Si Inem Ora Olih Mlowes Ora Olih Wedhakan

NGGOLET kodhean jaman siki jan...angel pisan, nang kantoran angger ora duwe beking lan pengalaman ora bakalan ketampa dadi pegawe, mlebu PNS utawa ASN (aparatur Sipil Negara) lewih angel maning ujiane, arep tani ora duwe sawah, arep melu transmigrasi depenggak....jere gemblung-gemblung ari rubung, mangan ora mangan angger kumpul.
Kiye crita bab kodhean dadi pembantu rumah tangga alias rayat alias rewang kaya sing delakoni nang Si Inem bocah wadhon umur 20 an tahun tamatan SD, bocahe bongsor nggo ukuran ndesa lumayan.....jeremonge mlowes tur semanak grapyak.
Umume bocah wadhon nang desa jane Inem wis pantes umah-umah, ningen dheweke urung niat, tekade agep nggolet kodhean nang kota....angger bayarane lumangyan jeremonge agep decelengi nggo masa depan. Gancaring crita, Inem delantaraken ngodhe nang kenalane ningen kon dadi rayat alias rewang nang umaeh juragan beras sing sugih nang kota Purakerta. Tinimbange nganggur lan kesel ngalor ngidhul nggolet gawean sing kepenak ora nemu mula Inem gumolong karep gelem ngewula dadi pembantu keluargane juragan beras sugih.
Dasar Si Inem bocahe besus agep mingser sedela bae dandhan, wedhakan lan bengesan (lipensetipan) katon mlowes. Nembe ngodhe seminggu bae wis ana wong lanang sing lirak-lirik. Sawijining dina Inem dekongkon tuku sabun maring warung sing ora adhoh sekang omaeh majikan, kejaba pupuran thewak-thewok, Inem uga nganggo rok sing cekak. Nembe mlangkah nang arep umah, majikan wadhon aruh-aruh “Ko nang kene agep dadi pembantu apa agep nggodhani wong lanang Nem, dandanane kaya agep lunga pesta kadaran tuku sabun baekoh ndadak bengesen lan pupuran,” ujare majikan wadhon songol kambi aruh-aruh si Inem sing cengar-cengir thok.
“Molai ngesuk ko ora kena wedhakan maning, nganggo klambi ya sing landhung,” majikan wadhon nggetak si Inem kon aja dandhan mlowes, ora mung kaya kuwe si majikan wadhon uga curiga mbok sing lanang uga kepencut kambi si Inem.
Sawijining dina, Inem mecahna piring, jan-jane ora sengaja. Agi pas bersih-bersih meja sewise majikane nyore Inem nyenggol piring siji. Pancen nggole ndelah piring nggamblik nang padhon meja. Tangan tengen nyawel gelas, apese tangan kiwe nyampluk piring kuwe. “Krompyang”.....suarane tekan kamare majikan wadhon. Ora let suwe ana swara ngorong-ngorong sekang senthong “Matane dedelah nang endhi.....ngonoh depecahi kabeh,” ujare majikan wadhon kedhawan gagang.
Let rong dina bubar mangan awan majikan wadhon kadingaren gelem ngrewangi Inem ngekesi piring, ningen uga agi apes ndean “Krompyang” seru banget swarane merga sing pecah piringe loro. Kebeneran majikan lanang agi nang umah wong dina Minggu. Senajan krompyange lewih seru ningen ora nana wong ngorong-ngorong kaya winginane. Majikan lanang paham banget maring wateke sing wadhon terus aruh-aruh “Bu....Inem mecahna piring maning ya?” ujare majikan lanang ngledhek deneng ora nana wong ngorong-ngorong angger ana piring pecah.
Majikan wadhon meneng bae ora kemecap kambi nuturi beling. Kambi menjap-menjep majikan lanang ora wani aruh-aruh. “O....ibune to sing mecahna, mulane angger wong agi apes aja cokan maido,” majikan lanang ngemutna maring bojone angger nyambut gawe sing ngati-ati. Sing mangsuli malah si Inem “Nggih ndara kula nggih janji mboten ajeng mecahaken grabah malih”.
Pancen angger depikir sing jero antarane pembantu kambi majikan kudu ana pengerten hormat menghormati, majikan butuh derewangi apa maning angger lanang wadhon ngodhe jan....repot pisan. Pembantu butuh kodhean nggo nggolet kasil. Aja ngosi ana kedadean pembantu desiram banyu panas sebabe salah, ana maning pembantu desiksa ora dewehi pangan, akeh maning pembantu desetrika awake ngosi mlepuh.
Jaman siki apa maning nang kota nggolet pembantu RT angele pol, ana sing nembe rong ndina nyolong mas-masane majikan, nyulik anake majikan lan tindhak kriminal liyane. Mula angger milih pembantu uga selektip ngati-ati, detlisik endhi alamate, sapa sing tanggung jawab nggoletna, lan genah jatidirine aja asal comot mengko bisa brabeh. Angger nang desa tah biasane sing rewang tangga pedhek genah jluntrunge, asal debayar murwat ya beres. Klilan (Bambang S Purwoko/08)    

Wis demuat neng Harmas 18 Juni 2015 

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...