Setan Balong karo Macan Tutul nang Igir Gunung Slamet

TLATAH igir gunung Slamet kewentar alase esih prawan, akeh kewan, wit-witan gedhe, tuk banyu panas, gas alam lan uga panggonan wisata sing wis kawentar kaya Baturraden, Guci, Curug Cipendok lan liyane. Igir gunung Slamet pancen kudu derumat aja ngosi alase gundhul, lemahe gugrug lan alase kobongan. Wis puluhan tahun nang igir gunung ana kumpulan petani alas sing njaga lestarine alas seisine, kumpulan kadang tani mau jenenge Setan Balong....ya singkatan sekang Serikat Tani Hutan Banyumas-Pekalongan, Ketuane nyandhang gelar Presiden, mulaangger ana kumpulan pranatacara nyebut “Acara selajengipun inggih menika sesorah saking Bapak Presiden “Setan Balong”.... lha sing teka padha cekikikan...   ana Presiden teka nang tengah alas.
Serikat Tani Hutan Banyumas-Pekalongan kuwe duwe kewajiban gedhe, angger arep nandur palawija apadene pala gemandhul, pala kesampar lan pala kependhem nang sela-sela wit gedhe, lemah sing miring lan ora ngganggu wit-witan uga tuk sumber banyu sing nggo keperluan masrakat tapis wiringe kaya tlatah Cilongok, Pekuncen, Kedungbanteng, Baturraden lan kiwa tengene.
Kuwe mau crita bab Setan Balong, nang igir gunung Slamet ana crita maning sing merguyokna, mangsan grubugan lisus utawa angin ribut ana kedhadean wit gedhe lan umah padha rubuh deterjang lisus. Ningen ana umah siji sing wutuh yakuwe umaheKang Sukro. Marabaya angin lisus uga narik kawigaten Wartawan lan warga tangga teparone padha njaluk miterang “Kang umaeh rika koh esih wutuh ora rubuh, duwe aji-aji apa duwe jimat apa ?”, ujare para warga klebu para Wartawan.
Kesuh detakoni lan dewawancarai, sing duwe umah mlebu maring senthong nggawa bungkusan tas kresek isine puluhan bungkus jamu tolak angin lan jamu singkir angin. “Kiye sing marakna umaeh inyong ora rubuh egin wutuh, ana jamu tolak angin ana jamu singkir angin”, ujare sing duwe umah songol. “Oh kaya kuwe ya Kang.....pantesan lisuse detolak umaeh rika wutuh jetuh” ujare wong-wong sing teka. Ningen bareng detlisik umah mau ora rubuh jalaran mung kebeneran, sebab nggone nang legokan. Wahhh.....ana-ana bae, para warga lan wartawan terus lunga keliling maring panggonan sing morak-marik deterjang lisus. Kiye ana maning bab merguyokna nang tlatah igir gunung Slamet, masrakat pancen umume wong tani lan usaha ternak sapi utawa wedhus. Warga dekon maro utawa nggadhuh, alias bagi hasil kambi pemerintah. Dinas Peternakan Banyumas prentah kon gemi lan jujur angger nggadhuh sapi utawa wedhus mengkone nggo gentenan alias bergulir nggo warga liyane men rata.
Yah....dhasar adhoh ikih nang tengah alas angger ana peninjoan sekang Dinas Peternakan lan takon apa wis padha manak wedhuse lan wis pira cacahe. Petugas uga aweh penyuluhan lan kawruh bab ngingu wedhus utawa sapi. Bareng wis crita ngalor ngidhul, petugas peternakan takon maring salah sijine warga penggadhu “Deneng wedhuse kurang siji kang, apa mati,” pitakone petugas peternakan titen wong cacahe lima koh kur gari papat.
“Anu...anu pak, wedhuse depangan macan” ujare wong sing ngingu wedhus. “Oh....ya wis, mangsude rika wedhuse depangan macan tutul, ya? alias detutul kecap ya”, petugas peternakan ngledhek lan apal polahe peternak kuwe. Yaa.... sing jelas ora depangan macan tutul beneran, jebule desembeleh lan desate detutulna maring kecap. Jan ....ana-ana bae.
Wong wedhuse akeh nganti atusan, Petugas Peternakan keliling maning maring panggonan liya. Ora beda kambi sing depangan macan “Tutul” akeh pelaporan lamona wedhuse ilang telu, ana sing mati kendhat, ana sing wuru (mendhem) lan decolong gentho. Olih pelaporan sing werna-werna lan ora nyenengna, Petugas Peternakan pamit agep bali maring kantor, ningen ana warga sing menggak kon mampir maring umaeh ngiras ngaso kambi mangan awan.
Dasar weteng kroncongan ngelih lan ngelak petugas-petugas peternakan ngiyani lan mampir maring umah salah sijine warga penggadhuh, suguhane mangan werna-werna .....lan ana lawuh gulekambi sate wedhus, para petugas pandheng-pandhengan ndeleng gule kambi sate wedhus....apa kiye wedhus sing degadhuh terus desembeleh nggo suguhan. Tela.... bareng agi dhokoh mangan sing duwe umah ngomong terus terang “Niki wau wedhus gadhuhane wuru, tinimbang mubazir mboten ketulungan terus kula sembeleh mawon, ningen kula ajeng tanggel jawab nglintu lan kula janji badhe ngatos-atos nyukani pakan”, ujare si penggadhuh blaka suta mbombongna petugas peternakan. Wah....nggih mboten napa-napa angger sampean tanggel jawab. Mungkur sekang umah sedalan-dalan petugas peternakan ngundharasa, moga-moga ora kenang pasal gratifitasi....mangan wedhus perweweh...lan wedhus gadhuhan maning senajan ora sengaja lan ora njaluk. Klilan (Bambang S Purwoko/08)


Wis demuat nang Harmas 23 JUli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...