Dearani Kesambet Randhu Alas

(Dopokan 29 Januari 2015)
Besutane Kang Didi Wahyu

WIS pirang dina Man Tano ora kemlendhang liwat ngarep warunge biyunge. Mangkane biasane laut sekang dudhuhan ura-ura sedawane gili si ng deliwati. Mulane wong nang warunge biyunge Blokeng padha alok, kelangan Man Tano.
‘’Ora rame angger kandhahan langka Man Tano,’’ ujare Kang Rowes.
‘’Lah bosanu angger ngomong asal cemlong,’’ Kaki Alas melu ngomong.
‘’Apa rika ora padha krungu Man Tano wis ngglethak ana seminggu,’’ ujare Bi Rijem.
‘’Biyuh-biyuh anu lara ngapa jere kuwe?’’ takone biyunge.
Bi Rijem banjutan crita lamona mriyange Tano bar desambat kon negor wit randhu neng alas gedhe duweke desa. Bali negor koh awake panas, tangga teparone padha ngarani Tano kesambet wit randhu alas.
‘’Ya bener wong jaman kakine inyong bae langka sing wani negor koh,’’ jere Kang Rowes.
‘’Pancen bolak-balik desa kongkon tukang ator langka sing wani negor. Koh dadi Tano-wani-wanine. Kue sing dearani kesambet ran dhu alas,’’ ujare Kaki Alas.
‘’Agi padha gegoh apa, banenen koh anget temen,’’ bapane Blokeng sing nembe bali ngodhe takon.
‘’Kuwe, Man Tano jere mriyang merga kesambet belis wit randhu alas,’’ jere biyunge.
‘’Sing crita sapa kue?’’ takone bapane.
‘’La kae, Bi Rijem mbok tangga batian karo Tano?’’ ujare Kang Rowes.
‘’Angger wis liren ya nganah tilik mertakaken. Jajal deboncengaken maring nggo pak mantri,’’ ujare biyunge.
‘’Mengko bareng inyong tilike. Inyong ya kepengin mertakaken’’ ujare Guru Sikun  nyelani.
Bosa Bapane karo Guru Sikun padha tilik Man Tano agi  nggletak neng salu, ngathang-athang ora bisa ngapa-apa blas.
‘’Awake angger demek panas pisan, ningen jere rasane atis malah sering ndrodog. Ancengane sega jangan apa jere embes-embes dage klangenane, ora desongol-senggola. Karepe malah glenggam-glenggem ngumbe terus,’’ jere Bi Tano.
‘’Lha sepet mriang, gole mertamba ya wis degawa mendi bae,’’ takone bapane.
‘’Ya dejalukaken tamba maring wong tua, apajere depijet mbok mriang jalaran kesel,’’ semaure Bi Tano.
Bapane karo Guru Sikun weruh ana banyu kungkuman kembang setuwung, karo bekas obongan menyan nang longan. Guru Sikun banjutan ngrisiki bapane, sing dekrisiki manthuk-manthuk.
Banget bingunge, anak bojone Man Tano mung bisa mrebes mili karo mingseg-mingseg. Bapane banjutan temandang, banyu kungkuman kembang dejukut.
’’Kiye tek buang dhisit mengko tek goletna gantine ,’’ ujare bapoane kambi mbuang banyu karo menyan sing nang longan.
‘’Kiye anaku sing ngodhe nang Puskesmas titip obat nggo ngedhunaken panas,’’ ujare Guru Sikun kambi ngulungaken tambane.
‘’Niki deumbe ping pinten gurune?’’ takone Bi Tano.
‘’Sedina ping telu, mengko angger ora mari tek gawane maring puskesmas,’’ semaure Guru Sikun.
‘’Kiye angger kepengin mari tambane deumbe dhisit Tano,’’ kongkone bapane.
‘’Rika deneng padha ngerti inyong ambruk sekang mendi,’’ takone Man Tano lirih.
‘’Sekang siaran TV rame pisan, ngabaraken rika mriyang,’’ guru Sikun sing semaur.
Limang menit bosa deumbeni obat panas, kringete Man Tano dleweran. Bosa delapi bojone, panas bathuke mandan medhun. Bapane kambi Guru Sikun banjutan pamitan Wong loro sedawane dalan padha ngomong Tano ora kesambet wit randhu alas, ningen merga lara panas.***

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...