Kudune Kesuwun maring Wong Tua Mahasiswa

KOTA  Purwokerto beda karo kota liyane. Akeh dhuit mlebu sekang njaba Kabupaten. Kaya dene dhuite para wong tua mahasiswa sing dekirimna nggo anake sing kuliah neng Unsoed, UMP, STIKOM, Unwiku lan sepenunggale. Pendheke, angger Kota liyane ngalami distorsi utawa bias ekonomi, ningen Purwokerto kosokbalene. Palah nekakna dhuit sekang njaba Kabupaten.
Dhuit sing dekirim sekang para wong tua mahasiswa njaba Kabupaten Banyumas nggo 35.000 mahasiswa.   Angger sewong tua mahasiswa ngirime sejuta, dhuit sing mlebu 35 milyar sewulan. Dhuit semana akeeh kuwe dhuit lanange Pemkab lan masyarakat Banyumas, merga dudu dhuit APBD (dhuit wadon). Kabeh neng para mahasiswa nggo bayar kost-kostan, nggo bayar pecel lele, bayar foto copy catetan kuliah, lan nggo bayar apa bae.
Beda kota liya sing akeh pabrit duweke wong njaba Kabupaten. Bathi pabrite  deboyong maring Korea, Tiongkok, Jepang lan liya negara. Desinggahna sethithik kur nggo ngajih buruh pabrit lan mbayar pajek. Dhuit sekang para wong tua mahasiswa sing padha kuliah neng perguruan tinggi Purwokerto bener-bener ngugemi gumregaeh ekonomi kerakyatan.
Senajana akeh dhuit lanang kanggo ngrembakane sektor riil neng Purwokerto, masyarakat Purwokerto uga perlu ngimbangi. Yakuwe kudu ningkatna  produktivitase lan ngedunna konsumtipe. Ningkatna produktipitase, kudu lewih giat makarya. Sing padha dagang, kudu lewih giat kulakan bahan mentaeh lan barang dagangane, supaya ulih rega murah. Uga kudu nggolet buangan langsung prodake supaya ora kecaloan ben bathine lewih akeh.
Ngedunna konsumtipe, aja padha tuku barang mewah sing ora perlu. Lewih apik nuku barang sing fungsional. Lan aja padha hedonis, sing cirine ngagul-agulna keindahan tampak luar lan materialistis.
Ningen, apa masyarakat lan Pemkab Banyumas wis tau ngucap kesuwun kanti resmi maring para wong tua mahasiswa sekang njaba Kabupaen Banyumas utamane  para wongtua mahasiswa Unsoed sing kontribusine paling akeh neng forum resmi? Angger durung tau, amrih apike  manjuh saben ana acara wisuda padha ngucap kesuwun maring para wong tua mahasiswa sing wis nyata-nyata melu nyengkuyung ngrembakane sektor riil . Lan sing wis nyata-nyata gawe gumrengsenge ekonomi kerakyatan. Sing ngucap kesuwun mantes-mantese ya masyarakat karo Pemkab Banyumas, utamane Bupatine.
Seedhela maning Unsoed arep nganakna Wisuda lan Munas Alumni. Amrih apike Pak Bupati Ahmad Hussein ngrawuih acara wisuda, lumantar acara khusus “thanksgiving day” utawa “gathering” para wong mahasiswa, masyarakat Purwokerto lan jajaran birokrasi Pemkab Banyumas. Neng acara kuwe, Pak Ahmad Hussein atur matur nuwun sekang  jajaran Pemkab lan masyarakat, banjur ngalungi roncean kembang maring perwakilan wong tua mahasiswa. Lan aja kelalen, ngucap maturnuwun maring Pak Rektor Unsoed sing makili jajaran Unsoed.
Acara kaya kuwe angger bisa kaleksanan apik banget, bisa kanggo maknani gedhene sumbangsih Unsoed lan perguruan tinggi liyane melu nyengkuyung ngrembakane sektor rill neng Purwokerto.
Apik angger ide lan gagasan nganakna “thanksgiving day” utawa “gathering” bisa kaleksanan. Ora kaleksanan ya  ora papa. jajaran birokrasi Pemkab Banyumas. Neng acara kuwe, Pak Ahmad Hussein atur matur nuwun sekang  jajaran Pemkab lan masyarakat, banjur ngalungi roncean kembang maring perwakilan wong tua mahasiswa. Lan aja kelalen, ngucap maturnuwun maring Pak Rektor Unsoed sing makili jajaran Unsoed.
Acara kaya kuwe angger bisa kaleksanan apik banget, bisa kanggo maknani gedhene sumbangsih Unsoed lan perguruan tinggi liyane melu nyengkuyung ngrembakane sektor rill neng Purwokerto.
Apik angger ide lan gagasan nganakna “thanksgiving day” utawa “gathering” bisa kaleksanan. Ora kaleksanan ya  ora papa. Kadar asal usul ikih.. (Hari Widiyanto/05)

Wis demuat nang Harmas 20 Agustus 2015

1 comments :

  1. yong...sing arane panggonan kuliner utawa nggon madhang medang njeprah pisan neng Purwokerto lan Banyumas umume. Sing tek gumuni ya payuuu bae koh. Mbarang tek titeni, kayonge 50% sing padha berpartisipasi pancen sekang mahasiswa/i. Suwun lik admin atas postingane.

    ReplyDelete

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...