Krisis Budi Pekerti

AKEH sing nyebut  Bangsa Indonesia siki lagi nglakoni krisis budi pekerti, krisis pikiran  sing apik, bening sekang sekabehe bagian bangsa Indonesia sing wutuh.Babagan kiye keton sekang pirang-pirane  konflik neng tataran elit sing neng ndhuwur semana uga neng akar rumput.

Kanggone  generasi nom-noman , kudu eling maring anane  ‘’telung sindrom alzheimer’’ bangsa. Yakuwe kelalenan, munafik karo  amok. Aja ngasi nalika neng tembe mburi dadi pemimpin , krisis budi pekerti esih ditemoni. Antarane lembaga negara , utawakelompok masyarakat esih padha cakar-cakaran.

Ngomong plekara budi pekerti, dadi kelingan pinemune trokoh pendhidhikan
Ki Hajar Dewantara. Miturut pendiri Perguruan Taman Siswa kiye pendhidhikan jan-jane upaya kanggo mujudaken budi pekerti (kekuatan batin), pikiran (intelek) karo jasmani siswa, kanggo maring urip ngarep sing lewih apik.

Selitane ajaran budi pekerti, sing ora kalah wigatine  ajaran sing debungkus dadi ajaran utawa teori among, sing ana telu yakuwe:

1.   Ing ngarso sung tulodho:

Artine dadi pemimpin agi dhong neng ngarep kudu bisa aweh tuladha utawa conto siing apik. Apik budi pekertine, kepinterane karo ketrampilane.

2.   Ing madyo mangun karso:

Artine dadi  pemimpin agi dhong neng tengah, kudu bisa mbangun, gotong royong karo wong-wong sing depimpin. Ora mung bisa mrentah,, ningen ugakudu bisa tur gelem “tandang gawe”, yakuwe deperentah nang kekarepane dhewek..

3. Tut wuri Handayani:

Tegese, minangka pemimpin agi dhong neng mburi kudu bisa nyurung, karo awe semangat (nyurung karep) maring kanca batir kabeh.

Pinemune  Ki Hajar rasa tersna, rasa nyawiji,  rasa karo kahanan jiwa umume, banget manfangate kanggo kelangsungane proses pendhidhikan.

Teori Among perlu kesabaran kanggo nerapakene. Ketone nang teori kiyekepengin aweh gambaran ideal neng babagan  peran menungsa neng sekabehe panggonan (lini). Nang sejrone  konsep among, menungsa sing ideal, yakuwe wong sing bisa meranaken neng endi bae papane. Mbuh nang ngarep, tengah, utawa mburi.

Nang endi papan panggone, wong sing ideal kudu bisa aweh peran sing migunani tumrap wong sekubenge. Luar biasa pancen   teori among kiye. Ki Hajar Dewantara wis bisa mbuktekaken  minangka figur sing dadi tuladha karo dadi  panutan kanggo insan pendhidhikan nang Indonesia, malah nang mancanegara.

Akeh  teori sing dikasilaken  Ki Hajar Dewantara  nang mangsa penjajahan. Ningen akeh teorine sing esih relevan karo kahanan jaman siki. Mulane ngadhepi Hari Pendidikan Nasional 2 Mei sing dadi dina kelairane Ki Hadjar, ora nana salahe padha ngrenungaken ajaran-ajarane sing migunani. Kayata budi pekerti sing wis akeh detinggalaken ngasi bangsa kiye dearani lagi ngalami krisis budi pekerti. (dw/05)




0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...