Komite Sekolah Kudu Mbantu Wali Murid

GEGOH bab tarikan dhuwit nang sekolahan SMP, SMA lan SMK taun kiye kayong geger mower lan kedawan gagang angger derembug, awit kuna lereng sing jenenge tarikan, luran lan sumbangan nggo sekolah wis umum ana sing jeremonge uang gedhung, seragam sekolah, gawe kantin, perpustakaan lan pager keliling mesti nggo sebab narik dhuwit maring wali murid/masrakat sing ngedreng anake sekolah, lewih-lewih nang sekolah favorit jan .... ora kena deenyang babar jit.
Inyong sing manten Ketua BP3 (siki Komite Sekolah) nang SMP N 2 Purwokerto, Manten Ketua BP3 SMA N 4 Purwokertouga Koordinator BP3 se Kabupaten Banyumas (siki Dewan Pendidikan) nang era tahun 1990 an rumangsa trenyuh anane tarikan werna-werna sing derasa abot nang masrakat. Pengalaman inyong ganu rembugan bab tarikan kudu terwaca lan ora grusa-grusu ngemuti lamona masrakat ora kabeh sugih, malah angger deetung lewih akeh sing kerangla apamaning angger sing duwe anak akeh, ana sing kudu nang SMP, SMA lan SMK rombongan olehe mumet.
Wektu semono, inyong angger mimpin rapat pleno antarane sekolah lan wali murid ora age-age ngenthok palu mutusna ningen musyawarah mupakat men kabeh bombong, sekolah bisa nyukupi kebutuhane wong tua/wali murid ora kabotan mbayar iuran utawa tarikan. Angger dhong rapat inyong sering “dekroyok” lan akeh protes sing intine Ketua BP3 (Komite Sekolah) aja nemen-nemen ngemblok maring Kepala Sekolah, kudhu tiba tengah. Dhasar wong akeh rapat pleno BP3 kadhang ngosi sedhina mbetetet, alot lan nguras tenaga uga pikiran, ningen angger wis putus kabeh padhasalaman ora nana maning suara nang njaba sing gawe gegoh sebab uneg-unege wis tuntas nang rapat pleno mau.
Alam siki nang tahun 2015 kiye kayong peran lan fungsine Komite Sekolah esih akeh sing destir nang Kepala Sekolah, ana sebabe yakuwe Ketua Komite Sekolah udu sekang wakile wali murid/wong tua, ningen tokoh masyrakat utawa praktisi pendidikan. Wektu inyong dadi Koordinator BP3 se Kabupaten Banyumas weling maring para Kepala Sekolah Negeri angger bisa Ketua BP3-ne sekang wali murid asli men bisa ngrasakna pait getire wong nyekolahna anak.
Tarikan sing gedhene ngosi Rp. 5. Juta malah ana sing lewih gedhe jane bisa dekurangi angger ana iguh pertikel lan prioritas kaya ora prelu gawe kantin, ora prelu gawe ruang perpustakaan, ora prelu gawe tembok keliling lan ngrehab bangunan. Anggere deetung temenantemenan tarikan nang SMK, SMA lan SMP jane ora ngosi jutaan perak, apamaning angger seragam sekolah deserahna bae maring wong tuane.
Tarikan sing pancen kudhu debayar kaya praktikum, tuku komputer, OSIS, Pramuka, lomba-lomba lan kegiatan sekolah liyane pancen ora kena deenyang. Kepala Sekolah uga kudu wicaksana angger ana wali murid sing kerangla kon gawe surat keterangan mlarat utawa nyicil sekuate aja desrambah uyah, mesti ora bakal gegoh. Malah siki bab tarikan lan iuran nang sekolahan wis delaporna maring Kejaksaan Purwakerta nang LSM Gebrak mula sapingarepe kudu ngati-ngati maning aja ngosi kenang denda lan kenang perkara.
Kuwe bab tarikan, jane esih ana maning bab sing lewih penting nang jagat pendhidhikan yakuwe nguataken papat pilar sing kawogan ndidik bocah sekolah sing misuwur lan kudune kabeh ngerti, 4 pilar pendhidhikan kuwe sepisan pemrentah, nomer lorosekolah, ping telune masyarakat lan ping pate wong tua kiye uga wis diamanataken liwat UU SISDIKNAS (Sistem Pendidikan Nasional) supayaha papat pilar kuwe bisa gumolong karep (sinergi).
Mula mayuh para sedulur, utamane wong tua aja pisan-pisan “pasrah bongkokan” maring sekolah gole ndidhik bocah, sebabe nang sekolahan mung etungan jam sing rasane kurang. Mula angger wis niat nyekolahaken bocah ora wigah-wigih komunikasi kambi sekolah men klop antarane sekolah lan wong tua. Wong tua uga kudu emut lamona anak/bocah kuwe titipane Gusti Allah sing kudu degulawentah kanti becik, bocah sing mengkone dadi generasi penerus mbutuhna peran nyata sekang wong tua/bapak-ibu lha sekolah nuntun kon melek ilmu, pinter olah pikire ..... ora mlondho.
Angger ana salahe si bocah/anak, wong tua kudu wicaksana aja ngosi mbleret semangate uga aja ngosi kewetu tembung “bocah goblog”, “bodho kaya kebo” lan sumpah srapah liyane sing bisa gawe ciut pikiran lan wateke bocah sing pancen nalare esih cethek.
Nggo kaca benggala sapengarepe, angger ana rapat pleno Komite Sekolah aja mung ngrembug bab tarikan dhuwit ningen bisa deselingi kambi ceramah lan ular-ular sekang pakar pendhidhikan bab nggulawentah anak/bocah sing deniati saling asah, asih lan asuh, bab tarikan biaya derembug sing apik, musyawarah men kabeh marem ora nana sing wadhul maring anggota DPRD utawa nekani wartawan kon detulis. Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 6 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...