Friday 23 October 2015

Nyekolahna SK Pegawai lan Pensiunan



MENUNGSA nang alam donya anane mung sawang sinawang, akeh brayat sing nggambarna pegawe negri ekonomine beres sebabe olih gajih wulanan malah ana gajih 13 lan kasil liyane. Lha .... angger wis mangsane pansiun jeremonge wong nganggur debayar senajan ora genep kaya dhong esih aktip dadi PNS. Ningen angger detlisik sing terwaca, akeh pegawai uga pensiunan uripe kerangla sebab akeh tanggungane kaya nyekolahna bocah, ana sing kudu nguliahna, nicil umah, nicil montor lan keperluan liyane sing ora denyana-nyana kaya kondhangan, lara abot, mbantu wong tua/sedulur lan tilik kanca/sedulur sing adoh.
Ana guyun maton sing jeremonge mambu-mambu “surve” nerangna lamona saben 10 pegawe/pensiunan sing 9 uripe kerangla alias “gali lubang tutup lubang” sebabe gajihane entong nggo werna-werna keperluan. Mula ora aneh angger nang kumpulan pensiunan utawa dopokan nang bank panggonan pegawe njikot kredit utangan, ana sing sepuluh taun malah akeh uga sing wis ngancik 30 taun esih “desekolahna” nang bank sebabe saben 2-3 taun denggo maning sing kewentar “kredit pembaharuan” alias nyontok utawa nambahi utang sing donge meh lunas ningen detambah detambah maning sebab yakuwe ana keperluan kaya mbayar kuliah, malah ana sing nlangsani maning kaya utang bank nggo mbayar utang maning nang njaba.
Prekara utang maring bank jane sah-sah bae angger genah manpangate aja nggo laku konsumtip. Jaman siki angger nyekolahna anak kudu preyatin lan mateng iguh pertikele, kadarannyekolahna nang tataran SMA utawa SMK wong tua saben dina cucul dhuwit nggo transport, jajan, apamaning angger sekolah 5 dina kudhu mangan nang sekolahan sing cacahe lewih sekang Rp. 20.000,- angger anake papat ana sing nang SMP, SMA uga kuliah wah..... akeh pisan brekutenge, mula laku preyatin pancen kudu delakoni paribasane sikil nggo sirah, sirah nggo sikil, entong alas entong umah gelem ora gelem kudu delakoni, kecaba wong tuane olih warisan utawa ana usaha liya.
Inyong dadi mikir, angger deetung-etung dadi pegawe mbuh kuwe golongan siji, loro utawa telu ora bakal cukup ngatur ekonomi, apa maning angger ora duwe iguh pertikel sing cespleng. Jajal deetung. Pegawe golongan telu umume olih gaji patang juta, angger olih jabatan eselon bisa nganti limang jutaan. Siki mayuh dejembreng; duwe anak telu sekolah kabeh nganti kuliah, terus nggo mangan pedinan, mbayar tlepun, listrik, PAM uga nggo tukubengsin, ngrumat umah, tuku klambi, kondangan, tilik wong lara, iuran lan arisan nganah ngeneh. Gunggung kemprung bisa lewih sekang pitung juta.
Mulane inyong gumun angger ana pegawe golongan telu duwe umah maglong, pit montore papat, mobile telu. Kuwe dhuwit sekang endi? Inyong ora gumun angger akeh kanca awit dadi bakalan pegawe (Capeg) nganti pensiun (purna) esih pada nyekolahna beslit (SK) nggo utang bank nutupi kebutuhan kluwarga. Ngonoh, rika gari padha milih endi....?
Lha ... jaman siki akeh pegawe utawa pejabat sing dekunjara sebabe yakuwe mau ora bersyukur lan ora gelem priyatin malah ngumbar kekarepan urip sing mewah ora ndeleng antara kebutuhan lan kasil ben wulane. Jaman siki uga akeh wong urip ora nrima ing pandum mula duwe kekarepan gedhe dilakoni nglangar ukum lan tindak kriminal ya.... pog poge mlebu kunjara alias debui. Mulamayuh sedulur urip sing prasaja bae aja ngosi kemrungsung kadaran nang alam donya mung mampir ngumbe, kanggo generasi nom-noman uga kudu duwe iguh pertikel sing mateng aja ngosi keblusuk kaya generasi tua sing siki akeh sing mlebu penjara sebabe yakuwe mau tindak korupsi kriminal lan nglanggar ukum liane. Tumrap pegawe utawa pensiunan sing nganti siki esih nyekolahnya SK ya aja cilik ngati angger wis mangsane lunas mengko toli balik maning lan angger umure wis tua SK wis ora payu nggo boreh utangan . Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...