Monday 5 October 2015

Bathik Banyumasan Ana kawit Jaman Diponegoro

Bathik Banyumasan
TANGGAL 2 Oktober 2015, rong minggu maning, wong padha ngrayakaken Hari Batik Nasional. Neng dina kiye kabeh warga aja ngasi kelalen nganggo klambi bathik, karya asli bangsa Indonesia. Klebu tlatah Banyumas, uga kawentar dadi pengasil bathik tradisional.
Sejarah Bathik Banyumas karo perkembangane,  mula-mula pusate neng  dhaerah Sokaraja. Sing nggawa kuwe pengikut-pengikute Pangeran Diponegero serampunge peperangan tahun 1830. Akeh-akehe bekas prajurit mau padha manggon neng dhaerahBanyumas.
Salah siji pengikut sing kawentar wektu kuwe aran Najendra, wong kiye katelah sing ngembangaken bathik celup neng Sokaraja. Bahane mori sing detenun dhewek, obat pewarnane  nganggo wit tom, wit pace karo mengkudhu. Wit-wit mau bisa aweh werna abang semu kuning, sing dadi cirine bathik Sokaraja.
Suwe-suwe mbathik uga mrembet maring rakyat Sokaraja neng akhir abad  ke-XIX, malah padha hubungan karo tukang mbathik (pengobeng) dhaerah Solo karo Ponorogo.
Daerah pembathikan  Banyumas umume  ditengeri karo motif lan wama sing khusus, sing kasebut bathik Banyumas. Sewise perang dunya kesepisan (1919), warga China mulai melu nggarap bathik karo dagang  bahan sing diperlokaken.
Bathik banyumas akeh di pengaruhi sekang  budhaya Yogyakarta, Solo, karo Pekalongan.
 Ana sing nyewbut bathik Banyumas kuwe muncul merga anane  kademangan-kademangan neng  dhaerah Banyumas .Beda karo weton Sokaraja, bathik Banyumas akeh-akehe  nganggo werna soklat karo ireng.
Pola-pola sing esih ana gujtul siki antara liya sekar surya, sidoluhung, lumbon, jahe pugor, cempaka mulya, kawung jenggot, madu bronto, satria busana, karo piring sedapur.
Pengrajin bathik Banyumas nganti seprene ngetokaken pola sing wis ana karo gawe  motif anyar ningen esih bisa ketampa neng  pasar, tur tetep ora kelangan cirine sing khas. Bahan bathik Banyumas sekang mori sen, dobri, sutera, karo bahan paris. Cara nggawene ana sing nganggo cap, ningen bathik tulis ya esih ana. Bathik cap lewih murah, gawene uga lewih cepet. Beda karo  bathik tulis sing gole gawe lewih njlimet dadi suwe. Mulane  bathik  tulis duwe "kelas dheweki".
Kanggo wong sing ngerti bathik,  ora bakal kelalen bathik banyumasan pancen klebu karya unggulan. Bathikane alus, ora kalah karo bathik Solo karo Yogyakarta. Ningen bosa bathik cap  berkembang maju, bathik tulis sing regane larang dadi kalah karo bathik cap sing regane mandan murah. (dw/05)

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...