Kiye Bojone Rika...

CRITA kiye jane kedadeyan nyata, inyong nyekseni dhewek, dadi senajan wis lawas, inyong tetep kelingan bae.
Wektu semana watara taun 1988-an, jamane Kabupaten Banyumas deprentah neng bupati Bapak Djoko Sudantoko almarhum (muga-muga jembar kubure... aamiin), persise ya esuk-esuk neng wulan Puasa wis meh bada.
Wektu semana neng kabupaten kena dearani dadi wong anyar, merga suwe (watara 25 taun) neng Jogja kuliah langsung ngodhe melu konsultan lan tembe balik kandhang maning. Sedurunge bali Purwokerto, inyong duwe pikiran lamona kanti pengalaman 15 taun melu konsultan inyong teyeng nyumbangna pikiran nggo kabupaten Banyumas.
Pas tanggal 20 Agustus 1988 inyong dejeki pak Indra (Ir Indrayana, Dekan FT. Unwiku) rapat neng kabupaten, persise neng gedung PKK perlu ngrembug babagan Master Plan Drainase Kota Purwokerto. Wektu semana Ketua Bappeda (pak Masdarsono) karo pak Bupati ya rawuh. Rapat kuwe sepisanan inyong melu rapat neng Kabupaten Banyumas. Kesempatan sing maen kiye tek dadekna momen nggo mamerna inyong kiye sapa. Kanti modal pengalaman taunan ngothak-athik masalah kota, inyong nyinaoni temenan materi rapat kuwe. Akeh cathetan sing tek tulis, idhep-idhep urun rembug, melu mbangun Banyumas.
Mriksani inyong ngomong sing kayane cocok karo penggalihe pak Bupati, ora let suwe, pirang dina sebubare rapat kuwe, inyong detimbali pak Bupati, sing maksude inyong kon ndandani rencana Pengembangan Loka Wisata Baturaden. Sewise tek sinaoni, dhasare anu wong ngeyelan, ibarate inyong kon ngalor tapi inyong malah mlaku ngetan. Kon ndadani rencana Loka Wisata, sing degarap malah Rencana Umum Tata Ruang Kawasan Wisata Baturaden, sing akhire malah detetepna dadi Perda Kabupaten Banyumas No. 9 tahun. Kanti anane perda kuwe pak Bupati malah dadi olih hadiah huwit (nggo ngleksanakna rencana) sekang menteri pariwisata bapak Soesilo Soedarman karo lahan sekang bapak Gubernur Jawa Tengah, sing siki dadi terminal Baturaden (cedhek gang Sadar). Terus sekang Pusat olih 3 proyek peningkatan jalan jurusan Baturaden.
Bar kuwe hubungan inyong karo pak Bupati dadi perek, sering deundang rapat neng kabupaten, malah angger pak Bupati arep paparan babagan Baturraden (mbuh neng daerah, Semarang utawane neng Jakarta) inyong kon ndherekna, jerene mbok ana pitakonan sing pak Bupati ora teyeng njawab inyong sing kon njawabna. Inyong gampang ketemu, sasate kapan baen lan neng endi baen bisa ketemu pak Bupati.
Sewijining esuk, ya pas nyedheki bada, inyong arep ngadhep pak Bupati, ningen neng plataran pendhapa wis akeh wong, kayane tukang becak karo tukang jaluk sing jerene anu arep padha deparingi zakat pitrah sekang pak Bupati. Inyong ngadeg nengkadohan karo ngematna. Ora let suwe pak Bupati, ibu Bupati mios sekang dalem kabupaten karo dekawal ajudan.
Sewise uluk salam pak Bupati molahi pidhato, sing maksude kanggone bupati anyar kepengin dadi wong Banyumas, kepengin dadi ramane wong Banyumas lan kepengin teyeng ngendika cara banyumasan. Pak Bupati uga ngendikakna asal-usule lan ora kelalen ngenalna garwane karo ngendika cara panginyongan: “Kiye bojone rika …”
Pesamuan sing maune anteng meneng dadi rame, wong-wong padha ngguyu cekakakan. Pak Bupati bingung ora ngerti kenang apa wong-wong padha gemuyu. Ajudane terus ngrisiki pak Bupati, lan mbuh apa sing deaturna ajudan. Sing jelas bar kuwe pak Bupati malah dadi melu nggujeng cekakakan. Esuk-esuk wetenge wis kaku ngrungokna pidhatone pak Bupati. (Ir Soenardi, MT/08)

Wis demuat neng Harmas 4 Juni 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...