Dina Tani Nasional Apa Kudu Demo?

TANGGAL  24 September 1960, jan-jane dina laire  UU Pokok Agraria (UUPA). Ningen dadi babak anyar bab pentinge  peran karo posisi petani. Mulane tanggal kuwe siki dipengeti  minangka Dina Tani Nasioanal. Ningen apa pengetan Dina Tani kudu nganggo demo?
Petakonan sing lewih wigati kenangapa Dina Tani Nasional kudu dipengeti?  Sepisanan,  semangate pertanian kuwe penting. Ngrembug  pertanian kuwepadha karo ngrembug plekara pangan. Bung Karno tau ngomong, “pangan kuwe plekara urip karo mati mati.” Jajal  bayangaken angger sedulur  tani padha mogok ora nandur pari semangsa bae. Pancen sedulur tani sing aweh pangan dunya.
Pangan siki dadi omongan  sing wigati neng  abad kiye, kejaba energi karo rubahe mangsa.Akehe menungsa nang  planet bumi kiye ngasi  7 milyar jiwa. Nang tahun 2050 maqlah kira-kira cacahe menungsa wis ngasi 9,5 milyar.  Penduduk Indonesia siki wis  237 juta jiwa, nek dejorna bae bakal dadi 475 juta jiwa nang taun  2054Mulane, gelem ora gelem negara kudu nyedhiani pangan kanggo waregane..
Kepindho, Dina Tani Nasional kudu dadi  kaca benggala nggo  evaluasi. Jane apa bae sing wis bisa diranggeh? Sejatinya esih akeh pegawean sing kudu dirampungaken. Antara liya plekara kurang pangan, rubahe titi mangsa global, mangsa garing kari esih impor bahan pangan. Ora keri plekara swasembada sing ora nana mandhege karo golet bahan pangan  seliyane beras.
Pertakonan liyane, apa siki sedulur tani wis sejahtera? Akeh pengamat sing ngomong, kebijakan pemrentah urung bisa ngangkat nasibe sedulur tani, apamaning nelayan.Jere ketua KTNA (Kontak Tani Nelayan Andalan), sedulur tani Indonesia urung dilindhungi kanthi layak, apa maning maring serbuan produk impor.
Mulane dadi lumraha Hari Tani Nasional seringe  ditanggapi kanthi aksi. Protes nang endi ora. Kiye merga kebijakan pemrentah esih setengah ati gole mbela sedulur tani. Mangkane presidene bae doktor lulusan  Institut Pertanian Bogor. Terus kepriwe  sarjana-sarjana pertaniane?. (dw/05)

Wis demuat nang Harmas 10 September 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...