Dholar

Daning Purwaningsih*)

Dhadhane ………..melar
Wujude kang ora keton
Swarane kang ora muni
Mung kumleyang neng awang-awang
Ning………dolar
Perbawamu gawe bencana

Donyane……gonjang-ganjing
Donyane……miring
Donyane……ngguling
Sapa-sapa ngayuwara
Merga rega-rega kang manjila

Wong cilik oklak-aklik
Kepencet, kegencet, kegiles
Rodhaning dolar kang sansaya nyeser
Oh…..dolar
Kapan rodhamu ora nyeser?                          

*)Purwaningsih, S.Pd
Guru Bahasa Jawa nang SMP Negeri 3 Mrebet Purbalingga.kawit tahun 1998.

Wis demuat nang Harmas 15 Oktober 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...