Ngenteni Jatah Raskin sing Petha

BUBAR bada egin akeh wong nyimpen raskin, merga jatah wulan puasa wingi urung entong depangan. Jere wulan puasa kon mangan raskin ya sepa rasane. Mangkane dina Kemis kiye jatah wulan Agustus wis mulai medhun.
Mulane awan-awan wingi  warunge Biyunge Blokeng kayong agi degrudug warga se-RT. Bibi Rijem, Biyung Dati, Yu Nah apajere Nini Runtah padha nggendhong jatah beras wong mlarat utawa raskin meng warunge biyunge.
‘’Yung kiye jatah raskinku delambangi beras IR olih pirang kilo?’’ takone Bibi Rijem.
‘’Kiye mbok butuh binah glepung jatah inyong limolas kilo ya arep tek dol kabeh,’’ omonge Biyung Dati.
‘’Inyong arep tek dedol nggo tuku beceran bae, wong wingi bar olih bawon IR,’’ Yu Nah melu nyelani.
‘’Kiye raskin inyong nggo agan nyicil utang beceran wingi bae,’’ gari Nini Runtah sing alok.
‘’Kiye tah inyong puyeng kiye. Deneng kabeh padha gemboran maring inyong. Mbok ya dedol meng kota nganah,’’ ujare biyunge bingung.
Bapane sing agi madhang metu, kepengin ngertri jane ana apa  warunge kayong reyang pisan.
‘’Lha kuwe ana bapane, sing sok ngertian kiye jatah raskin wulan mburi ireng dheteng, ambune apek mbelek. Bosanu ngesuk tampa beras lawas maning,’’ Biyung Dati esih morot-morot.
‘’Inyong nembe madhang raskin deneng ya ora ireng. Mbuh kepriwe, biyunge sing adang,’’ jere bapane.
‘’Gyeh, ari inyong tah angger adang raskin, gole mesusi ping kopang kaping ben berase bresih. Nggo ngilangi apek, teksogi pandhan gole ngaru,’’ ujare biyunge.
‘’Lah ora, inyong njaluk delambangi beceran bae kiye,’’ Yu Nah tetep ngotot.
‘’Ya wis detampani bae biyunge, ari etungane bener ora nana sing rugi ya ngonoh padha derembug,’’ bapane ngomong maning.
‘’Lha tela si ngapa, mesthi padha dodol raskin ya?’’ Man Tano sing nembe teka mbedhek.
‘’Koh ya arep melu ngedol jatahmu, Tano?’’ takone bapane.
‘’ Inyong tah ora, beras limolas kilo kena nggo nyumbang sepuluh nggon, wong siki agi labuh wong mbarang gawe maning,’’ semaure Man Tano.
Guru Sikun teka-teka ya gedheg-gedheg weruh warga RT padha gemridig maring warunge biyunge agep padha dodolan raskin.
‘’Ujarku plekara raskin koh ora nana poge, awit kuna mekuna sing nampa ora tau bombong. Ana bae plekarane,’’ jere guru Sikun.
‘’Genah iya koh, wingi tangga desa jere jatah raskine saben sekandhi kurang sekilo. Siki gari desane dhewek, berase ireng. Moga-moga bae jatah ngesuk mandan petha’’ ujare Man Tano maning.
Jere dina Kemis kiye ana 27 ewu ton raskin sing agep deglontor nggo 124 ewu lewih keluarga sing mlarat. Warga padha ngenteni  jatah raskin kiye sing mandan petha kena depangan nganggo lawuh apa bae, aja kaya sing wis-wis..
Karuan sih regane mung 1.600 sekilo ningen tuli anu desubsidi rakyat, dadi kudune raskeine tya sing mandan petha. Dadi jatahe ora padha dedoli maring warung warunge biyunge. (02)

Wis demuat nang Harmas 30 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...