METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

DOPOKAN

Obrolan gaya Banyumasan, mengangkat aneka ragam topik yang sedang hangat di masyarakat.

UJARE KANCA BATIR

Uneg-uneg pembaca Harmas melalui SMS.

GEGER MOWER

Berita-berita ringan yang dikemas dalam bahasa Banyumasan. Unik dan segar.

SENGGAK

Kritik atau sentilan dengan gaya menggelitik dalam format bahasa Banyumasan.

Friday 13 November 2015

Parikan Banyumasan

PARIKAN  niku isine meh sami kaliyan wangsalan.Nggih niku wonten pangunek-uneke. Bentenipun pangunek-unek teng parikan gampil dipun ngertosi. Menawi wangsalan madosi pangunek-unek Mandan mikir semendhing. Margi wangsalan wonten capeyan, wonten bedhekan,ugi mboten deblakakena.
Parikan teng Banyumasan utawi parikan Banyumasan kathahe isinipun mambu-mambu prenes. Saged ugi prenes.
Niki contone:
Andheng- andheng neng ngiso lambe
Aja mandeng ana sing duwe.
Pangunek-uneke : Saged ugi tiyang niku ngelingaken. Napa niku tiyang jaler, napa tiyang estri, ingkang ngelingaken, kon aja mandeng, anu wis ana sing duwe. Saged ugi ingkang ngelingaken tiyang estri, sing kepengin dadi tagone. Niki purajatian grumbul muncu tagone niku pacare (sanikine)
Pangunek-unek sepisanan pangeling- eling,maksude, ngelingaken . Salajenge pangunek – unek pendidikan . teng parikan niki ketingale ingkang dipun pandeng tiyang estri, ingkang mendeng tiyang jaler.
Pendidikan nipun tiyang mandeng sanes tiyang estrine, sanes tagone ( pacare ), niki mengkin mbok sing gadhah tiyang estri niku jengkel.Niki mengkin dadhos sadhumuk bathuk . Piraha ora mburi kerine bisa bratayuda.
Pengunek – unek selajenge saged ugi tiyang niku cemburu . Tiyang jaler, tiyang estri sami mawon nggadhahi raos cemburu. Pangunek – unek selajenge anu usaha. Mbok sinawane sing de pandeng niku esih legan, banjur gelem dadi tagone .Kathahe tiyang – tiyang jejodhohan niku saking tagon – tagonan riyin.
Selajenge niki sing madan mbebehi . Nyawang tiyang napa jaler – napa estri ngge hiburan. Angger tiyang jaler nampi julukan ” mata keranjang ”.niku antawise gosekan pengunek – unek parikan  ingkang kaserat wau.
Napa kirane namung niku gosekane , lah nggih mboten. Mangga angger ajeng degoseki malih. Degoseki saking periode sastra, saking rakitaning tembung ( untaean kata ). Menapa kalebet Basa Kawi/ Jawa Kuna, Jwa Baru, Jawa Jejeg, Jawa miring, Jawi tengahan, Jawi jaman Islam, lan sanese.
