Kaul Jaman Siki Degenti Tasyakuran

DADI  kaul neng jaman sekiye, akehe padha de genti tasakuran. Intine ngujukaken rasa sukur. Perkara tasakuran,arep kedhen-kedhen, apa sederhanaan, kuwe gemantung karo niate. Sing ora kalah penting, uga gemantung karo kemampuan. Angger pancen ora nana ya aja nganak-nganakena. Sebalike angger mampu, ya apa alanenganakena tasakuran. Umpane kekuatane mung tumpengan thok,ya ora papa. Nyawabi tanggane melu ngrasakena tumpenge. Kejabane tangga teparo melu ngrasakena suguhan kepungane, uga padha melu ndongakena. Baline padha olih brekat. Cara penayagane olih imbrek. Penayagan ngarani brekat, imbrek.
Keterangane si kaki, brekat kuwe ya berkah. Berkahing Gusti Kang Maha Kuwasa. Senajana brekate mung semendhing, semendhinga wong berkah nimbang kakehen mubah.
Sekiye langka kepungan sing esih ana tumpenge. Malah kemajuan. Sing de kepungna opor. Berkate serba mentah. Jere kon aja mubah.
Ujare kakine tumpeng kae falsafah akeh. Kejabane kuwe,tumpeng senajana neng liya dhaerah ana, neng Banyumas, esih ana sebagian masyarakat nganggep yen lamona, tumpeng dadi ciri khase wong slametan. Ana sing esih ngotot, slametan kudu ana tumpenge. Perkara panganan liyane pirang-pirang sing desandhingena, ya kena-kena bae. Ana tumpenge,ana liyane berkate lewih akeh.
Sebanjure kenangapa kepungan segane tumpeng. Basa tek pan-pana welinge kakine, tumpeng kuwe falsafahe : Manembang 5(limang) wektu,temuji maring puncrit, ya kuwe Gusti Kang Maha Tunggal(Allah SWT). Falsafahe jawa Islam. Tumpeng ngisore 5 (limang) pojok nglambangaken shalat 5 wektu. Banjur lancip meng ndhuwur tekan puncrit. Nglambangaken manembah maring Gusti Maha Tunggal, Maha Agung. Puncrit, ndhuwur dhewek.
Banjur falsafahe Jawa : numplek tumpeng aja nganti buyar, utawa bengkah. Falsafahe: Kewajiban limang wektu, ora kena buyar. Angger buyar, ora bisa butul puncrit. Wong sing buyar pikirane, ora kesembadan cita-citane. Cita-cita apa bae kasembadane de dhasari, teku, teken,tekan. Ngganuwa esih padha kemutan. Wis tek omongna nengarep
Jenenge bae falsafah, arep de omongena manglur-manglur tambah mulur. Kejabane kuwe dudu ilmu pasti. Falsafah tumpeng neng Sudagaran Banyumas, urung karuwan padha karo falsafah tumpeng neng Sudagaran Purwakerta. Senajana padha-padha Sudagaran. Apa maning karo liya desa. Sudagaran Banyumas karo Sudagaran Purwakarta bae wis liya desa, ndadak de omongena apa maning karo liya desa.
Apa iya si. Ujarku padha-padha Sudagaran. Dadi bedha ngonon. Angger de goseki temenan falsafah tumpeng ya othak-athik-athuk. Utawa gothak-gathik-gathuk. Kiye othak-athik-athuke tumpeng.
Tumpeng : Angger wis kewetu, Kudu mempeng.
Kewetu maksude kewetu omonge, utawa kewetu karepe. Kewetu omonge, padha karo duwe niyat. Duwe kekarepan. Utawa duwe cita-cita, angger ora de landhesi niyat ya ora dadi. Kaya kuwe sebalike, mung niyat tok ora de barengi usaha, uga ora dadi.
Usaha sing temenan, nggethu, mempeng. Dadi wong cita-citane kesembadan, kudu mempeng usahane. Gampangane ya kerja keras. Usaha wajibe menungsa. Sing maringi Gusti, menungsa aja wedi usaha.
Kuwe tembung tumpeng : Angger wis kawetu, kudu mempeng. Kewetu : niyat, mempeng : usaha. Angger niyate kepengin terkabul, kudu usaha.
Banjur maning niyat tuli nawetu. Nawetu detambahi tembung mempeng dadine : tumpeng. Angger wis nawetu kudu mempeng.
Amna maning sing ngomong : tumpeng, angger kepengin metu kudu mempeng.
Metu sing de karepna,kepengin dadi wong tersohor, terkenal maring endhi-endhi. Dadi wong kuncara. Guli terkenal butul maring luwar negeri.
Lah angger kaya kuwe, mempenge dhobel. Mempeng-mempeng, dadi mempeng banget. Mbeke usaha ngomongbae,paling ora kudu teyengngomong telung bahasa. Bahasa Daerah, Bahasa Indonesia, Bahasa Luar Negeri. Modhal basa luar negeri ya basa Inggris. Maen maning angger teyeng basa luar, seliyane basa Inggris. Ngerti basane dhewek kudune ya wajib. Ngko neng kana-kana, basa Inggrise jegos, wong luar negeri takon basa jawa, wangsulane bules. Kaya kukus suluh teles de obong. (Darkam Anom Sugito/05)


Wis demuat nang Harmas 13 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...