Batuke Pating Kremod

Daning: Papa Sandekala

Geni mulad-mulad nang pucuke tugu lapangan Kroya,
dadi saksi bungaeh atiku nggembol duit satus ewu kasil adol watu.
80 ewu kudu tek iklasna nggo ngregani helem nang kantor  polisi.
Keton yu Tasikem keweden nang njero kantor sinambi nyang-nyangan rega.
Mlaku metu kantor nggawa rai mangkel, uteke nggremet “ uh rengan kaya kiye modele gulih melayani, mengayomi, melindungi”. 

Dog tekan ngumah, gari ngrewangi ramane ndemek jengger nggo nempur beras sing regane 12ewu punjul.
Gabah nang mbale wis di dol nggo mbayar uang gedung sekolah.
Crocokan sing wis nggaruda nang kurungan, uga kudu di dol nggo pranti tuku bengsin sing nembe mundak maning winginane.
Karo nepleki manuk, bathuke nggremet tembung “bijaksana” wulangan sekolah.
deneng beda karo kebijakan pemrentah, sing jere hak prerogatif wong nduwuran?

Bubar adus, nyruput kopi sinambi nyawang tv,
ndilalah berita korupsi,  ora nggumuni.
Merga polisi kakehen penggawean,
mulane digawekna KPK sing tugase kusus mbrantas korupsi,
wis genah kpk kudu bubar nek penggaweane wis tutug, ora malah kantore diakehi.
Uteke nggremet maning “ sing kudune nomer siji di awasi kuwe presiden,
nek sing nglantik ketua kpk malah presiden, apa kpk’ne ora rikuh yah?

Nggo batir ngopi ana roti gawean cina sing nduwe cap halal sekang MUI.
Bathuke urung leren “nang Indonesia sing akeh panganan halal, nangapa ndadak ana cap halal sing per jenis panganan kudu mbayar pitung njuta
 terus bakul sriping duit sekang endi nggo tuku sertifikat halal sekang MUI.
ujarku sing gawe halal/haram mung Gusti Alloh”.
Mrembet mbengi, acara tv ganti sinetron india sing wudele bangeting mengini. Ganti remot, gari nonton biyung-biyung krudungan sing nangis bungah, merga anak wadone dadi finalis dangdut, senajan nang nduwur panggung kudu wuda.
Biyungku ngasi kelalen utang, merga kelipur nang acara dangdut, sing dimungsuih ora mangkat yasinan, prentah inyong kon melbu senthong- sinau.
Mbukak buku ana PR basa inggris sing kudu di garap.
Merga jere bu Guru bisa dadi modal nggo ndaftar kerja nang Jakarta nek ngemben wis lulus.

Garep mapan turu batuke pating kremod…
Angger kaya kiye “apa Indonesia esih bisa di arani Negara?”.


Wis demuat neng Harmas 2 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...