Aja Cokan Nyupatani, Bocah Nakale Kaya Kethek, Bodho Kaya Kebo

BOCAH nakal....ya angger esih dearani bocah biasane nakal, ana sing nakal lumrah ningen akeh uga sing nakal ora lumrah, mbebayani lan gawe rugine liyan. Ningen angger dadi wong tua mbuh kuwe rama utawa biyung kudu bisa njaga omongan sing marakna si bocah ndadrah kebanjur tekan dewasa dadi bocah nakal temenan, jengkela kaya ngapa aja cokan nyupatani maring anak putune, pancen bocah cilik utawa bocah tanggung sering ngesuhna lan ketelah “marajubel” angel deomongi lan njawal.
Bocah lanang lewih ngesuhna maning, ana sing ora gelem ngrewangi gawean wong tua, senenge dolan, dus-dusan nang kali uga ora gelem sinau alias kesed bodho sekolahe. Angger wong tua kesuh ya deomongi sing alus, decontoni, deajari sing bener lan wong tua aja “Jarkoni” bisa ngajar ningen ora bisa nglakoni. Biasane wong tua angger kesuh cokan alok kambi ngorong-ngorong “Aja penekan mengko gigal benjut ndase”, krungu wong tua ngorong-ngorong si bocah kaget.....lha temenan tiba sekang wit sikile dengkol lan ndase benjut. Ana maning sing lewih miris angger ndeleng anake lanang pit-pitan banter banget, wong tuane alok “Ngonoh pit-pitan banter banget tiba lha sikile tugel”, temenan sebabe omongane wong tua mandi bocahe kerungkeb setekaran tiba sekang pit sikile dengkol tangane kesleo.
Bocah cilik umur Balita utawa welasan taun pancen urung duwe duga preyoga, mulane wong tua kudu sabar lan ora kena kesuh nemen-nemen angger weruh lan ngrasakna polahe si bocah sing werna-werna lan gawe kesuh ngancik umur welasan lan remaja, biasane nang SMP utawa SMA beda maning olehe nggulawentah sebabe pola pikir si bocah wis nalar aja ngosi ndadekna bocah “brontak” maring aturan sing degawe.
Kiye sing cokan marakna gendra.... angger bocah agi sinau lan ngadhepi hal-hal sing angel, wong tua wajib aweh motipasi lan wicaksana men semangat maning. Aja pisan-pisan maido lan metu tembung sing ora ngenakna kaya “bocah bodho kaya kebo”, goblog pisan ko” lan sumpah serapah liyane sing marakna bocah nglokro. Wong tua kudhu aweh pitutur lan tembung sing sugestif, kaya “Percaya bae angger ko sregep sinau mesti rapotmu apik, jane ko pinter lan mampu ningen esih kurang sinaune”, angger maring bocah sing wis ngancik dewasa, biasane aweh pitutur sing bijak angger ana sing urung kasil men aja nglokro lan frustasi.
Wong tua uga aja ngasi kewetu sumpah serapah kaya “Dadi godhong moh nyuwek, dadi banyu moh nyawuk”, aja ngosi uga kewetu bocah kaya setan nakale lan bocah nakale kaya kethek, endhog kurwok. Sing merguyokna maning ana wong tua cok klalen karo anake “Ko jane anake sapa nakal temen”, wong wis genah anake dhewek mawi takon anake sapa saking kesuhe.
Tugas wong tua pancen abot, ningen angger tulus ikhlas lan temenanan ya..... entheng wong kuwe wis dadi kodrate tumrape menungsa gawe becik nang alam donya. Angger wong tua sambat....ngangluh, kesuh olehe nggulawentah anak-anake ya keliru, sapa maning sing agep gawe becik generasi nom pengarepe.
Kiye uga nggo kaca benggala tumrape wong tua, men bocah duwe jiwa sosial, wong tua kudu sering aseng maring anak-anake nekani kumpulan keluarga kaya dong arisan, silaturahmi lan kumpulan keluarga liyane, kiye uga nggo nuwuhaken rasa familier utawa rasa semedhulur, jeremonge wong tua aja ngosi kepaten obor.
Penting maning, bocah khususe sing wis remaja uga kon berbaur kambi masrakat nang lingkungan RT, RW utawa desa kaya kon krigan, aktif nang Karang Taruna, remaja mesjid, kleb olah raga, KNPI lan liyane men nambah kepinteran lan duwe jiwa kepemimpinan. Ana maning wektu sing apik ya kuwe angger dong liburan sekolah, wong tua aja jor klowor ngejorna anake ora nana kegiatan. Lewih becik wong tua aseng maring anak-anake kon mbiyantu pegawean wong tua kaya masak (bocah wadon), macul nang kebon, resik-resik got lan mbubuti suket nang latar utawa dalan lingkungan.
Mula angger saben keluarga bener lan pener olehe ndhidhik bocah, ing tembe mburi generasi nom kasil dadi pondasi pembangunan bangsa, sebab bangsa Indonesia siki akeh banget tantangane sing bisa gawe rusak angger ora waspada. Indonesia ana sing ora seneng angger maju lan aman, mula ana bae godhane kaya bab Narkoba, seks bebas, kabudhayan sing ora cocok, terorisme, radikalisme lan film barat minangka musuh sing isine gawe rusak generasi nom Indonesia.
Sepisan maning......sedulur-sedulur, wong tua nang endi papan aja ngosi lena lan nyepelekna nang babagan pendhidhikan anak, aja pasrah nemen-nemen maring sekolahan ningen sing apik maju bareng antarane pemrentah, sekolah, wong tua lan masrakat gumolong karep nyithak generasi nom sing mengkone agep nyekel bangsa Indonesia pengarepe sing lewih apik maning tinimbang siki. Klilan (Bambang S Purwoko)

Wis demuat nang Harmas 27 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...