Golet Rejeki Badan Toli Ora Dadi

KAWIT dina bada kepindho, bapane karo biyunge Blokeng njajal melu nggolet rejeki. Mlayune maring panggonan keram ean sing ora patia adoh sekang umah. Bapane delakoni  nyewa grobag montor nggo nggawa dagangan panganan.
“Apa ora kesel bapane biyunge aben ndina ndhandheng?” takone Blokeng maring bapa biyunge.
“Kesela ya kudu dilakoni, wong jaragan tanggal tua warung ya sepi,” jere biyunge negesaken.
“Dari cara ilmu ekonominya, bapane karo biyunge jemput bola ya,. Ningen dodol camcau apa badheg egin payu?” Blokeng ngomong maning.
“Mbuh apa arane, sing wigati jenenge menungsa ya kudu usaha,” jere bapane.
Nembe dilakoni pirang dina, wingi ngasi sep,  bapa biyunge urung bali. Blokeng sing nembe reuni batir SD, weruh lawang ngarep esih detegi rapet, sepi mamring. Mung wedhus neng kandang mburi umah padha gedabigan reang pisan, kapiran durung dempani.
Lawang mburi sing mung decengkal kambi slumbatan klapa, bareng desurung bisa mbukak. Blokeng age-age adus gebyar-gebyur ngentongna banyu separo jedhing. Gole andhukan durung garing, banyu neng rambut esih pating krentes, Blokeng wis ngentasi memean.
Nembe arep mindhah kandang manuk ingon-ingone bapane, krungu swara sresete roda montor derem. Temenan, bareng delongok weruh bapane mudhun sekang grobag montor sing disupiri Rasim. Biyunge esih methungkrak neng dhuwur gandhengan  nyekeli rombong dodolan.
''Magreh, gageyan kiye biyunge detulungi aja kayong wong kamithotholen,'' jere biyunge weruh Blokeng sing esih ngadeg.
''Mengko dhisit, rombong abot kudu gotongan,'' bapane alok.
''Deneng dodolane esih wutuh yung, apa Curug Ceheng  ora rame?'' takone Blokeng ndeleng rombonge esih kebek.
''Domong sih domong, nggon plesiran wis mulai sepi. Wong akeh pemudhik sing bali merga mulai ngodhe,” semaure biyunge
Mangkane, petungane badane egin rame gutul dina setu, merga bocah sekolah mlebune dina Senen. Esih  rame dadi nyediakna dodolan camcau karo badheg sing pawitane ora perlu gedhe. Biyunge gawe camcau dhewek, wong duwe tandhuran godhong cau neng iring ngumah. Badheg uga njukut rong pongkor sekang wit klapane dhewek. Nggo ngangkut dodolan, bapane nyewa grobag motor sing biasa nggawa bahan bangunan.
“Bosa depikir, bener warah omongane Blokeng. Jaman siki dodol camcau karo badheg  wis kurang sing padha tuku. Beda karo wong dodolan teh gendhul sing dekum es. Dodolan neng nggon panas sing tuku gemreyek padha rebutan,” ujare Man Tano sing melu ngedhunaken dagangan.
“Dodolan teh gendhul pawitane pira, ora sedheng satus ewu,” ujare Bapane Blokeng ngrumangsani.
“Bada ke papat sangune wong ya wis mulai tipis,” biyunge nelu ngomong.
“Sing plesiran  wis ora ropyan-ropyan maning,” ujare Kang Rasim karo nggawa bali grobage.
Senajan  ndina-ndina bathine mung sepuluh rong puluh, esih desukuri bapane. Apa maning angger mikir bada siki wis kelangan dhuwit ngendheng-endhengnggo tuku keperluan liya. (08)


Wis demuat nang Harmas 23 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...