Mpun saniki gentos goseki basa Sastra teng Pedhalangan. Maksude pedhalangan Banyumasan. Ingkang namine basa sastra pedhalangan, pundi mawon krongkongane sami, nggih niku : basa sastra janturan / candra , pocapan, antawacana,lajeng sulukan.
Niki maksude basa – sastra teng padhalangan , menawi teksihwonten dhalang, kayonge mboten badhe mua, utawi punah.Jane nggih mboten naming dhalang, nggih dhalang sapenayagane, gampile nggih kru dhalang, sa pandhemene, niku dados tiyang penyangga lestarinipun basa –sastra Jawa.Nggih Jawa napa mawon, anut teng pundi dhalang – dhalang niku manggen. Deneng kados niku, lah kantenan nggih.Dhalang teng pundi mawon, dhalange sinten mawon, menawi saweg manggung, utawi ndhalang, basa sastra ingkang denggenggih basa ibu, utawi basa daerah.
Dhalang Banyumasan basa daerahipun nggih basa Jawi teng Banyumas. Lah niki ingkang dipun kajengaken dhalang sa krune, klebet penggemareniku dados tiyang penyangga lestantunipunbasa Sastra Jawi Banyumasan. Lah angger dhalange mboten nate kangge niku tah urusan nasib. Senajan mekatena manungsa dipun wenangaken usaha. Pripun carane supadose dhalange pajeng.
Pamrayoga kula, dhalang kepengin pajeng sepisanan usaha ngelmu pedhalangan de kuwasani. Melahi sakin basa sastra , lajeng cekelan (sabet ), iringangan, sanggit, sambung rapet antawacana ( ngomonge wayang siji-sijine ), sugih crita lan sanese niku de kuwasani. Salajenge saged nyenengaken pandhemen, utawa sugih ngelmu, daya tarik. Niki menawi teng “ ilmu tata teknis pentas “ namine preporation “ ( ilmu daya tarik wiwit sekang persiapan dumugi pungkasaning pentas ) Gamblange menawi pakeliran, melahi saking gendhing-gendhing talu dumugi tanceb kayon.
Sedayane saged narik kawigatosan pandhemen, utawi penonton ugi ngertos ngelmu sosial , budhaya, tanggap dhateng suasana ingkang saweg lumampah  manut jaman kelakone. Gamblange ampos ngantos keri jaman.
Salajenge ngathahaken srawung, seduluran, sugih sedulur kanca-batir, ora ketang setunggal – kalih onten sing melas . Angger kanca – batire atusan , mbok sinawane puluhan wonten sing melas.Kanca -batir ewon , sinten ngertos atusan kanca -batir sami melas. Pog-pogane dadhi dhalang payu. Sering detanggap namine dhalang laris . Ngomong si gampang. Wonten dhalang inking maca seratan niki , mangsuli kaya niku. Angger wonten nggih niku sebabe dadi padha ora payu, sebab moh nampi saran. (Darkam AS)

