Dhong Rondha Andon Turu


Wanto Tirta

nyangklong keris numpak kudha
mudhun dingin liren jagongan
malem kemis donge rondha
goreng budin go medhangan
medang kopi karo udud
nyipi runtuk gedhang sriping
wayah wengi akeh lemud
mata ngantuk melek maning
nandur sladha medang jambu
gawa kawat mbandhem dukuh
agi rondha turu nggardhu
maling liwat ora weruh
aja ngindha mlumpat sumur
weruh benting deselah gubug
jere rondha andon turu
sing penting mangkat tetep guyub


0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...