Monday 12 October 2015

Maneges Banyumas Extravaganza

Banyumas Extravaganza senajan ana kekurangane, soten kelewiane akeh ora petung. Angger inyong ora keliru, tau maca pangendikan Pak Ahmad Husen neng Koran lokal Purwokerto sing kebabar neng wulan April 2014: “Banyumas Extravaganza dadi kalender kagiatan taunan nggo ningkatna jumlah kunjungan wisata maring Kabupaten Banyumas.” Merga kiye pangendikane peyayi sig paling agung neng Kabupaten Banyumas,  pangendikane dadi ngemu teges jero. Angger kemutan maring pangendikane, rasane  dadi kayong  kegawa kelu, hehehehe...
Tumrape inyong, pasugatan Banyumas Extravaganza dudu pasugatan normative, ningen pasugatan sing sesuatu banget merga ngedab-edabi lan ora baen-baen. Kayong eman-eman angger gole negesna nganggo tembung lan ukara sing normative. Melasi para kawula alit sing lewih wasis maknani kanti jero nganggo laku lan tindakan nyata, delampoa padha teka adoh-adoh sekang plosok Gumelar, Lumbir lan Tambak ngasi kedhangkrakan ninggal kesibukan pedinane. Delampoa padha sabar nunggu start ngasi jam-jaman neng Jl S Parman antri melu arak-arakan gutul alun-alun Purwokerto pas srengenge agi penther-penthere.
Banyumas Extravaganza bangeting lewih sekang  kalender kegiatan taunan nggo ningkatna kunjungan wisata maring tlatah Banyumas.  Inyong ora trima Banyumas Extravaganza kur demaknani lumantar aspek ekonomi kanti cethek. Sejatine, Banyumas Extra Vaganza uga ngemu aspek ideologi, pulitik, sosial lan  budaya masyarakat Banyumas, asal bisa ngematna lambang-lambange lan basa awake (gesture-e).arak-arakane kanti slirik. Angger demaknani kanti wasis, Banyumas Extravaganza minangka kaca benggala nyewijine lan golong gilinge Kawula (rakyat), Ponggawa (aparatur), Gusti (Bupati) lan alam Banyumas minangka mbangun jiwa raga bumi Banyumas lan seisine. Sing demaksud mbangun jiwa ya kuwe mbangun moral, ahlak, budi pekerti lan etos kerja. Mbangun ragane, ya kuwe mbangun kesehatan jasmanine, mbangun sarana prasaranane (infrastruktur), nggodogi keseimbangan alam lan kelestarian alam bumi Banyumas.

Neng Banyumas Extravaganza, para sinoman ngusung  panji-panji Kabupaten Banyumas. Para pamong praja, penggedhe Pemkab, para winasis, para cantrik padhepokan lan para kawula padha ngiring-iring lan ndubyeng-dubyeng neng mburine. Sewetara kuwe, Bupati Banyumas njanggleng neng neng podium sing njemugrug neng alun-alun Purwokerto. Njangglenge neng podium supaya bisa ndeleng lan kedeleng  dening rakyat Banyumas, dudu simbul Bupati lewih dhuwur sekang rakyat, merga Bupati minangka mitra sejajare rakyat. Njangglenge Bupati lewih demaknai dudu simbul rakyat ngledheni Bupati, utawa rakyat ngladheni ponggawane/aparature. Ningen simbul Bupati lan ponggawane ngladheni rakyat (Kiye minangka konsep egalitere wong Banyumas)

Maneges Aspek Ekonomi
Angger detiliki sekang aspek ekonomi, pasugatan sejatine Banyumas Extravaganza mlebu aspek- MICE (Meeting, Incentive, Convention, Exhibition), presise kelebu aspek pameran (exhibition). Teges ekonomi sing lewih mutakhir maning,  lumantar arak-arakane bisa nggo identifikasi (metani) potensi pelaku lan bahan ekonomi kreatip khususe industri kreatip, kaya dene bahan asli Banyumas grafis nggo etnik seni bathik, bahan etnik koreografi nggo  industri seni pertunjukkan, bahan etnik tetabuhan nggo industry seni suara, lan bla.. bla ...
Ningen, bahan-bahan industry kreatip kuwe esih kudu deolah, dikemas lan didistrubusi (bisa dadi konten internet) nggo ningkatna PAD,  ningkatna jiwa wira usaha lan ningkatna jumlah insan kreatip neng Kabupaten Banyumas. Seteruse, bisa ningkatna gumregaeh ekonomi ekonomi kreatip sing bangeting ngugemi sipat ekonomi kerakyatan. Pungkasane, maneka wernane kabudhayan Banyumas sing dadi bahan dhasar ekonomi kreatip bisa kejaga apik kanti sinergis. Amin.

Klamite
Maneges Banyumas Extravaganza angger kanti normative (wungkul) marekna ana maskot Banyumas Extravaganza taun 2014 topeng berbalut batik wujud  simbul parte, lananane adegan Bupati Banyumas lan Gubernur Jawa Tengah ngiming-imingna topeng kuwe sing  bisa kedeleng sekang videotron alun-alun Purwokerto. 
Merga Banyumas Extravaganza sing uwis-uwis lan sing arep kelaksanan taun 2015 kiye pasugatane kabeh rakyat Kabupaten Banyumas tanpa mbedakna latare, tritisane lan mburitane, muga-muga padha  bisa manages kanti iklas lair batin supaya dadi pasugatan sing adil lan objektip tumrap wong Banyumas sapa bae.
Pasugatan Banyumas Extravaganza uga dudu minangka symbol pisowanan ageng taunan kawula (rakyat) maring gustine (Bupatine) merga pasugatan kiye sekang Kawula nggo Kawula, sekang Gusti nggo Kawula lan kosokbaline.
Banyumas Extravaganza pancen hebad bro!  Manjuh koh padha nonton arak-arakane! Ningen manjug kawit siki padha ndonga dhisit maring Allah Subhahanahuwata’ala muga-muga aja udan, kari mendhung tah kena. Uga bisa kaleksanan kanti sukses ora ana alangan septhil-pethila. Amin. Hehehe.  (Hari Widiyanto, anggota Grup Pesbuk Guyon Banyumasan)

wis demuat neng Harmas 16 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...