METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

DOPOKAN

Obrolan gaya Banyumasan, mengangkat aneka ragam topik yang sedang hangat di masyarakat.

UJARE KANCA BATIR

Uneg-uneg pembaca Harmas melalui SMS.

GEGER MOWER

Berita-berita ringan yang dikemas dalam bahasa Banyumasan. Unik dan segar.

SENGGAK

Kritik atau sentilan dengan gaya menggelitik dalam format bahasa Banyumasan.

Showing posts with label Tamba Bengel. Show all posts
Showing posts with label Tamba Bengel. Show all posts

Friday, 23 October 2015

Nyekolahna SK Pegawai lan Pensiunan



MENUNGSA nang alam donya anane mung sawang sinawang, akeh brayat sing nggambarna pegawe negri ekonomine beres sebabe olih gajih wulanan malah ana gajih 13 lan kasil liyane. Lha .... angger wis mangsane pansiun jeremonge wong nganggur debayar senajan ora genep kaya dhong esih aktip dadi PNS. Ningen angger detlisik sing terwaca, akeh pegawai uga pensiunan uripe kerangla sebab akeh tanggungane kaya nyekolahna bocah, ana sing kudu nguliahna, nicil umah, nicil montor lan keperluan liyane sing ora denyana-nyana kaya kondhangan, lara abot, mbantu wong tua/sedulur lan tilik kanca/sedulur sing adoh.
Ana guyun maton sing jeremonge mambu-mambu “surve” nerangna lamona saben 10 pegawe/pensiunan sing 9 uripe kerangla alias “gali lubang tutup lubang” sebabe gajihane entong nggo werna-werna keperluan. Mula ora aneh angger nang kumpulan pensiunan utawa dopokan nang bank panggonan pegawe njikot kredit utangan, ana sing sepuluh taun malah akeh uga sing wis ngancik 30 taun esih “desekolahna” nang bank sebabe saben 2-3 taun denggo maning sing kewentar “kredit pembaharuan” alias nyontok utawa nambahi utang sing donge meh lunas ningen detambah detambah maning sebab yakuwe ana keperluan kaya mbayar kuliah, malah ana sing nlangsani maning kaya utang bank nggo mbayar utang maning nang njaba.
Prekara utang maring bank jane sah-sah bae angger genah manpangate aja nggo laku konsumtip. Jaman siki angger nyekolahna anak kudu preyatin lan mateng iguh pertikele, kadarannyekolahna nang tataran SMA utawa SMK wong tua saben dina cucul dhuwit nggo transport, jajan, apamaning angger sekolah 5 dina kudhu mangan nang sekolahan sing cacahe lewih sekang Rp. 20.000,- angger anake papat ana sing nang SMP, SMA uga kuliah wah..... akeh pisan brekutenge, mula laku preyatin pancen kudu delakoni paribasane sikil nggo sirah, sirah nggo sikil, entong alas entong umah gelem ora gelem kudu delakoni, kecaba wong tuane olih warisan utawa ana usaha liya.
Inyong dadi mikir, angger deetung-etung dadi pegawe mbuh kuwe golongan siji, loro utawa telu ora bakal cukup ngatur ekonomi, apa maning angger ora duwe iguh pertikel sing cespleng. Jajal deetung. Pegawe golongan telu umume olih gaji patang juta, angger olih jabatan eselon bisa nganti limang jutaan. Siki mayuh dejembreng; duwe anak telu sekolah kabeh nganti kuliah, terus nggo mangan pedinan, mbayar tlepun, listrik, PAM uga nggo tukubengsin, ngrumat umah, tuku klambi, kondangan, tilik wong lara, iuran lan arisan nganah ngeneh. Gunggung kemprung bisa lewih sekang pitung juta.
Mulane inyong gumun angger ana pegawe golongan telu duwe umah maglong, pit montore papat, mobile telu. Kuwe dhuwit sekang endi? Inyong ora gumun angger akeh kanca awit dadi bakalan pegawe (Capeg) nganti pensiun (purna) esih pada nyekolahna beslit (SK) nggo utang bank nutupi kebutuhan kluwarga. Ngonoh, rika gari padha milih endi....?
Lha ... jaman siki akeh pegawe utawa pejabat sing dekunjara sebabe yakuwe mau ora bersyukur lan ora gelem priyatin malah ngumbar kekarepan urip sing mewah ora ndeleng antara kebutuhan lan kasil ben wulane. Jaman siki uga akeh wong urip ora nrima ing pandum mula duwe kekarepan gedhe dilakoni nglangar ukum lan tindak kriminal ya.... pog poge mlebu kunjara alias debui. Mulamayuh sedulur urip sing prasaja bae aja ngosi kemrungsung kadaran nang alam donya mung mampir ngumbe, kanggo generasi nom-noman uga kudu duwe iguh pertikel sing mateng aja ngosi keblusuk kaya generasi tua sing siki akeh sing mlebu penjara sebabe yakuwe mau tindak korupsi kriminal lan nglanggar ukum liane. Tumrap pegawe utawa pensiunan sing nganti siki esih nyekolahnya SK ya aja cilik ngati angger wis mangsane lunas mengko toli balik maning lan angger umure wis tua SK wis ora payu nggo boreh utangan . Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015

