Inuman Mboten Nyekrus

TERUS terang baen kiye crita temenanan alias ora lomboan utawa karangan, crita jaman kuna jamane inyong egin SMP, watara tahun 1960an lah. Wektu samana kota Purwokerto kena darani egin sepi, ora serame kaya jaman sekiye. Bangsani jajan panganan ya urung werna-werna kaya jaman sekiye. Bangsaning inuman, warung es sing terkenal neng Purakerta paling ya Sari Murni neng Kebondalem karo Tirta Sari neng wetan gedung bioskup Srimaya. Inuman sing dedol dewadhahi gendul utawa botol paling ya sirup karo limun. Limun baen mung ana limun Lido sing pabrike neng wetan prapatan Kebondalem. Neng warung ndesa inumane paling teh karo wedang clebek, dene inuman ideran biasane ya ana, es gosrok, cau, dhawet utawa badheg.
Kedadean sing arep tek critakna babagan inuman kiye ora neng Purakerta, ningen neng kota Solo panggonan kakang inyong ipekerja utawa ngodhe. Kakang inyong ngode neng kantor perusahaan bathik, mbekayu inyong bukak kios sembako neng pasar Kartasura. Dene sing kon pura tunggu umah nggawa bocah sekang desa, Bejo jenenge. Umure ya sepantaran karo inyong. Bocahe jujur, lugu, ngerti unggah-ungguh, ora isinan, seneng srawung, mulane senajan urung patia suwe Bejo manggon neng Solo ningen wis pinter bandhekan, wis akeh kenalan utawa batire. Wis ngerti panggonan-panggonan sing penting, sing biasa nggo paranan angger nggoleti kebutuhan. Mulane angger prentah apa bae maring Bejo detanggung mesthi berese.
Sewijining wektu pas preian puasa (kaya siki kiye), inyong sengaja preian neng nggone mbekayu inyong sing neng Solo kuwe. Lha si Bejo kuwe sing dadi penunjuk jalan angger inyong arep lunga neng nggon plesiran. Kendaraane wektu semana anane ya mung pit alias sepedha, dadine maring endi-endia ya kudu nggenjot, jerene si Bejo “idhep-idhep nggo olah raga”. Saben arep mangkat plesir pit-pitan inyong takon: “inyong sing mbonceng apa ko sing nggenjot si Jo?”
Dheweke mung mrenges, karo nuntun pit wangsulan: “Kuwe si padha baen lombo lah mas”
Sewijining sore, ya watara jam papatan lah. Lagi gayeng-gayenge inyong bocah loro dopokan neng latar, Bejo detimbali kakang inyong, mbuh arep kon ngapa, tapi sing jelas dheweke kedhagar-dhagar langsung nyemplak pit mbuh maring endi. Ora let suwe wis balik maning, gipyak langsung nemoni kakang inyong. Ora ganti suwe metu maning karo mesem-mesem nuntun pit maning, tek takoni jere anu arep tuku agan buka. “Alhamdulillah” batin inyong.
Kanti bingung ndeleng polahe Bejo inyong mlebu ngumah nemoni kakang inyong, mbareng ketemu inyong langsung takon: “Bejo deprentah kon ngapa si mas, koh kayong sibuk nemen?” Kakang inyong malah nyekakak. Mbareng gemuyune wis aso kakang inyong crita “mis komunikasi”. Jerene si Bejo kon tuku inuman, tapi cara nembunge sing kleru, kudune ora perlu basa, tapi malah basa dadine bakule bingung. Bejo kon tuku minuman orange crush tapi gole nembung: “Tumbas inuman sing mboten nyekrus”. (Ir Sunardi, MT ahli tata kota dan budayawan Banyumas/08)

Wis demuat nang Harmas 9 Juli 2015

1 comments :

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...