Thursday 8 October 2015

Nglempengaken sing Padha Bengkok

Golongan tiyang nomor setunggal, tiyang alim, nggih tiyang pinter, ken de taati. Tegese kulo sami ken taat setia. Niku ari kepengin dados tiyang bener, utawi mletik pikire. Teng golongan tiyang nomor kalih ( tiyang klalen ) wajibe kulo sedoyo sami ngengetaken. Salajenge teng golongan tiyang nomor tiga ( tiyang pikun ) wajib kulo sami ken nuntun, utawi ngajari. Kantu kiyambek, golongan tiyang nomor sekawan, tiyang mbencilung terbujuk.
Pun boten usah perek-perek. Kados merek ” kebo gupak ” ura wurung kecipretan belet. Kecripetan duwit madan, kenging ngge nempur. Niku mawon angger duwit halal. Ngganua kecipretan duwit, nggih duwit halal. Gampile duwit ajeng ngge nempur, dicipretena kanca batir, sareng wangsul bratayuda kalih bojone. Anu mboten saged nempur.
Pramila kanca-batir sedaya, nopo mawon ajeng de tindakaken ampun kantun duga- prayoga- sae –mboten bener-lepate. Sing lagi de lingna si sapa ? Ya kanca -batire dhewek, masa ngelingna pejabat, kwalat dadi uthi-uthi. Mboten kaya niku, welingan tinggalane si kaki nini, ngge kulo sedaya, anak-putu-turunane wong Banyumas.
Poma-wanti welinge si kaki. Ingkang namine bener-luput : supadosa anak-putu turun:
1.    Aja gampang nyalahna wong liya.
2.    Aja gampang mbeneraken salahe dhewek.

Tembung sanese ”ngilo githok”. Indonesia mawas diri. Jawine anggene nyerat ” diri ” ngangge h ampun kesupen. Dados mawas dhiri. Warahane tiyang sepuh kejawi supadosa dados tiyang napa-napa saged, utawi dados tiyang pinter, anak-putu-turun, ugi dados tiyang jujur, dados tiyang bener,bekti teng Pangerane.
Salajenge kaki-nini kula sami, njlentrehaken, antawise :
1.    Sekabehe temindak bener, marakena slamet, seger, waras.
2.    Brayan ngreksa kawilujengan.
3.    Nglempengaken sing padha bengkok.
4.    Mbreneraken sing padha salah.
5.    Sing nisthakena dadi utama.
6.    Sing rusak dadi mulya.
Menawi de raosaken, sinaosa kaki-nini kula sami, kathahe sekolahe endhep-endhepan, napa malih Sarjana, warahane jan maen sanget. Uja kula soten.
Warahan setunggal-setunggale de urut-urut wonten gepok-senggole. Tiyang pinter, mboten bener  nggih nyilakani. Ontene minteri tiyang sanes. Selajenge ken ampun seneng damel huru-hara , ngrisak tatanan Negari , ampun ngantos de lampahi. Niki sing de kajengaken brayan ngrekso kawilujengan.
Salajenge nglempengaken sing padha bengkok. Sagedo kula sami , saged nyukani saran –nasihat, dhateng kanca-batir ingkang saweg koleng. Salajenge kados mpun genah , mbeneraken sing padha salah, niki wantun ngleresaken kanca-batir ingkang klentu. Sing nisthakena dadi utama. Nisthakene niku : ngisin-isina ken penggesangane. ( nistha uripe ). Tiyang nistha supados malik-ngrembyang dados tiyang utama. Nggih sinaosa malik-ngrembyang, tetepe mbetahaken wekdal kangge ngewahi sikap-menthal, kepribadiane.
Kantun kiyambek : sing rusak dadi mulya , kadose mpun genah niki-lah. Tiyang waune risak, lajeng dados tiyang kopa. Mandan sering mireng. Dhengkolan maling dadi kyai,langkung utama. Ampun de walik.
Kula mendhet conto niki ampun domehi. Maksude tembung niku sering kepireng. Dados teng kula ngge conto. Sing ajeng ngomehi sinten enggane. Naminew kanca-batir niku pinten-pinten penampine. Dados njagani supadosa mboten sami seling-surup, salah- paham. Deneng niku teng Banyumas onten tembung ingkang. Niki ngge ngirangi wongsal-wangsul nyerat sing.
Basa napa mawon tuli luwes. Basa Indonesia, angger angel de jawakena, nggih kajenge mawon. Umpami : Moderenisasi, latar belakang, jalan-jalan pagi, ugi nama hotel kathah ingkang ngangge basa Inggris, utawi basa manca sanese. Niku sedaya mboten perlu de jawakena,de Banyumasena. Napa malih tembung ingkang, napa mboten angsal delebetaken Banyumasan. Sedaya wau ngge njagani mengkin angger dekengken dados juri lomba pidhato banyumasan onten peserta setunggal kalih wonten ingkange langsung de K.O. Marahi mboten. Sagede ngako, kathah tunggale. Tembung “ingkang” teng Banyumasan , utmine ngge basa utawi krama mboten ketang setunggal kalih wonten mawon. Menawi mboten basa, mboten badhe kepanggih tembung “ingkang”. Maklume mawon. (Darkam Anom Sugito/05)

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...