Monday, 12 October 2015

Dopokane Blarak, Bluluk, Bleketepe lan Blokeng

MENUNGSA sing urip nang alam donya kudu titen maring sasmita, sanepa, perlambang lan kawruh bab alam seisine klebu wit-witan, kewan, gunung, segara, langit lan bumi. Kiye ana crita bab wit klapa....ya wit klapa sing thukul nang endhi bae nang kota utawa ndesa. Ningen urung akeh wong sing ngerti istimewane wit klapa, ana perangan-perangan sing dadi sanepa lan ora saben wit kaya klapa kiye.
Jajal mayuh depetani perangan-perangan kuwe, angger klapa esih pentil dejenengi bluluk, godhonge arane blarak dadi siji kambi blukang wite sing kuat tur atos nggo bahan blandar, blarake nggo gawe bleketepe ningen angger menungsa semblothongan nyigar dawegan utawa klapa delumahaken bae nang pekarangan arane blokeng biasane nggo umah blatung, klapa tua sing deparud nggo lenga klentik jenenge blotong wit klapa sing nduwur uga nggo menclok blekok...
Menungsa uga ngalab berkahe wit klapa nggo keperluan urip angger deetung lewih sekang seket barang lan panganan sing asale sekang wit klapa ... ora percaya mayuh deetung sing terwaca, contone klapa gunane nggo santen, srundeng, lenga, obat-obatan, kosmetik lan esih akeh gunane. Janur sing kuning nggo gawe klontongan kupat, umbul-umbul, penjor, wadah panganan, wadah sajen. Janur sing tuwa nggo gawe bleketepe gelaran kaya klasa, gedheg, payon gubuk lan liyane.
Siki ngentung liyane kaya tepes nggo keset, tambang pongkor, lan liyane sing terhormat yakuwe nggo jok mobil mewah....jeremonge jok sekang tepes lewih sehat lan awet tinimbang bahan liyane. Ana maning gunane bathok...jan pirang-pirang kaya nggo siwur, irus, bekong, centhong, asbak lan liyane. Siki ngetung barang sekang sadha...ana sapu sadha, sindik sate, sindik ondhol, bithing, kranjang lan akeh maning. Jajal....wis pira kuwe, esih ana maning barang sekang wite....kaya blandhar, usuk, reng, tabag, saka, nggo brug lan liyane.
Sawijining dina perangan wit klapa padha dopokan ngetokna jasane dhewek-dhewek, Blarak ngomong “Angger ora nana inyong menungsa ora bisa gawe kupat, bleketepe, brongsong nangka, tabag, payon gubuk lan liyane”, ujare bangga pisan. Ganti klapa (wohe) nimbrung “Apamaning angger ora nana inyong, menungsa ora bakal bisa mangan srundeng, gebing, nyanten, masak gorengan, umben-umben klapa nom lan mentega”, Si Klapa ora kalah banggane angger ngedhirna jasane.
Dopokane klapa kambi janur keprungu si glugu, ora kalah banggane ngomong “Angger ora nana inyong ora bakalan menungsa gawe umah sing apik lan kuwat sebabe bisa nggo blandar, usuk, saka, reng, tabag, kudha-kudha, pengeret lan liyane”, ujare si glugu mantep banget ngagul-ngagulna awake dhewek.
Manggar utawa bakalan woh klapa krungu uga ngomong lamona angger ora nana inyong bakul dhawet, gado-gado, pecel, pabrit kecap lan panganan liyane ora bisa ngunakna bumbon sekang gula klapa sebabe nyong sing ngasilna gula klapa utawa gula jawa, omongane manggar ora kalah banggane kambi liyane.
“Lah ....ngonoh ngedirna jasane maring menungsa, siki sapa sing gelem kurban kaya inyong”, wit klapa sing esih meger-meger ngomong lamona wit klapa sing dhuwur dhewek nang pekarangan sing nggo tumbal desamber bledeg nggo mbentengi wit-witan lan umah menungsa, pancen bener wit klapa sing dedheg lan piyadhege dhuwur dhewek sering desamber bledeg....lah kuwe pengorbanane mula perangan liyane kaya bluluk, janur, woh klapa, blarak, glugu lan liyane aja sombong ngetokna jasane maring menungsa, angger wite kesamber bledeg kabeh geseng, mati lan glugune ora kena nggo gawe bahan bangunan....jeremonge ora ilok.
Siki tugase menungsa aja gawe rusak maring wit klapa, esih mincis-mincis wis derampal janur kuninge, padha dokoh mangan dawegane lan pondohe urung umur wite detegor. Ganu malah ana kewajiban calon penganten angger agep nikahan ana syarate kon nggawa cikal klapa seperlu detandhur nang pekarangane Klilan. (Bambang S Purwoko)

