Ndikep Welut, Lunyune kaya Koruptor

WIS seminggu  kiye Bapane Blokeng gole bali gutug sep terus. Omonge lagi akeh proyek, dadi gole tekan ngumah wis mandan peteng. Mangkane biyune biasane gujih angger bapane gole bali telat. Ningen siki mung menjep thok ora akeh tembunge.
''Mroyek terus kaya lagi dadi nemerr,'' aloke biyunge weruh ketabange sing lanang.
''Biyunge maning. Bapane siki pancen lagi mroyek wit jambe, nggo plorodan pitulasan,'' jere Blokeng ngiloni bapane.
''Lah, wingi ngomonge dodol welut, maring kota. Siki ana maning dodolan wit jambe?'' takone biyunge.
''Wis ora susah padha gegoh. Ana pesenan wit jambe ya dekodheni, sing pesen welut ya detandhangi,'' jere bapane kambi slonjor keselen.
Pancen, masrakat siki wis padha thang-thing arep  ngramekaken pitulasan. Ora mung neng kelurahan, gutug RT-RT padha urunan nggo gawe acara ben semanger. Bendera ya wis padha pating klebet neng pinggir gili.
‘’Mulane bapane melu rejeh rejekine, bate akeh pesenan. Sing nganakaken penekan jambe, padha pesen wit nggo gantungan hadiahe. Awit kuna mekuna panjatan jambe egin desenengi masrakat?’’ takone Man Tano.
‘’Ya esih, hadiah penekan jambe ana panci, sarung, radio gutug pit. Padha pating grantung. Wit jambene deblonyoh oli ben lunyu,’’ Guru Sikun melu alok.
‘’Sing menek nggo njukut hadiahe kudu ingkling-ingklingan. Ben gutug ndhuwur, sebab ora bisa menek dhewekan,’’ ujare Kang Rowes sing biasa melu pajantan jambe.
‘’Akuh tah agep nonton bae, andon padha surak kambi ger-geran weruh polahe sing melu lucu-lucu pisan,’’ jere biyunge.
‘’ Awake blepot oli, bosa gari nyawel hadiahe mlorod maning meng ngisor. Mulane kudu gotong royong ben bisa njukut hadiah. Kasile banjutan debagi rata. Malah ana sing delenglang neng lapangan,’’ jere Man Tano maning.
Siki malah ana  maning sing nganakaken lomba ndikep ''koruptor''. Sing dadi ''koruptor'' jebule iwak welut dodolan bapane. Jaman siki lagi akeh koruptor detangkepi, mulane warga gawe lomba dejenengi ndikep ''koruptor''.
‘’ Lomba kiye ora kalah semangere karo penekan wit jambe. Wong sepirang-pirang padha nyegur blumbang apa kalenan sing debendung. sing melu klambine kejebes kambi gupak belet,’’ omonge Guru Sikun..
‘’Mulane akeh sing padha pesen welut  ya kuwe,’’ semaure bapane.
‘’Ningen ya padha seneng bae. Sing dikepane paling akeh olih hadiah. Jebule ndikep welut nganggo tangan ya rekasa, merga lunyu kaya koruptor’’ jere Blokeng sing taun mburi melu lomba kiye
‘’Welute mloya-mlayu bae tur awake lunyu dadi angel dedikep. Apa maning angger kon ndikep koruptor temenan sing akale pirang-pirang, ya lewih rekasa maning,’’ Guru Sikun nambahi.
Bubar nyore, bapane mbukak cathetan pesenan. Sejrone telung dina olih pesenan 12 wit jambe, olih bathi resik telung atus ewu. Pesenan welutolih setengah dacin, batihe mandan kanjat satus seket ewu.
Dadi sejroning seminggu, gunggung kepruk oleh pengasilan patang ngatus seket ewu. Batine bapane, kena nggo nebus jatah raskin sing jere agep mudhun rong wulan sisan. Dadi nyicil ayem rong wulan ora mikir beras maning.

Lewihane egin kena nggo imbuh-imbuh kulakan warung biyunge. Apa maning bubar bada apa-apa esih larang. Rakyate mung trima dilipur benekan jambe karo ndikep koruptor sing diperlambangaken nganggo welut... (05)

Wis demuat nang Harmas 13 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...