Wis demuat nang Harmas 12 November 2015

Thursday 5 November 2015

Aja Kelalen Basane Dhewek

ORA kaya biasane, bubar sholat Subuh Blokeng durung metu sekang senthong. Mangkane biasane angger arep mangkat sekolah, mbukaki kekeb nggolet panganan sing kena deplok. Ningen esuk kuwe, awit uput-uput, wis sinau ndrememel.
Gole ngapalaken seru pisan kaya wong lagi pidato: “Pegawe padha rapat jenenge meeting. Esuk-esuk padha kandhahan arane coffee morning. Pejabat nampa rakyate, sebutane open house...”
Banget ruwinge, biyunge banjutan ndhodhog lawang senthong, ngemutaken lamona wis awan durung sarapan acan-acan. “Mengko gole mangkat kebuntrak-buntrak ketungkul pidhatoan bae,” jere biyunge.
Blokeng mbukak lawang karo mesem: “Good morning, Yung. Good morning, Bapane!”
“Bocah lagi kesambat apa jane.” Biyunge ngaruh-aruhi.
“Pancen biyunge ora ngerti globalisasi. Siki jamane bocah sekolah kudu pinter ngomong Inggris,” semaure Blokeng kambi jungkatan.
“Globalisasi kena bae, ningen aja kelalen Sumpah Pemuda 28 Oktober. Satu basa basane dhewek basa Indonesia,” welinge bapane.
“Iya pancen. Bocah sekolah siki, kawit TK, SD, SMP, apa maning SMA, angger ketemu gurune ya padha mornang-morning basa inggrisan,” jere biyunge kambi nata sarapan. “Ora susah kuwatir, Bapane-Biyunge. Pokoke, satu nusa, satu bangsa, dan satu bahasa Indonesia,” omonge Blokeng maning.
Bapane kelingan nalika Bung Karno ngglorakaken semangat nasionalisme nang tahun sewidakan, tanggapan masrakat gedhe pisan. Jeneng sing mambu basa asing padha degenteni. Acara dansa-dansi sing dudu kebudhayane dhewek deganti tari pergaulan Srampang Dua Belas.
“Toko-toko neng Praketa sing kurang rasa Indonesia-ne uga pada ganti aran. Neng pojok alun-alun ganu ana foto Johnson, banjutan deganti dadi foto Pemuda. Toko Paris duweke wong India sing dodolan cita, ganti jeneng dadi toko Laris.” Bapane crita.
“Iya ganu ana bioskup telusing ana neng Purwokerto yakuwe Gloria dadi Srimaya, Elita dadi Nusantara, banjutan Capitol ganti jeneng dadi bioskup Garuda,” ujare biyunge.
Kambi mbatari sarapan, bapane aweh piwulang maring anake lanang. Jere siki wong wis padha kelalen maring basane dhewek, basa banyumasan. Bocah sekolah isin ngomong Banyumas mbok dearani bocah ndesa.
Semana uga wong tuwa, akeh sing ninggalaken basa Banyumas merga jere ora miyayeni. Basane wong ndhep-ndhepan utawa basane kuli kaya bapane Blokeng sekanca batir. Mulane angger ora nana sing gelem nguri-uri ya bisa ilang, wong siki bae wis padha kelalen.
Rong dina maning warga Banyumas agep mengeti Hari Sumpah Pemuda. Neng dina sing apik kiye, kena nggo pengeling-eling magreh padha bareng-bareng ngomong banyumasan.
Aja ngasi pemuda Banyumas isin ngomong apa sinau basa banyumasan. Mbokan padha kelalen maring basane dhewek. Krungu piwelinge bapane, Blokeng janji ora arep gagah-gagahan ngomong inggris-inggrisan maning. (06)