Wis demuat neng Harmas 9 April 2015

Friday, 9 October 2015

Lakone Pegawe Blekethir, Ketara, Ketarik…Ketriwal

JAMAN  wis merdhika ora nana maning menungsa kerangla, kabeh wis ngrasakna keadilan, kudune ora nana uga wong sing ngethiplakna  siji lan sijine. Pamong praja uga adil maring bawahane, pimpinan perusahaan uga kudhu temindak adil maring buruh lan pegawene, juragan, mandhor, pengusaha lan sing kejibah dadi majikan aja sewenang-wenang...
Sering ana kedadean nang pomahan, akeh pembantu utawa rewang sing deaniaya, raine disretika, desiram banyu panas, desiksa ora olih mangan pirang-pirang dina. Khanna majikan sing cokannyiksa rewang uga salah sijining tindak nglawan ukum sing kewentar KDRT (Kekerasan Dalam Rumah Tangga), sapa sing nglanggar bisa depidhana abot.
Crita bab lakone wong cilik ora nana poge mbuh nang kota utawa nang ndesa. Kiya conto sing cokan marakna trenyuh angger ana wong mbranggawe mantu, nyunati utawa rapat lan pengajian, biasane nggo ngamanaken kahanan, parkir mobil lan montor ana petugas sing jenenge Hansip siki ganti jeneng Linmas. Jane tugas Linmas kuwe kon ngamanaken desa, gawe tentrem warga lan mbantu aparat keamanan, jenenge bae Linmas (Perlindungan Masyarakat).
Ningen wis salah kaprah angger ana keramean lan hajatan ora keri nyambat Linmas kon dadi tukang parkir, malah angger ora nana Linmas jeremonge ora mantep sing duwe gawe. Kaya kuwe ya ngonoh angger pada  sembada ngrumat pangane, honore lanmangsane mangan, medhang ya  aja kapiran. Sing sering kedadean petugas sing umume wis tua kuwe sering kapiran ketriwal angger ana bagian apa bae. Kiye sing kudu daemutna maring masyarakat aja cokan nyewiyah petugas sing jane kur mbantu ngamanken wong hajatan.
Kiye ana crita maning bab wong sing cokan ketriwal alias kapiran angger ana bagian. Nang kantoran pemrentah, swasta utawa perusahaan apa bae mesti ana karyawan utawa pegawe cilik sing ketelah “Blekethir” jane blekethir kuwe mangsud asline “buntut kethek cilik” malah ana sing ngomongna kuwe “sebangsa kethek” ningen nggo paraban utawa nggarnbarna pegawe rendahan utawa wong cilikan.
Akeh keprungu angger ana gegoh utawa rembugan antarane buruh, karyawan utawa pegawe, “inyongbleketir ya njagonge nang mburi, sering uga keprungu ... lha kiye sing nlasani, lah ... bangsa bleketir cokan ora nampa bagen, utawa nampa ya semendhing” lan esih akeh omongan liyane sing intine pegawe utawa buruh cilik cokan desepelekaken nang majikan uatawa pimpinane.
Sekang tembung blekethir kuwe ana poyokan lan wadhanan sing umum nang masrakat yakuwe nasibe wong cilik klebu bleketir jeremonge “ketara, ketarik lan ketriwal” mangsude angger ana salahe pegawe cilik mesti ketara lan desalahhaken, ketarik mangsude angger ana pegawean utawa sing kasar-kasar mesti ketarik kon maju dhisit utawa nggo pengandhele lan anggre ana bagian dhuwit utawa barang biasane ketriwal utawa deklalenaken alias ora deetung ... ya ketriwal, mula akeh sing ngangluh ningen wong wis sering kaya kuwe para bleketir ora kaget lan nrima ing pandhum.
Sing ngaku bleketir uga mayuh ngudi daya aja selawase urip nyandang pesuruh, tukang kebon lan tukang sapu, priyatin lan gawe prestasi men munggah pangkat utawa jabatan. Akeh wong sukses sing maune sekang pegawe cilik (bleketir) sebabe ana prestasine.
Jaman wis maju jeremone jaman repormasi aja ngosi keprungu maning nang kantoran, pabrik, perushaan lan panggonan usaha liyane keprungu wong sing “ketara, ketarik lan ketriwal kaya crita nyata mau sing sering kedadean anang masrakat. Klilan (Bambang S Purwoko/08)

