Pabrik Tutup, Akeh Panji Klanthung

SEDURUNGE mangkat ngodhe, Bapane Blokeng  ngrewangi natani dagangane warunge biyunge. Mendi sing perlu dejogi, mendi sing kudu kulakan maning. Tanggal tengahan kaya biasane nyatheti kebutuhan warung nggo sewulan.
Agi beres-beres kaya kuwe Guru Sikun teka, saraungan karo kuplukan agep pengajian nang mesjid.
‘’Gasik temen gurune, apa wedi mbok ora uman saf ngarep gole sholat?’’ takone bapane.
‘’Inyong mampir ngeneh wong kepengin gendhu-gendhu rasa karo rika,’’ omonge Guru Sikun  lirih.
‘’Medeni temen, kayon ana sing wigati apa,’’ takone bapane maning kambi njireti dagangan.
‘’Ora medeni kepriwe, wong anak inyong mbarep siki dadi panji klantung. Kodheane wis tutup mangkane esih kudu ngempani anak bojo,’’ ujare Guru Sikun tambah nglokro.
‘’Wong kakine esih rosa ikih, sedurunge olih gaweyan direwangi dhisit sih ngapa. Sekrunguku sing padha ngodhe neng pabrit aci mbok padha olih pesangon,’’ ujare bapane.
‘’Ngodhe meh selawe taun awit bujangan olih pesangon rong puluh juta punjul sepethil. Karepe agep nggo bukak dagangan cilik-cilikan,’’ jere Guru Sikun.
‘’Agep mbukak warung anyar,  kesirihan warunge biyunge apa?’’ Man Tano sing nembe teka nyelani .
‘’Kesirihan kepriwe Man. Wong agi crita anak inyong agi kelangan gaweyan merga tokone tutup,’’ Guru Sikun negesaken.
‘’Oh, angger agep bukak dagangan nyewa kiose  Kaji Lehan bae tolih maen-maen,’’  usule Man Tano.
‘’Kaya agi duwe pawitan sepira lha, tuku kios gari grok. Wong anu dhuwit cupet kudu dejambrang-jembreng  nganah-ngeneh isine ya puyeng thok,’’ jere Guru Sikun maning.
‘’Dadi angkahe arep kepriwe?’’ gari biyunge melu takon.
Guru Sikun banjutan njlentregaken agep gawe gubugan mbuh nggo dodolan bakso apa sroto. Ana gedhangan seclebek anu warisane ninine siki agi detegori, mengko warunge madeg neng ngkono.
‘’Ya kebeneran angger kepengin mbakso apa nyroto ora susah maring kota. Jenenge bakso apa jere?’’ Blokeng melu ngomong.
‘’Lah mikire urung gutug ngonoh Keng. Bisa bukak usaha bae wis lumangyan kena nggo nyambung urip,’’ jere Guru Sikun maning.
Tutupe pabrik aci nang taun angel kiye pancen gawe kaget wong sepirang-pirang. Ingatase segedhe-gedhene pabrit sing umure wis 25 taun bae ora kuat nerusaken usahane. Mangkane pegawene ana satus punjul. Apa enggane arep padha dadi panji klanthung sing yab-yaban ora nggenah?
Bapane dadi kelingan, wis ana pirang-pirang usaha gedhe sing padha tutup. Ganu ana pabrit roti tutup gara-gara ora kuwat tuku bahan bakare. Urung pabrik sohon apa mi, siki gari pabrik aci. Jaman apa-apa larang, usaha malah padhba tutup.
Mbatine bapane, wongsaha gedhen bae bisa bangkrut, apa maning warung cilikan kaya biyunge!. (Besutane Kang Didi Wahyu - 05)

Dimuat Harmas 17 September 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...