Wis demuat nang Harmas 10 Oktober 2015

Sastra Lesan nggo Sarana Ngritik

KIYE mligine para seniman , utawa budhawan, kena nggo nambah , utawa nemokena inspirasi. Dadi srana nambah daya –cipta. Angger nang pedhalangan daya-cipta, sering dearani “ sanggit “. Dhalang sugih sanggit ora kurang lakon.Ora bingung ngadepi swasana, utawa kahanan. Umpane mayang meng daerah Kauman, sanggite bedha karo mayang nag daerah pasar. Kaya kuwe sebanjure.
Urung ngadepi penayagane sanggite dhalang sing kudu ngukur kemampuan penayagan. Iringan gendhing-gendhinge, manut kemampuan penayagan. Kuwe angger detanggap sing teka mung dhalange. Sindhen, penayagan sekang daerahe sing nanggap.
Angger detanggap penayagan kumplit rombongan dhalang ya ora masalah. Sagendhinge. Ari padha teles soten. Apa-apa aja seneng nyonto, mbuang sing wis ana. Maksude penayagan moh nggarap gendhingane dhewek, nirune sekang daerah liya. Rumangsane jere gengsi.
Nggarap gendhinge dhewek bae urung mesthi jegos, ngomonge gengsi. Kiye ora jeneng menging. Teyeng kesenian dhaerah liya, kena-kena bae, ningen aja ngilangena keseniane dhewek. Sing genah banget pancen nang nggon pedhalangan.
Angger ebeg, lengger, apa maning saliyane pedhalangan.Kuwe ajege nganggo duweke dhewek. Ya iringane, sandhangane, urung terpengaruh daerah liya. Ningen ya kuwe, gendhing-gendhing Banyumasan tuli akeh. Sing detakokena mung siji. Loro ajeg. Mudheng mulek eling-eling. Gendhing liyane detokena. An rindhing tugel, Pisang -balik,  Renggong Manis, pacul gowang. Angleng, gunungsari kalibagoran, esih akeh maning. Mbok gendhing-gendhing pada detokena.
Masyarakat ngertine angger gendhing Banyumasan, Eling-eling, Kicik Ricik, Bendrong kulon wis. Kuwe bae masyarakat sing seneng, utawa sing pedhuli.Mulane sedulur-sedulue seniman pengrawit, melu titip, gendging-gendhing Banyumasane padha detokena, aja mung siji-loro. Iya ari gonta ganti. Perlune nggo nglestarekna uga nggo ngembangna gendhing-gendhing nggone dhewek.
Masyarakat duwe kewajiban mbantu pemerintah manut kadewasane.Kecaba kuwe masyarakat karepe padha kepengin usul maring pemerintah. Malah ana sing keliwat. Saran-usule urung detampa, padha ora sranta. Banjure padha demo. Wong demo angger ora terkendali suwe-suwe guli ngomong ngabangaken kuping.
Mulane fungsi sastra lesan sing nomer 5 kiye, nggo ngalusaken umpane kepeksa masyarakat padha ngritik pemerentah. Ora angger-angger ngomong , ningen ngomong sing nganggo angger-angger. Neng kene sing dekarepna aweh saran, uga ngritik pemrentah kena-kena bae, ningen nganggowa tembung-tembung sing ora marakena ngabangaken kuping.
Dadi fungsi sastra lesan sing nomer lima, sastra lesan nggo srana ngritik maring sapa bae, klebu pemrentah, krana tembing-tembung sing de tata alus. Maksude alus, ora nana pihak-pihak sing tersinggung. Kakine, apa maning fungsi basa-sastra neng masyarakat..?
Takon bae. Mengko tek emut-emutane. Glesek mbok menawa esih.
Temenan kemutan . basa-sastra lesan, utawa kesenian apa bae, kuwe angger penginyongan sering menghayati, mengkono sugih pengalaman batin.
Arepa nulis, uga nyiptakena karya seni, tanpa pengalaman batin karyane terbatas, egone dhuwur. Sekiye gampangane. Kadar mung arep gawe parikan umpamane, supaya parikane mantep, kudu duwe pengalaman batin bab puisi, pantun, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan, tembang gedhe, ora keri lagu dolanan anak, Urung kudu ngerti versi, cengkok, utawa gaya.
Wangsalan, parikan gaya Banyumas beda karo gaya Solo, gala Yogya, gaya Semarangan lan liyane. Suasana daerah mujudaken pengalaman batin kanggo nyipta karya seni bercorak daerah. Contone komponis Sutejo, bercorak daerah Banyumas. (Ki Darkam AS/05)


