Friday 9 October 2015

Togele Tutup Apa Bandare Slulup?

PLEKARA togel nang Banyumas wis marak kawit taun 1970-an. Togel sing puterane nang Cilacap kodene TP (Tjilatjap), sing muter nang Tegal kodene TG (Tegal). Wong bisa bae tuku nomer kode TP ningen metune nang TG utawa sebalike.
Jaman semana bandare ana neng daerah Pasar Wage. Pasangan sepuluh perak olihe pitung atus (tikel pitung puluh). Bosa tambah rame olihe malah dadi medhun mung tikel 65 apa malah 60. Angger telung nomer malah mung ping 350. 

Wektu semana jan togel utawa nomer buntutan bebas dol-dolane. Wong pengumumane malah liwat radio swasta jam rolas mbengi. Sedurunge bukakan nomer, lagu sing deputer lagu dhangdhut si Hitam Manis nggo pertandha arep bukakan.
Angger wis bukakan sing ngrungokaken padha pating njlerit. Ana sing ngomong nomere kewalik, ana sing nyebut salah kamar( pasang TP metune nang TG) ana sing jere kebledhugan. Pokoke jan rame pisan gutul esuk mangsane bayaran.
Togel Cilacap Tegal nang taun 1980-an dianggep kurang ampuh. Banjutan tau melu buntutan nalo (nasional lotere) apa Toto Jaya Jakarta. Pengumumane mandan keren liwat TVRI. Angger dhong pas puteran, sing duwe TV laris nggo ngrungokaken puteran nalo.
Mulkai taun 1990-an, dodol togel ora terb uka kaya jaman kuna ningen kudu umpet-umpetan. Kudu oyok-oyokan karo pulisi. Pasange uga bisa liwat SMS ningen ramalan nomer sing arep metu esih payu. Ana mbah Jugo, Mbah Semar, apa Nyai Roro Kidul nglawaran puteran komputer.
Taun 2000-an togel ora tambah kendho ningen tambah banter. Pulau Jawa bisa debagi-bagi nang pirang bandar. Perang antar bandar rame pisan, nang Jawa Tengah pusate nang Perumahan Bukit Sari Gombel kabeh ngerti sapa bandare.
Operator nang kabupaten ana sing aran El apa Em sing operasine nang tlatah Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara tekan Cilacap. Togel sing didol ana sing dearani Hongkong, Singapur utawa lokalan aran  Kuda Lari.
Jere Mbah Brewos sekang Tambak, aja pisan-pisan dodol togel nek ora duwe beking aparat, mung desita thok. Pancen sih sok ana sitaan ningen biasane barang buktine mung sepethilan orang ngasi jutaan. Sing detangkep bleketho=iran mumet, ning bandare tetep ongkang-ongkang nyruput wedang kambi ngetung kasil awit esuk.
Lha wong ingatase wong dodolan togel nang Kroya bae bisa nggedebus debekingi aparat nang propinsi. ‘’Ngonoh detulis ngasi mencret, masa bisa nangkep inyonga,’’ ujare bandar ngagulaken kasektene.
Sepuluh dina kiye, wong padha gegoh jere bandar-bandar togel padha kukud, merga ana operasi terus. Ningen ka nggone sing pengalkaman kabeh mau anau kamuflase. Jane bandare ora tutup ningen slulus (silem/umpetan).
Bisa bae kambi slulup padha dolanan kertu kayata ceki, cemeh apa domino sing pasangane ngedab edabi. Bisa bae main kertu menang utawa kalah ngasi puluhan juta. Urung ana sebutan kongso, sing tegese adu jago neng desa-desa. Kiye omzete uga bisa gedhen merga akeh sing teka sekang luar kota.
Dunya peteng togel pancen dunya sing kebek misteri. Sing main anu pemain watak kabeh ngungkuli pemain sinetron. Tegelan ngembat dhuwite mungsuh. Mulane ora susah gumun ora susah gegoh an gger nyebut togel Sumpiuh tutup.
Pak Camat, pak Kapolsek napa Pak Dan Ramil kedah tetep waspada. Aja gelem delomboni kabar anu ora nggenah. Ningen bandare padha ngguyu-ngguyu bisa nglomboni wong sepirang-pirang. Rakyat Sumpuh, Kemranjen Tambak ora mung waspada maring banjir, uga maring bandar 303! Sing ora kalah bahayane. (Budianto, pemerhati togel Banyumas/05)


Wis demuat nang Harmas 13 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...