Wis demuat nang Harmas 2 Juli 2015

Thursday, 8 October 2015

Angger Jawa Ala, Bangkok Maen

BANGSA Indonesia klebu wong Jawa jane kudu bangga maring kasil, potensi uga barang, kewan lan woh-wohan asli. Ningen seperangan warga esih ngagung-agungna barang, woh-wohan lan kewan sekang manca negara. Kiye  bukti nyatane, angger barange klas loro utawa ora unggul dejenengi Jawa, kaya gula Jawa, wedhus Jawa, lenga Jawa, asem Jawa lan ayam Jawa/ kampung, ningen angger nomer siji lan unggul dejenengi Bangkok, kaya ayam Bangkok, jambu Bangkok, duren Bangkok, lele Bangkok lan beras Bangkok ana maning sing sekang Jepang, ana suket/ rumput Jepang, semut Jepang, mobil Jepang lan montor Jepang.
Wong Indonesia uga esih seneng lan ngagul-ngagulaken barang gawean manca negara biasane sekang Amerika, Inggris, Jeman, Perancis lan Tiongkok kaya klambi, HP, sepatu, minyak wangi tekan kaos angger ana tulisane luar negeri rumangsa modern ora ketinggalan jaman.
Nang babagan panganan lan umben-umben uga akeh brayat sing lewih seneng lan marem angger mangan panganan sing jeremonge ala barat utawa mancanegara kaya ayam goreng Kentuky, inuman Coca Cola lan Hamburger. Ana maning panganan Jepang sing desenengi kaya Sukiyaki, Teriyaki, Shabu-shabu lan inuman Sake sing angger deukur kambi wong lumrah jane larange pol, ana sing seporsi ngosi Rp. 200.000,- nggo wong siji. Jajal angger dhuwit semono akehe detukokna panganan ala Indonesia mbokan cukup nggo wong seumah wareg.
Prekara demen maring panganan utawa kuliner khas daerah utawa Indonesia jane prelu dewiwiti sekang sekolahan kaya sing agi derintis nang tlatah Banjarnegara anane kurikulum muatan lokal “Dawet Ayu” sing prelu dengerteni lan deanggep umben utawa panganan khas sing wis puluhan taun ndadekna Banjarnegara kewentar dawet ayune. Mula maen pisan angger pemrentah lan sekolah-sekolah dewajibna nguri-uri babagan kuliner kaya  dhawet nang kurikulum muatan lokal.
Muatan lokal uga wis suwe deanakna nang tlatah Solo lan kiwa tengene kabupaten yakuwe muatan lokal “Batik”, para siswa kon seneng mbathik uga nganggo seragam bathik. Saking pentinge bathik sing adhiluhung lan potensial nang tlatah Solo ana SMK Batik sing ndidik bocah sekolah mengkone berwiraswasta nang industri batik men ora ilang budaya mbatik lan desrobot negara liya kaya keris, tari reog Ponorogo lan lagu-lagu khas daerah sing desrobot nang Malaysia.
