi Rijem sing agi becer.
‘’Kothak dagangan tah kebek, ningen beras nggo depangan arian sing suwung,’’ ujare biyunge.
''Kae neng tlesepan kupluk toli esih ana dhuwit rolas ewu. Aku degawekna tegean gandhul kambi kedhele ireng, nggo pedhes-pedhes degerusna sambel tlenjeng wis cukup,'' semaure sing lanang karo esih maca koran.
''Kanggone rika cukup, Blokeng dempani tegean ya disembur-semburaken ora gelem madhang,'' jere biyunge karo nglius mburi.
Sing lanang mung mesem, wis apal karo polahe bojone sing glogok sowar. Mengko nek ngudarasane wis rampung toli meneng dhewek. Ngomong apa bae aja desranggah mbok malah dadi tambah reang. Udan-udan padu ora patut derungokna tangga.
‘’Ya nggo Blokeng dejukutna peda dagangan apa didadaraken endhog. Mengko bali ngodhe masa ora tek bayara,’’ jere bapane.
Biyunge ora senggu ora wain, banjutan maring warung nemoni Bi Rijem sing arep becer. Senajan mung sekolah rakyat, Bapane Blokeng seneng maca koran. Mbuh koran bekasan apa koran templek neng alun-alun. Nek olih kodhean neng kana, merlokaken maca. Mulane ngerti bab pembangunan proyek nang endi ora akeh sing padha telat.
Wong cilik kaya penginyongan, padha krungu jere pemrentah agep tuku beras maring mancanegara, merga wedi mbok simpenan  berase ora gutug tutup taun, mangkane panene urung wrata.
‘’Lha jere Cilacap berase mambrah mumbruh ngasi dedoli maring Jawa Barat,’’ ujare Tano maning.
‘’Ya wong nyatane pemrentah agep tuku beras maring Pietnam apa Thailand,’’ ujare bapane.
‘’Iya Pak Yusuf Kala wis ngomandho ben gageyan tuku beras luar negeri,’’ ujare  Guru Sikun.
‘’Lha iya, wong beras bae wis ora duwe. Kaya jaman ganu maning dodolan montor mabur bayarane nganggo beras. Lha siki agep dodol apa wong ora duwe motor mabur gaweyan B andung maning,’’ ujare bapane maning.
Penginyongan wong blekethiran mung bisa ngelus dhadha. Jere negarane makmur jibar jibur, deneng beras bae wis rekasa. Apa enggane kon mangan leye maning kaya jaman kuna?. (05)

Besutane Kang Didi Wahyu

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...