Wis demuat nang Harmas 5 November 2015

Bung Karno Tau Disuguhi Dhawet Ayu Banjarnegara

RIKALA tahun 1950-an kota Banjarnegara misuwur olih jeneng “Kota Buntil”, Presiden Soekarno wektu nganakna kunjungan maring Banjarnegara uga sesuguh buntil lan mujudaken suguhan utama seliane dhawet ayu sekang desa Rejasa, suguhan utama nggo nyuguh Presiden ndadekna panganan lan inuman wujud buntil kambi dhawet kewentar. Siki sing jenenge dhawet ayu Banjarnagera njeprah nang tlatah Banyumas, Purbalingga, Kebumen, Cilacap lan kota gedhe liyane, kios dhawet lanangkringan ora gamam masang plang lan spanduk “Dhawet Ayu Asli Banjarnegara” ... jan ana bae akale men dagangane laris manis.
Miturut sujarah, jeneng dhawet ayu asal mula bukane bakule pancen ayu, ana salah sijining bakul dhawet asale sekang desa Rejasa, uga panggonan asline lan klairane Pak Dullah sing kewentar rikala taun seketan. Dhawet gemiyen urung ana campuan es batu, ningen rasane nylekamin pisan.
Ibu Munarjo lan rewange saben dina ora tau leren nglayani langganan lan pesenan. Kiose bisa nampung ngosi 50 wong nang dalan Dipayuda, kaya bakul umume angkrigan dhawete uga ana pajangan wayang (sekang kayu utawa seng) wujude Semar lan Nalagareng nang kiwa tengene pikulane dawet.
Miturut budayawan asli Banjarnegara yakuwe Sarwan Adusarwono nerangna lamona tetenger nang angkringan dhawet gambar wayang punakawan ngemu surasa lan mangsud lamona dhawet kuwe umbenane utawa inumane masrakat cilik sing regane murah. Ana uga sing duwe penemu lamona Semar lan Gareng decekak “Mareng” ngemu surasa ora udhan ningen wong tuku dhawet. Ibu Munarjo dhewek uga ora ngerti sujarahe asal muasal jeneng glewehan, ningen sekang glewehan marakna misuwur ngosi seprene.
Dhawet ayu wis ana nang kota-kota gedhe kaya Yogyakarta, Semarang, Purwokerto, Purbalingga, Cilacap, Pemalang lan kota-kota liyane kabeh nganggo jeneng dhawet ayu asli Banjarnegara senajan gawene ora nang kota Banjarnegara sebabe ora nana larangan lan hak paten mula sapa bae bisa ngaku dhawet ayu Banjanegara.
Siki dhawet sing maune dadi karemane wong cilik wis mundhak kelas nggo wong gedhongan. Angger ana pengede mantu, akeliwat ana dhawet, ana sing decampur kambi duren lan rajangan nangka. Dhawet sing dedol nang endhi papan pancen kegolong murah, segelas gedhe dipatok Rp. 2.000,- - Rp. 3.000,- pancen nyata murah, meriah angger dibandingaken kambi inuman utawa umben-umben liyane.
Nggo narik kawigaten siki bakul dhawet sing nang njaba Banjarnegara uga adol dhawet ireng lan dhawet campur ketan, ningen regane lewih larang mula masrakat tetep bae tuku dhawet sing asli cendhol sing degawe sekang glepung beras, santen klapa lan juruh gula klapa.
Nang tlatah Banyumas Raya pancen sugih babagan kuliner, angger maring Prakerta tuku mendoan kambi kripik lan getuk goreng, angger tlatah Cilacap tuku sale gedhang kambi iwak segara, maring tlatah Braling tuku duku lan soto kriyik lan maring Banjar kejaba dhawet uga misuwur salak lan duren.
Nang alun-alun kota Banjarnegara uga ana “monumen” angkringan bakul dhawet nggo narik kawigaten masrakat sing teka maring Banjanegara, nang kono uga akeh kios lan lapak angkringan dhawet sing saben dina rame detekani dening warga Banjarnegara lan tlatah liyane sing kebeneran liwat kota Banjarnegara.
Senajan panganan utawa umben-umben khas, ningen seprana-seprene dhawet urung ana sing ngurus “Hak Paten” sekang perintis utawa sing trukah anane dhawet ayu Banjarnegara, mula ora aneh nang endi papan dhawet sing dedol kabeh ngaku dhawet ayu Banjarnegara. Sing penting Banjarnegara kewentar asal mulane dhawet asli Banjarnegara, malah lewih misuwur maning ana lagu pop Jawa sing judhule “Dhawet Ayu”. Klilan (Bambang S Purwoko/05)


Wis demuat nang Harmas 5 NOvember 2015

Thursday 29 October 2015

Sepur Jurusan Purwakerta - Wanasaba Agep Urip Maning?

