Aja Kelalen kambi Motto Satria

Motto utawa semboyan nang taun 1980-an kesuwur banget, kabeh kota Kabupaten lan Pemerintah Kota (Kota Madya) sengkud nglairaken motto sing jeremonge nggo motipasi lan ningkataken etos kerja maring warga kota utawa kabupatenne. Nang tlatah Banyumas Raya uga ora ketinggalan Pemda gawe motto, kaya Kabupaten Banyumas duwe motto SATRIA (Sejahtera, Adil, Tertib, Rapi, Indah, Aman) Kabupaten Cilacap kawentar duwe motto Cilacap Bercahaya, Kabupaten Banjarnegara kawentar mottone Gilar-Gilar lan Kabupaten Purbalingga duwe motto Perwira.
Crita bab motto nang tlatah Kabupaten Banyumas, taun 1988 resmi motto SATRIA dekenalaken maring masyarakat. Kanti kekancingan Surat Keputusan Bupati KDH Tk II Banyumas Nomor : 130/1207/1988 tentang Motto Kota Purwokerto/ Kabupaten Banyumas sing detanda tangani dening Bupati Banyumas wektu semono Djoko Sudantoko rikala tanggal 13 Desember 1988.
Wektu anyar-anyaran motto, kabeh pejabat sekang Lurah/Kades tekan Bupati saben dina sesorah bab motto SATRIA. Bocah sekolah uga dewajibaken apal lan ngerti tujuan motto sing kesuwur kuwe, malah saben sekolahan detulisi tembok lan gendhenge kambi tulisan SATRIA, Mula wektu semono masyarakat Banyumas saben dina krungu kumandhange motto liwat siaran radio, pidato pejabat nganti tembang/lelagon nang pewayangan.
Pancen angger dewujudna lan deamalna kanti becik motto SATRIA bisa gawe sejahterane (sejahtera) masyarakat lan cukup nggo kebutuhan nang babagan jasmani lan rokhani, adil ngandhung mangsud ana kahanan sing ora mihak alias mban cinde mban siladan kabeh warga taat ukum lan praturan ora nana bedane rakyat kambi pemimpin nang ngarep ukum. Makna tertib yakuwe ana cita-cita masyarakat sing serba tertib, patuh maring peraturan lan gawe swasana sing teratur nyenengaken, makna rapi yakuwe njaga kebersihan lingkungan bersih mloes lan uga sehat, makna indah aseng masyarakat kon seneng maring lingkungan serasi, selaras lan seimbang men kabeh keton semanger lan kabeh tentrem ora nana gangguan lan ancaman sing mbebayani tumrap warga uga kabeh ana suasana dame lan slamet (aman).
Miturut Kamus Umum Bahasa Indonesia karangane WJS Purwodarminto (Balai Pustaka 1961) nerangna lamona SATRIA kuwe wong/menungsa sing nduweni sikap mental apik atine, jujur lan gagah tur wani, kejaba kuwe minangka wujud wong sing duwe iman, sing eman maring sepadha lan taqwa maring Gusti Allah sing Maha Agung.
Nggo pengemut-emut maning lamona sipat warga Banyumas sing gagah pidheksa, jujur lan duwe sipat cablaka ngemu surasa lan duwe sesanti sing bener kuwe bener, sing salah kudu seleh, sing ala ya dicap ala lan sing becik ketitik deanggep becik kabeh mau ana karep meng warga Banyumas dadi menungsa sing ana regane utawa pengaji.
Nang alam repormasi kaya sing siki delakoni pancen esih mbutuhna sesanti saiyeg saekapraya, holopis kunthul baris, rambate rasa hayo lan rawe-rawe rantas malang-malang putung. Mula senajan motto SATRIA wis lawas dekumandhangaken ningen warga Banyumas khususe para pamong, pemimpin, pamong praja, pejabat apabae uga wong nom-noman aja ngosi kelalen kambi motto SATRIA sing wis kabukten kasil dadhi motipasi nggayuh tentreming tlatah Banyumas uga mbentengi bab-bab sing ora cocog kambi budhayane wong Banyumas. Senajan siki Banyumas wis duwe tagline “Better Banyumas” motto Satria aja ngosi di klalenaken sebabe motto kambi tagline beda mangsude.
Warga Banyumas khudu bangga, maskote Bawor mottone SATRIA, taglen Better Banyumas jan angger deamalna maen pisan nggo njaga supayane warga rukun, alame subur loh jinawi kerta raharja kaya sing sering degambarna Ki Dalang nang pewayangan. Ya sepisan maning aja kelalen kambi motto SATRIA, sebabe urung ana maning MOTTO anyar lan SK Bupati Banyumas esih laku nganti seprene. Kelilan (Bambang S Purwoko/08) 

Keterangan foto
Gubernur Jateng Ganjar Pranowo foto bareng kambi Pejabat Teras Pemkab Banyumas nang ngarepe Pendapa Si Panji Purwokerto
Foto: Harmas/Dok
 


wis demuat neng Harmas 18 Juni 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...