Upaya nguri-nguri budaya lokal lan kuliner jane gampang angger kabeh gelem temandhang, mayuh jajal angger nang kantor pemrentahan utamane nang tataran kabupaten angger ana tamu lan nyuguh tamu sekang njaba tlatah Banyumas kaya acara study banding, kunjungan kerja lan upaya ngangsu kawruh aja wigah wigih desuguh bae kambi mendoan, kripik, gethuk goreng, nopia, jalabia, klepon lan panganan khas Banyumas.
Seliane nyuguh tamu, saben dina nang kantor kecamatan, dinas lan pendapa kabupaten ana rapat-rapat dinas lan rapat-rapat kordinasi sing prelu medangan, jajal suguhane rapat aja roti-rotian gawean toko sing regane lewih larang. Laku nguri-uri panganan lokal uga prelu nang panggonan resepsi wong mbaranggawe kaya mantu, ngundhuh mantu, sunatan lan liyane, tamu-tamu seperangan gedhe lewih seneng njikot panganan kaya mendhoan, jalabia, dhage, klepon lan panganan tradisional liyane. Angger kemasane maen mesti ana daya tarike wong seneng maring kuliner tradisional.
Mula mayuh para sedulur, aja rumangsa isin nyuguhna panganan tradisional sing nJawani lan mBanyumasi, aja isin dearani kampungan lan selera kuna sebab apa sing ana nang tanah Jawa jane lewih sehat angger ngolahe bener, sebab biasane panganan tradisional ora nganggo bahan pengawet, bahan pewarna lan bumbu-bumbu sing marakna tekane prenyakit.
Wong Jawa uga kudhu nguri-uri potensine aja isin angger dearani “Jawa koek”.... utawa lah ora modern angger udu gawean pabrik lan manca negara, siki duren sing ngungguli enake tinimbang duren Bangkok wis ana nang Banyumas ketelah duren Bawor, ana uga lele Sangkuriang ora kalah kambi lele Bangkok lan woh-wohan liyane sing prelu nggo kebanggaan kaya apel Malang, Jeruk Lampung, Jambu Demak lan klengkeng Temanggung.
Pemrentah uga prelu miwite larangan impor woh-wohan sekang Cina, Amerika, Eropah lan Australia sing jeremonge malah ngandhung bakteri lan ora sehat depangan senajan barange menarik. Mula mayuh sedhulur tani lan sing nggarap kebonan woh-wohan terus ngupaya lan ngupakara tanduran woh-wohan asli Indonesia lan Jawa aja ngosi punah, aja ngosi anak putune inyong rika kabeh ing tembe mburi ngertine nang Indonesia anane mung jambu Bangkok, duren Bangkok, gandhul Kalifornia lan apel Amerika.
Para Wasis uga prelu nganakna budidaya men woh-wohan asli Indonesia bisa bersaing kambi luar negri, bibite uga unggul lan gampang rumatane, ya.....sepisan maning aja ngosi punah. Klilan. (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas tanggal 8 Oktober 2015 
Foto: Pepaya Kebumen
Sumber Foto