INYONG sekanca batir sekang tlatah Purwanegara rikala taun 1960-an angger pas dina bada riyaya mesti plesiran maring Wanasaba nunggang sepur kluthuk jurusan Purakerta Wanasaba, taun 1966 - 1970 sekolah nang kota Banjarnegara, ana sing nang SMEA (SMK), SPG (siki bubar) uga ST lan SMP mangkat sekolahe uga nunggang sepur. Rikala jaman gemiyen suasana esih rekasa sing duwe pit lan pit montor kena deetung, kayanee sedesa gur siji loro sing teyeng tuku pit montor, mula angger mangkat sekolah ana bae akale kaya nggadhul trek, sek-sekan nang bis lan oplet. Wektusemono sepur jurusan Purwakerta – Wanasaba agi jaya-jayane bahan bakare batubara sing ketelah stingkul uga kayu. Ningen ora let suwe lokomotif deganti kambi mesin disel.
Bocah sekolah sekang tlatah Mandiraja lan Purwanegara sekang kulon seperangan gedhe mangkat nunggang sepur ana sing ngecer karcis arian utawa wulanan  sing ketelah Abunemen ... sing mangsude mbayar nggo wektu sewulan lan lewih ngirit sebabe murah tinimbang ngecer.
Dalan sepur Purwokerto - Purbalingga - Wonosobo agep deuripna maning, kahanan ril sing dawane 98 km pancen akeh sing ketutup bangunan awujud toko, kios, warung lan umah penduduk sing jeremonge nyewa saben taune lan detarik rutin nang PT KAI. Miturut Humas DAOP V Purwokerto, Surono dalan sepur Purwokerto-Wonosobo agep demolai taun 2016-2017 ngarep lan siki wis ana wara-wara sosialisasi maring masrakat khususe singngenggoni lemah lan ril sepur kon siap siaga sewektu wektu degusur.
Masrakat nang tlatah Banyumas Raya setuju lan ndukung anane sepur jurusan Purwokerto – Wonosobo ya ngiras nggo nostalgia uga sarana rekreasi kaya sepur Jaladara nang kota Solo sing kewentar sepur pariwisata. Angger klakon sedalan-dalan sepur kiye ngliwati kali Serayu lan desa-desa sing ana pemandangane mula cocog nggo sepur wisata ndean.
Jalur sepur Purwokerto – Wonosobo gemiyen deresmikaken nang perusahaan Hindia Belanda Serajoedal Stroomtram Maatchappij rikala tanggal 7 Juni tahun 1917 lan anane owah-owahan jaman sepur kiye detutup rikala tanggal 1 Agustus 1978.
Ningen ... siki pemretah liwat Departemen Perhubungan wis aweh restu malah aweh ancer-ancer tahun 2017 wis bisa operasi.
Sepur jurusan Purwokerto – Wonosobo angger pancen klakon deuripna maning bisa ngurangi kepadatan lalu lintas nang dalan gedhe sing siki wis padet lan sering ana kacilakan. Angger regane karcis murah ora mokal masrakat milih nunggang sepur tinimbang angkutan darat, ngiras plesiran ndeleng swasana pedesaan lembah Serayu.
Ningen mengkone angger pancen kaleksanan, kae bakul-bakul panganan lan jajan aja depenggak nggo nguripna ekonomi warga, gemiyen angger nang njero sepur akeh bakul pecel lan panganan liyane kaya nang tapsiun Klampok ana bakul pecel lan tahu, nang Purwonegoro ana bakul ayam goreng lan petis ayam, nang Mantrianom ana bakul gedhang godog, nang Kota Banjarnegara ana sing dodol manggis, duku lan salak, saben tapsiun tekan Wonosobo akeh bakul-bakul sing melu sepur uga asongan nang tapsiun. Mula seliane gawe lancar lalu lintas, jalur sepur Purwokerto – Wonosobo uga bisa nguripna lan ningkataken ekonomi warga. Nang sepur kuwe ora perlu ana restorasi utawa restoran khusus  cukup bakul-bakul cilik asal tertib lan ora nggangu kenyamanan penumpang. Men lewih tertib maing tukang ngamen lan pengemis ora olih operasi nang njero sepur.
Nggo jeneng sepur pancen apike ana mangsude promosi, wis ana sepur jurusan Purwokerto – Semarang dejenengi KA Kamandaka .. la sepur Purwokerto – Wonosobo apike apa jenenge ? Ana sing usul jenenge Adipati Mrapat, KA Argo Slamet Dieng ningen lewih cocog KA Bima Lukar, kiye tuk sing nang Wonosobo sing dadi cikal bakale kali Serayu lan miturut crita lan legenda Serayu, Bima utawa Werkudara sing trukah kali Serayu.
Jalur sepur Purwokerto – Wonosobo uga bisa aweh manpangat maring sektor pariwisata nang tlatah Banyumas Raya, nang Cilacap ana Bandara Tunggul Wulung lan Pelabuhan Laut Tanjung Intan , nang Purbalingga menkone ana Bandara Wirasaba lha angger ana sepur wisata kahanan tambah lengkap tlatah Banyumas Raya dadi tujuan plesiran sing maen.
Sepur Purwokerto – Wonosobo uga migunani nggo ajang pendhidhikan maring bocah sekolah, malah ana kabar lamona esih akeh bocah sekolah SD, SMP sing urung tau nunggang sepur ... jan melasi pisan, mula angger pancen nyata sepur mau arep deuripkaken maning akeh sing dadhi pelanggan nggo plesiran utawa usaha dagang. Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 29 Oktober 2015

