Friday 23 October 2015

Lesung

Kayane bocah jaman siki, mligine bocah kota, apa maning kota gedhe kuwe padha ora ngerti apa sing desebut lesung kuwe. Blakan bae kaya inyong kiye ya ora teyeng angger kon njlentrehna apa kuwe lesung, tapi angger weruh barange utawa gambare ya ngerti lamona kuwe sing dejenengi lesung utawa iya kuwe gambar lesung.
Seweruh inyong, lesung kuwe kaya kothak kayu sing degawe sekang kayu segluntung wutuh, dawane watara 2 meter lan garis tengah utawa diametere watara 80 cm. Glondhongan kayu sing madan bunder kuwe debentuk balok kayu segi-papat ben ora ngglewang angger deglethakna, apa maning angger lagi detotogi karo alu. Neng bagian pucuke biasane ana lumpange, yakuwe bolongan bunder kaya kusan mlumah.
Angger ora lagi denggo, biasane mangsan rendhengan utawa mangsan udan, lesung deganjel dekurebna neng pinggiran umah ben ora ketritisen utawane kudanen. Kanggone wong sing sugih utawane tukang tempur alias bakul beras, sing meh saben dina utawa sering nutu wis duwe kandhang lesung dhewek, dadi ora perlu atang-otong nggotongi lesung, tur maning dadine angger nutu kuwe ora kepanasen utawane keudanen.
Kejaba nggo nutu pari dadi beras, lesung uga cokan nggo ngglepung alias nutu beras (sing wis dekum sedurunge) dadi glepung. Sing kaya kiye mligine kanggone wong sing arep mbarang gawe, anu arep gawe jenang (njenang). Jaman gemiyen ora ana wong mbarang gawe sing ora njenang. Jenang, ketan, wajik kuwe panganan mligi kanggo wong mbarang gawe utawa hajatan.
Sewise gole nggawe glepung meh rampung, embok-embok sing padha rewang glepung kuwe banjur kothekan utawa gejog. Kanti notogi lesung sing panggonan lan seru-lirihe beda-beda siji lan sijine, bisa dadi wirama sing maen. sing enak deprungu kuping gutul ngendi ora. Kanti keprungune swara kothekan lesung kuwe, wong-wong warga masarakat banjuran ngerti lamona arep ana wong hajatan, sing mengko bengine wis bisa nampa dhayoh kondangan. Kanti kothekankuwe ateges lesung uga bisa denggo nggo piranti komunikasi sing cukup migunani.
Kothekan lesung kejaba nggo sarana aweh kabar wong arep mbarang gawe, uga nggo seneng-seneng mligine kanggo embok-embok sing padha kothekan kuwe. Kejaba kuwe kothekan uga delakoni angger pas ana wulan depangan graha alias gerhana wulan sing biasane pas wulan purnama. Kanti kothekan kuwe karepe ben wulane enggal-enggal detokna sekang wetenge graha kuwe.
Jaman siki lesung wis kena darani ilang sekang masarakat. Wong tani wis ora nutu pari maning, cukup nyelipna. Wong mbarang gawe wis ora njenang maning, cukup tuku neng pasar utawane toko. Bocah-bocah wis ora percaya maning maring anane wulan depangan graha. Babagan seneng-seneng utawa iburan, siki wis akeh tivi utawane video, sing teyeng nyuguhna werna-werna iburan.  (Eyang Nardi, Pemerhati Budaya Banyumas/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...