Wednesday, 29 July 2015

Pasare Sedawane Gili

BLAKA  baen, inyong dhong kuliah gemiyen kuwe ora lancar kaya dhongsekolah neng SR, SMP utawane neng SMA. Pokoke wektune lawas lah. Angger detakoni neng wong-wong, klebu neng ramane dhewek semaure ya gampang baen: “Lha sing kepengin mlebu neng Gajah Mada be akeh pisan tur padha kangelen koh sing wis neng jero kon cepet-cepet metu”.
Tapi alasan sing sebenere si udu kuwe, merga inyong kepengin nggolet pengalaman plesiran sing ora biaya dhewek lan baline olih sangu. Mulane inyong banjur ndaftar dadi tenaga survei, neng kantor konsultan usahane pak dosen RCPD (Research Center for Planning and Development). Ketampa. Lha molahi kuwe inyong dadi tenaga survey, sewulan neng lapangan 2 – 3 wulan neng studio (kantor) nyusun laporan. Kaya kuwe terus-terusan, kayong ora ana lerene, kluyuran nganah-nganah molahi sekang Jawa Tengah (klebu Purwokerto), Jawa Timur, Sulawesi, Kalimantan uga Sumatera Utara.
Inyong krasa mongkog pisan angger maca koran utawa ana wong crita lamona neng kota kiye ana proyek utawa pembangunan sing jebulane kuwe anu asil studi sekang inyong sekanca utawa inyong tau survei neng lokasi kuwe. Umpamane nen Purwokerto ya dalan Gerilya karo dalan Veteran (sekang Berkoh gutul Kalibogor), neng Solo ana perumahan Palur, neng Banjarmasin ana dalan ngubengi separo kota gutul pelabuhan Tri Sakti lan liya-liyane.
Sing arep tek critakna kuwe pengalaman (1980) inyong karo kanca batir survei neng kota Tebing Tinggi Deli Serdang Sumatra Utara. Mbuh survei neng endi baen masalah sing sepisanan kuwe masalah panganan lokal sing kurang cocog karo ilat inyong sing wong Jawa, mulane terus nggolet juru masak wong Jawa, olih ngakune wong Jawa umur watara 30 taun, ningen mbareng nyicipi olah-olahane, ora cocog. Mbareng detakoni jebule sing asli Jawa kuwe kaki-nini buyute sing asale sekang daerah Purworejo lan dheweke urung tau maring Jawa babar blas.
Survei langan, blusukan mlebu-metu lurung, nyathet kabeh sing perlu decathet, mung sing marahi ora kesel kuwe akeh bocah wadon , sing ngalong-along neng jendhela utawalawang karo mesem dheweke ngomong: “singgah bang”, inyong ya mung semaur kesuwun lah ya. Lha mbareng gutul nggon sing sepi bingung, nerusna apa mbalik. Sidane takon maring ibu-ibu, angger terus kuwe gutul ngendi. Lha wangsulane koh mung “pasar item”. Lha ya dadi tambah bingung maning, wong neng peta ora ana tandhane pasar ora koh ya.
Sidane inyong karo batir inyong nerusna laku, liwat lurung neng kebon karet. Suwe-suwe ketemu gili gedhe aspalan. Inyong karo batir inyong ya glithusan nggoleti pasar ireng, ora nemu.
Sejroning bingung glithusan kuwe, inyong gemuyu kelingan tangga kost (neng Yogya) sing asale sekang Medan. Sedurunge inyong mangkat survei dheweke crita lamona neng kana pasare kuwe sedawane gili. Miturut masarakat kana, sing demaksud “pasar” kuwe jane ya gili alias dalan. Lha angger pasar sing biasa nggo dodol utawa blanja kuwe desebut “pajak”. (05)

Anggitane Eyang Nardi - Pemerhati Budaya Banyumasan