Warga Banyumas Gole Berjuang tekan Magelang

PITUNG puluh  taun kepungkur, tepate antarane tanggal 31 Oktoner gutul 3 Nopember, para pejuang Banyumas melu Pertempuran Magelang. Pusat tentara  Jawa Tengah kawit zaman Landa gutul Jepang pancen nang Kota Magelang.
Tanggal 26 Oktober 1945, tentara Sekutu mlebu Jawa Tengah karo nggawa NICA sing ora liya warga / tentara Landa.  Kekuatan tentara Sekutu jan-jane mung sebatalyon plus, ana bantuan artileri, kavaleri, Zeni karo AU.
Tugas tentara Sekurtu melucuti senjatane tentara Jepang. Ningen sing gawe curiga, NICA uga nggawa KNIL. Tentara KNIL kiye sing katelah sombong, apamaning angger nglucuti senjata-senjata pemuda pejuang.
Mulane sering ana insiden kaya sing kedadiyan nang Magelang. Peristiwa Magelang  kiye gawe  pemuda karo TKR Banyumas atine nggrunjal. Apa maning bosaana perentah sekang Markas Besar TKR, daerah=daerah kon mbantu Magelang.
Sekang Purwokerto sing mangkat rong bataliyon gabungan sing dipimpin dening Dan Rem II Letkol Isdiman.  Batalyon Gabungan Purwokerto asale sekang Resimen I Purwokerto depimpin Imam Adrongi, nggawa 4 kompi eks Tentara Peta, Heiho karo K
NIL Frepubliken.  Tokoh-tokohe  antara liya Imam Soedjai, Wasito, Wahono karo Jamhoeri.
Sekang Cilacap, Gabungan Wijayakusuma  karo Resimen I Cilacap depimpin Mayor Soegeng Tirtosiwoyo. Tokoh-tokohe Rahmat, Yasir Hadibrata, Moelyono, karo Suparman.
Tanggal 11 Oktober Magelang tambah kacau, merga anane pasukan Gurka sing kawentar ganase, ugfa anane KNIL Ambon. Lewih gawe jengkel maning tentara Jepang ditekakaken sekang Semarang sing membabi bvuta nyembelehi rakyat. Kecatet ana 33 warga wadon karo bocahan sing disembeleh.
Pertempuran Magelang ora bisa dicegah, rakyat karo pejuang perang nglawan Sekutu. Rencana Sekutu arep nguasai Magelang gagal, kare terus dilawan para pejuang. Tanggal 28 November 1945, tentara Sekutu mundur maring Ambarawa. (dw/05)

