Monday 12 October 2015

Naker Kebanyumasan Wong Banyumasan

WONG Banyumasan ya kuwe, wong sing wis suwe urip neng tlatah Barlingmascakeb (Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen lan sekubengane). 
Wong sing wong tuane sekang Barlingmascakeb, ningen netep neng njaba tlatah Barlingmascakeb seperlu nggolet upa lan esih ngugemi tata cara Banyumasan. Wong Banyumasan sing babar pisan ora tau bali maring asal tanah leluhure, sing wis pitung turunan urip neng tatar kabudhayan Pasundan (Serang, Pandeglang, Tangerang).
Leluhure ndhisit-ndhisite serdhadhu Senapati Mertasura (Adipati Yudanegara I), Senapati Mertayuda (Adipati Yudanegara II) lan Senapati sekang Panjer (Kebumen). Dheweke dadi bala perang Metaram ngrebut tlatah kulon sekang tangan Portegis lan Landa. Gutul siki wong-wong kiye esih mitutur basa Banyumasan koek.
Wong sing asal-usule sekang endi bae, ora pandhang sekang Yogya, Solo, Ngarab, China, Ngindia, sing wis suwe pisan urip nyecep banyu lan gupak tanah Barlingmascakeb, sing wis suwe ngoyod aring samubarang sing sarwa Banyumasan.
Angger detlusur-tlusur, kayonge langka wong Banyumas sing getieh asli Banyumas merga wis kecampur liwat perkimpoan getih. Kayonge uga, wis langka kabudhayan sing bener-bener asli Banyumas, merga kabudhayan Banyumasan sing asli wis ngalami akulturasi kambi kabudhayan liya. Sing ana, ya kabudhayan sing dominan Banyumas, sing arane kabudhayan Banyumasa kasil perkimpoan budhaya (akulturasi).
Perkimpoan getih lan kabudhayan sing tau kedaden ya kuwe antara  peyayi Pasirluhur-Pasundan, peyayi Banyumas-Majapait, peyayi Banyumas-para juru syiar agama Islam sekang Hadramaut.
Taun 1700-an, keraton Metaram neng Kerten (Bantul DIY) deserbu serdhadhu Trunajaya ngasi keratone mosak-masik. Kepeksane, Sunan Amangkurat I lan kerabate kaya dene prameswari, selir, putra-putrine, para abdi daleme, ponggawane, sisan dhalange lan sindhene (kur gamelane sing ora melu degawa merga abot lan rebyeg) ngili. Panji-panji keraton kaya dene umbul-umbul lan pusakane melu degawa (ana sing desimpen neng Kalisalak Kebasen). Saking akeeh sing ngili ngasi bisa dearani  bedhol keraton.
Sunan Amangkurat I madan suwe mandheg neng tlatah Panjer (Kebumen) merga nandang gerah. Banjur nerusna ngili maring arah ngulon nururt pesisir kidul ngliwati Petanahan, sekang pesisir mbedhal maring ratan Kroya lan mandheg suwe neng tltah Banyumas. Neng Ajibarang, Sunan Amangkurat I, jenasaeh desirami neng Pasiraman, banjur desarehna neng Tegal Arum Kabupaten Tegal. 
Neng sedawane dalan sing deliwati ngiline Sunan Amangkurat I akeh kedadean perkimpoan getih antara kerabat Metaram kambi Banyumas, kaya dene antara putri kandhut Amangkurat I (Putri Kleting Kuning) kambi Yudanegara II, lan para ponggawa Amangkurat I kambi para ponggawa Yudanegara II. Uga akeh kedadean perkimpoan kabudhayan, ya kuwe anane kesenian anyar Jemblung sing urip neng tlatah Gombong, Tambak, Sumpiuh, Kroya. Kesenian kiye ana merga  rombongan Sunan Amangkurat I tau mandheg suwe neng tlatah kuwe. Ketimbang nglangut ora nana hiburan, nggo nglipur ati lan ngguang rasa kesel, dhalang, sindhen lan penayagan sekang Metaram padha wayangan ora ngganggo tabuan tutuk (acapela). Wektu semana, neng rombongane ana dhalang peng-pengan sing dadi dhalang kinasieh Sunan Amangkurat I ya kuwe Ki Lebda Jiwa sing uga leluhure Dhalang Ki Enthus Susmono.
Tuladha salah siji perkimpoan kabudhayan neng Banyumas ya kuwe neng desa Karangdadap Kecamatan Kalibagor, tengere akeh penggiat seni tradisional Metaraan, merga sindhen lan penayagane Sunan Amangkurat I akeh sing turun temurun neng desa kuwe. 
Kenang apa wayang gagrag Banyumasan kepengaruh  gagrag Solo, ora kepengaruh gagrag  Yogya, magane Sunan Amangkutat I sekang Keraton Metaram Yogya? Jawabe,  keraton Metaram neng Kerten Bantul musnah, Sunan Amangkurat II banjur nggawe keraton anyar neng Kertasura (Solo). Kadipaten Banyumas tetep dadi kadipaten perdikane Keraton Metaram sing neng Kertasura.
Kabudhayan Banyumas mundur rikala ana tragedi pulitik taun 1965. Kesenian lokal akeh sing sumurup merga olih stigma negatip. Lewih mundur maning rikala ana kedadeyan reformasi pulitik 1998. Modernisasi lan kemajuan ilmu pengetahuan uga marekna  kabudhayan manca nggerus kabudhayan asli Banyumas. Pranata sosial lan budhaya dadi padha ruwag. Relasi sosial horisontal lan vertikal melu ruwag. Semana uga, nilai-nilai lokal. Kearifan lokal lan jatidiri Banyumas akeh sing sumurup.
Kabudhayan tansah dinamis. Akulturasi kabudhayan angel depenggak. Bisane kur desaring. Wong Banyumasan ya wong Barlingmascakeb sing getieh wis kecampur-campur, sing kabudhayane wis ngalami akulturasi. Takeran kabudhayan sing pas ya sing akeh kandhutan rasa banyu kali Srayu lan rasa lemah Gunung Slamet. (Hari Widiyanto)

Wis demuat neng Harmas 7 Mei 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...