Madhang neng Warung Segane Ora Deetung

KANGGONE inyong (71 taun) sing delairna, degedhekna utawane detuwakna neng Pabuwaran, mulane kaya kena dearani inyong wis ngerti, wis apal kecepal abang ijone utawa kit A gutul Z Pabuwaran, Gemiyen desa Pabuwaran klebu tlatah kecamatan Baturaden, molahi taun 1981 kanti anane Kota Administratip (Kotatip) Purwokerto desa Pabuwaran derubah dadi kelurahan Pabuwaran  mlebu tlatah kecamatan Purwokerto Utara.
Gili gedhe mujur ngalor ngidul sekang desa Pegalongan Patikraja gutul Baturaden sing liwat Pabuwaran kuwe anu debangun dhong jaman Landa, sing tujuane nggo dalan ngangkut tebu sekang desa-desa maring pabrik gula sing ana neng Purwokerto utawa Kalibagor. Apa kuwe nganggo ril lori apa dene gili darat nganggo grobag. Gemiyen neng pinggir gili Pabuwaran kuwe ana dalan ril lori tebu. Mulane desa Pabuwaran keliwatan gili kuwe marahi desa Pabuwaran tambah regeng akeh wong liwat, mbuh keperluan arep dagang apa dene keperluan sejene.
Akeh pisan wong padha bakulan, kena darani sewernane kebutuhan pedinan, ana beras, janganan, woh-wohan, inuman (cau, dhawet, badheg), kewan (ayam, wedhus), suruh, ana pring, suluh padha degendhong, desunggu utawa depikul degawa ngidul arep dedol neng Purwokerto. Angger dina wagean giline lewih rame maning, merga pasar Wage dina pasaran. Saking akehe wong mlaku esuk mangkat sekang lor utawa awan-sore padha balik sekang kidul marahi desa Pabuwaran (klebu) akeh warung barang pedinan karo warung medang-madhange.
Kiye kena nggo bandhingan dhong taun 1960an pas giline rame (lagi bada) kendaraan sing liwat semenit mung siji, kuwe mbuh ngalor mbuh ngidul pokoke liwat lah. Lha warung medang sing ana neng tlatah desa Pabuwaran kit UNSOED gutul mesjid Al-Ihya angger ora kleru ya watara 4 utawa 5 warung medang. Lha mbareng siki, pas kahanan biasa (dudu bada utawa taun baru) kendaraan sing liwat saben semenite kayane ora kurang sekang 200 kendaraan, Lha warung utawa rumah makan sing ana neng pinggir gili sing dawane watara 400 meter kuwe watara 30an panggonan lah. Apa maning angger malen Minggu, Pabuwaran macet neng mobil sing wong-wonge padha arep nyore.
Ndeleng kahanan sing kaya kuwe, dhong pas kumpulan RT neng RT 01 RW 04 Kelurahan Pabuwaran pak Slamet Risyanto, ketua RW nduwe gagasan sing maen lamona gili gedhe Pabuwaran aja dejenengi jl. HR. Bunyamin. tapi deganti baen dadi jl. Badhogan baen dadi lewih pas. Krungu kaya kuwe mas Sonny sekretaris RT. nyritakna lamona mligi warga RT 01 angger padha madhang neng warung utawa rumah makan neng jl. Badhogan kuwe olih potongan, segane ora deetung.
Inyong moh kalah karo mas Sonny banjuran nyambung kaya kiye: “Soale ora tlaten kon ngetung segane ya mas .. sedhek kencoten .. tapi aja kewatir .. angger pas arep mbyayar  neng ngarep kasir .. sebut baen jeneng inyong .. mesthi gratise”. Krungu omongane inyong kaya kuwe .. wong-wong padha reang karo ngomong: “Lha enggih gratis . wong mung nyebut jenenge Eyang Nardi ….”.(Ir Sunardi,MT, pemerhati budaya banyumasan/05)


Wis demuat nang Harmas 3 September 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...