Wis demuat nang Harmas 29 Oktober 2015

Friday 23 October 2015

Nyekolahna SK Pegawai lan Pensiunan



MENUNGSA nang alam donya anane mung sawang sinawang, akeh brayat sing nggambarna pegawe negri ekonomine beres sebabe olih gajih wulanan malah ana gajih 13 lan kasil liyane. Lha .... angger wis mangsane pansiun jeremonge wong nganggur debayar senajan ora genep kaya dhong esih aktip dadi PNS. Ningen angger detlisik sing terwaca, akeh pegawai uga pensiunan uripe kerangla sebab akeh tanggungane kaya nyekolahna bocah, ana sing kudu nguliahna, nicil umah, nicil montor lan keperluan liyane sing ora denyana-nyana kaya kondhangan, lara abot, mbantu wong tua/sedulur lan tilik kanca/sedulur sing adoh.
Ana guyun maton sing jeremonge mambu-mambu “surve” nerangna lamona saben 10 pegawe/pensiunan sing 9 uripe kerangla alias “gali lubang tutup lubang” sebabe gajihane entong nggo werna-werna keperluan. Mula ora aneh angger nang kumpulan pensiunan utawa dopokan nang bank panggonan pegawe njikot kredit utangan, ana sing sepuluh taun malah akeh uga sing wis ngancik 30 taun esih “desekolahna” nang bank sebabe saben 2-3 taun denggo maning sing kewentar “kredit pembaharuan” alias nyontok utawa nambahi utang sing donge meh lunas ningen detambah detambah maning sebab yakuwe ana keperluan kaya mbayar kuliah, malah ana sing nlangsani maning kaya utang bank nggo mbayar utang maning nang njaba.
Prekara utang maring bank jane sah-sah bae angger genah manpangate aja nggo laku konsumtip. Jaman siki angger nyekolahna anak kudu preyatin lan mateng iguh pertikele, kadarannyekolahna nang tataran SMA utawa SMK wong tua saben dina cucul dhuwit nggo transport, jajan, apamaning angger sekolah 5 dina kudhu mangan nang sekolahan sing cacahe lewih sekang Rp. 20.000,- angger anake papat ana sing nang SMP, SMA uga kuliah wah..... akeh pisan brekutenge, mula laku preyatin pancen kudu delakoni paribasane sikil nggo sirah, sirah nggo sikil, entong alas entong umah gelem ora gelem kudu delakoni, kecaba wong tuane olih warisan utawa ana usaha liya.
Inyong dadi mikir, angger deetung-etung dadi pegawe mbuh kuwe golongan siji, loro utawa telu ora bakal cukup ngatur ekonomi, apa maning angger ora duwe iguh pertikel sing cespleng. Jajal deetung. Pegawe golongan telu umume olih gaji patang juta, angger olih jabatan eselon bisa nganti limang jutaan. Siki mayuh dejembreng; duwe anak telu sekolah kabeh nganti kuliah, terus nggo mangan pedinan, mbayar tlepun, listrik, PAM uga nggo tukubengsin, ngrumat umah, tuku klambi, kondangan, tilik wong lara, iuran lan arisan nganah ngeneh. Gunggung kemprung bisa lewih sekang pitung juta.
Mulane inyong gumun angger ana pegawe golongan telu duwe umah maglong, pit montore papat, mobile telu. Kuwe dhuwit sekang endi? Inyong ora gumun angger akeh kanca awit dadi bakalan pegawe (Capeg) nganti pensiun (purna) esih pada nyekolahna beslit (SK) nggo utang bank nutupi kebutuhan kluwarga. Ngonoh, rika gari padha milih endi....?
Lha ... jaman siki akeh pegawe utawa pejabat sing dekunjara sebabe yakuwe mau ora bersyukur lan ora gelem priyatin malah ngumbar kekarepan urip sing mewah ora ndeleng antara kebutuhan lan kasil ben wulane. Jaman siki uga akeh wong urip ora nrima ing pandum mula duwe kekarepan gedhe dilakoni nglangar ukum lan tindak kriminal ya.... pog poge mlebu kunjara alias debui. Mulamayuh sedulur urip sing prasaja bae aja ngosi kemrungsung kadaran nang alam donya mung mampir ngumbe, kanggo generasi nom-noman uga kudu duwe iguh pertikel sing mateng aja ngosi keblusuk kaya generasi tua sing siki akeh sing mlebu penjara sebabe yakuwe mau tindak korupsi kriminal lan nglanggar ukum liane. Tumrap pegawe utawa pensiunan sing nganti siki esih nyekolahnya SK ya aja cilik ngati angger wis mangsane lunas mengko toli balik maning lan angger umure wis tua SK wis ora payu nggo boreh utangan . Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015