METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

DOPOKAN

Obrolan gaya Banyumasan, mengangkat aneka ragam topik yang sedang hangat di masyarakat.

UJARE KANCA BATIR

Uneg-uneg pembaca Harmas melalui SMS.

GEGER MOWER

Berita-berita ringan yang dikemas dalam bahasa Banyumasan. Unik dan segar.

SENGGAK

Kritik atau sentilan dengan gaya menggelitik dalam format bahasa Banyumasan.

Wednesday 29 July 2015

Pasare Sedawane Gili

BLAKA  baen, inyong dhong kuliah gemiyen kuwe ora lancar kaya dhongsekolah neng SR, SMP utawane neng SMA. Pokoke wektune lawas lah. Angger detakoni neng wong-wong, klebu neng ramane dhewek semaure ya gampang baen: “Lha sing kepengin mlebu neng Gajah Mada be akeh pisan tur padha kangelen koh sing wis neng jero kon cepet-cepet metu”.
Tapi alasan sing sebenere si udu kuwe, merga inyong kepengin nggolet pengalaman plesiran sing ora biaya dhewek lan baline olih sangu. Mulane inyong banjur ndaftar dadi tenaga survei, neng kantor konsultan usahane pak dosen RCPD (Research Center for Planning and Development). Ketampa. Lha molahi kuwe inyong dadi tenaga survey, sewulan neng lapangan 2 – 3 wulan neng studio (kantor) nyusun laporan. Kaya kuwe terus-terusan, kayong ora ana lerene, kluyuran nganah-nganah molahi sekang Jawa Tengah (klebu Purwokerto), Jawa Timur, Sulawesi, Kalimantan uga Sumatera Utara.
Inyong krasa mongkog pisan angger maca koran utawa ana wong crita lamona neng kota kiye ana proyek utawa pembangunan sing jebulane kuwe anu asil studi sekang inyong sekanca utawa inyong tau survei neng lokasi kuwe. Umpamane nen Purwokerto ya dalan Gerilya karo dalan Veteran (sekang Berkoh gutul Kalibogor), neng Solo ana perumahan Palur, neng Banjarmasin ana dalan ngubengi separo kota gutul pelabuhan Tri Sakti lan liya-liyane.
Sing arep tek critakna kuwe pengalaman (1980) inyong karo kanca batir survei neng kota Tebing Tinggi Deli Serdang Sumatra Utara. Mbuh survei neng endi baen masalah sing sepisanan kuwe masalah panganan lokal sing kurang cocog karo ilat inyong sing wong Jawa, mulane terus nggolet juru masak wong Jawa, olih ngakune wong Jawa umur watara 30 taun, ningen mbareng nyicipi olah-olahane, ora cocog. Mbareng detakoni jebule sing asli Jawa kuwe kaki-nini buyute sing asale sekang daerah Purworejo lan dheweke urung tau maring Jawa babar blas.
Survei langan, blusukan mlebu-metu lurung, nyathet kabeh sing perlu decathet, mung sing marahi ora kesel kuwe akeh bocah wadon , sing ngalong-along neng jendhela utawalawang karo mesem dheweke ngomong: “singgah bang”, inyong ya mung semaur kesuwun lah ya. Lha mbareng gutul nggon sing sepi bingung, nerusna apa mbalik. Sidane takon maring ibu-ibu, angger terus kuwe gutul ngendi. Lha wangsulane koh mung “pasar item”. Lha ya dadi tambah bingung maning, wong neng peta ora ana tandhane pasar ora koh ya.
Sidane inyong karo batir inyong nerusna laku, liwat lurung neng kebon karet. Suwe-suwe ketemu gili gedhe aspalan. Inyong karo batir inyong ya glithusan nggoleti pasar ireng, ora nemu.
Sejroning bingung glithusan kuwe, inyong gemuyu kelingan tangga kost (neng Yogya) sing asale sekang Medan. Sedurunge inyong mangkat survei dheweke crita lamona neng kana pasare kuwe sedawane gili. Miturut masarakat kana, sing demaksud “pasar” kuwe jane ya gili alias dalan. Lha angger pasar sing biasa nggo dodol utawa blanja kuwe desebut “pajak”. (05)

Anggitane Eyang Nardi - Pemerhati Budaya Banyumasan