Monday 12 October 2015

Mayuh Nglestarekna Seni Begalan

BEGALAN kanggone wong Banyumas, pancen meh padha karo kabudayan ruwatan nanggap wayang kulit, tegese kanggo nulak bala. Jaman gemiyen, dalang-dalang begalan sifate kaya mistis. Nanging kemajuan jaman, seni begalan kang wis dadi tradisi, wis pada karo tanggapan kesenian.
Kaya sing wis delakoni nang Pujiastuti karo Aziz Priyantoro wong nang tlatah Buntu Banyumas. Durung suwe wingi wong loro kuwe wis ijab kabul bebojoan.
Tri Daya Kartika (68) umahe nang Purbalingga sing dadi tamu upacara kawinan kuwe jlentrehna, begalan sekang tembung begal sing tegese rampok. Dibegal pada karo dirampok.
“Begalan, kabudayaan tradisonal masyarakat Banyumas sing wis kedadeyan turun temurun, utawa wis membudaya,”pituture Tri Daya
Tegese sambunge Tri Daya, nek nganakaken khajat pernikahan kawitan ora nganggo pitutur lan pangeling-eling kok ana sing kurang. Mergane ya kuwe seni begalan pancen dadi budaya tradisi, isine uga piweling lan pitutur kanggone kaki-nini penganten. Apamaning sing digawa brenong-kepang, yaiku alat-alat dapur sing biasane kanggo peralatan masak, digawe sekang pring.
“Nang njerone ana ular-ular sing wigati, contone kaki penganten ngemutaken karo nini penganten, kiye inyong ngawakaken alat-alat dapur nggo pranti masak angger inyong lan rika wis bebojoan, wis dadi seumah utawa wis rumahtangga,”pitutureTri Daya.
Tri Daya nambahi, isine brenong kepang kuwe antarane, kukusan ngo pranti adang. Sewise sega adangan mateng, terus  disogaken nang kepang.. Kepang karo ilir piranti dapur sing ngo prantio ngangi sega, men ora cepet wayu (mambu). Cething nggo wadah sega sing wis mateng.Irus kanggo pranti njangan, siwur ngo pranti ciduk banyu panas., lan piranti dapur liyane.
“Begalan ngambarake lakon rampogan sing digawa besan (penganten lanang) dening rampok,”omonge Tri Daya.
Dheweke nambahi, falsafah Banyumasan, sing dirampok kuwe dudu dunya brana, nanging bajang sawane kaki lan nini penganten. Amarga, angger wis jejodohan, penganten lanang lan wadon pancen dirampok kemandiriane, dirampok pribadine.
“Tegese, penganten lanang angger wis duwe bojo, arep tumindak apa bae kudu nganggo palilahe bojo, ora bisa segeleme dhewek. Mengkono sewalike. Wong bebojoan wis ora bebas jalaran ”dibegal” dening acara sakral pernikahan,”pituture Tri Daya.
Arsanawan (56) umahe nang RT 03 RW 2 Desa Pageralang, Kemranjen Banyumas sing dadi lakon begalan ngomongna, begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, gunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara kawinan. Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran umahe penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dapur sing diarani "Brenong Kepang".
“Salah sijine gawan penganten lanang, Contone: ilir, iyan, cething, kusan, kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring lan wlira,”pituture Arsanawan.
Egin ditambah maning karo ubarampe gawan liayane, yakuwe pala pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning, sewernane gegodhongan, gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam, lan liya-liyane egin akeh maning.
“Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan kiye kudu nganggo klambi adat banyumas, bebed lancingan bathik Banyumasan, ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah,” pituture deweke.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan
“Biasane bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rayahan penonton,”pituture Arsanawan sing pungkasan. (Prayitno)

Wis demuat neng Harmas 16 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...