Tunggakan Pajeg Rp 13,2 M, Dunyane Sepira?

JEBULE neng Desa Banyukinclong ana sing sugih mbanduwara ya? Ngasi due tunggakan pajeg Rp 13,2 milyar. Pajege bae semono akehe, lah sie dunyane sepira akehe ya? Keren lah warga Banyukinclong. (+6281381557333)

NUWUN sewu Kang Harmas jare nang mburi SD 2 karo 1 Arcawinangun arep dipasangi tower apa ora ngganggu bocah sekolah? Dampak radiasi sangat berbahaya menimbukan penyakit kangker lan kulit? (+628980241211)

COPET...copet kebangeten temen ya, duit mung mungan arep nggo tuku klambi seragam sekolah anake, malah dicopet. Kanggo kanca kabeh ati-ati angger nang njero Pasar Banyumas. Maring si copet tek dongakna moga moga duite ora maregi, ora dadi daging. Amin.(+6285869214339)

PRIBEN, lawang mlebu pasar Ajibarang dadi macet nek jam 2 awan. Apa ra bisa ngatasi Pak Bupati, wong cilik kon milih agi plhan tah manut. Tapiine ana kaya kye ora bisa ngatasi. Piwen guli dadi bapak. Suwun Mas Harmas. (+6281903124206)

NGGO Direktur nganti gutul staf Harmas. Kapan arep nganakna jumpa fans. Nyong makili kabeh pembaca/langganane, kepengin banget Harmas nganakna jumpa fans koh. (+6285869214339)

SAYA miris membaca kasus darminto "jawara grasstrack asal Kroya" di Harmas minggu ini. Harusnya David lbh sabar dan bijak dalam mengambil tindakan dan keputusan, bukan mengutamakan egonya sendiri dan melaporkan kasus ni ke meja hijau. Kalo bisa di selesaikan secara kekeluargaan kenapa harus sampe dilaporkan ke pihak berwenang. Maju terus Harmas. (Mr.X, wong donan, cilacap-  6285747777940)

AKU cocog bgt. Pak bupati Bayumas. Nek basa jawa dididikna mrg bocah sekolah awit basa jawa basa sing santun. Apik maning nek nganggo krama inggil. Aja kaya bocah siki takon alamat ya tingkring bae nang motor. Kan ora sopan kadang2 ana bocah wis SMA pamitan bali. Pak kulo ajeng kondur kue salah menempatkan bahasa. Pancen angel nerapna bahasa jawa krama inggil nek sing durung paham. Wong bocah sekolah siki ngarani ageman mengkreng margi be pada ora ngerti: (+628562647388)

JAM 9 esuk aku weruh ana wong nunggang motor guling nyungsep maring aspal, gara-gara kejeglong dalan sing bolonge jero. Eh..jam tengah sepuluhan weruh maning ana wong nunggang motor karo mobil tabrakan,ya gara gara motore ngindari lubang jero nang tengah dalan. Kanggo dinas sing terkait (PU), jajal cepet ce karo bojone rika (dinas pu) sing dadi korban, nembe didandani. (+6285869214339)

Wis demuat neng Harmas 9 Februari 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...