Bithing Ranggalawe, Sekaten Lan Penatus

PEMILU ..... ya Pemilihan Umum nggo milih Presiden lan Legislatip uga Pilkada nggo milih Gubernur, Bupati/Walikota klebu Pilkades sing jeremonge hajat “pesta demokrasi”. Kanggone masrakat angger ngerti lan krungu tembung “pesta” mesti nggambarna akeh panganan lan umben-umben enak, nganggo klambi anyar tur maen, ana keramaian, ana suguhan werna-werna sing mbombongaken lan maregna weteng.
Lha.....pesta demokrasi kaya Pemilu, Pilkada lan Pilkades ora adoh kambi pesta ulang taun, pesta perkawinan lan pesta-pesta liyane sing gawe bungah. Pengerten pesta deplesetaken kambi dol tinuku bithing (suara), pembagian kaos, jaket, sembako lan sing umum ya dhuwit sangu sing jeremonge nyrempet-nyrempet “politik uang”.
Nang tlatah BARLINGMASCAKEP molai anget anane rencana Pilkada nang Kabupaten Purbalingga lan Kabupaten Kebumen nang wulan Desember 2015 sing jeremonge Pilkada serentak ningen pendaftaran uga glenak-glenik wis regeng kabeh kepengin menang. Wis klakon ana koalisi-koalisian parte sing agep ngusung lan ndukung pasangan Calon Bupati/Wakil Bupati. Seperangan masyarakat uga ana sing molai “Parak” nggolet rejeki kaya tukang sablon kaos, tukang jait klambi, percetakan srana kampanye uga....dukun sing dejaluk bantuane nggo menangna calon Bupati men lewih mantep maning.
Jeremonge KPU lan Panwas angger ana kumpulan ngundhang calon pemilih nang bale desa utawa panggonan liyane si calon lan tim sukses nyuguh panganan lan nyangoni dhuwit nggo transpot ora klebu politik uang, jere lumrah wong ngudang rakyat sing pada nggawa pit montor, mobil ya perlu bengsin, sing mlaku lan ngepit ya idhep-idhep nggo tamba bengkek.
Bab aweh wuwur inyong ora agep nyritakna bab Pileg (pemilihan legislatif) utawa dhong pemilihan DPRD Kabupaten Banyumas Pemilu ganu. Pengalaman sing tek lakoni dhewek senajan kalah wurung dadi anggota DPRD Banyumas ningen bathi bisa nulis lan gawe buku lika-likune melu nyalon anggota legislatif kaya kiye critane.
Dhong Pileg 2014 ganu inyong nyalon lewat parte GOLKAR nang Daerah Pemilihan Banyumas 4 (Kecamatan Purwokerto Barat, Timur, Utara, Selatan lan Patikraja). Urutan calon nang nomer 2, ningen sing dadi saben Dapil mung siji, inyong klebu sing wurung gagal sebabe kurang bithinge.
Nembe ketes-ketes jlang maring ndesa-ndesa wis dedhel dhuwel brekutenge, ana calon pemilih sing njaluk dedandani dalane, ngrehab umah, njaluk kaos....sing sering njaluk sangu. Inyong ora mbentuk tim sukses akeh-akeh kur 14 wong, tugase nyebaraken penanggalan, stiker kambi bendhera partai, buku visi-visi lan alat peraga liyane.
Crita cekak aose bae, sapa wonge sing niat nyaleg angger wedi aja wani-wani lan angger wani ya aja wedi-wedi kiye sesantine klebu angger agep nyalon Bupati lan wakil Bupati. Sing jenenge wuwur wis ana nang jaman kuna lereng lan ora bakal bisa deilangi angger menungsa isih “doyan dhuwit” kaya siki.
Pileg utawa Pilkada sing duwe modhal akeh ya kuwe sing menang angger kepengin dadi Bupati jeremonge ora kurang sekang Rp. 5 milyar nggo biaya “tunggangan” parte lan kampanye detambah wuwur, angger ngarah aman malah jeremonge nganti 10 – 20 milyar perak, kuwe bae angger ana sing ngungkuli bisa wurung alias kalah. Mula ora aneh angger ana Pileg utawa Pilkada jan masyarakat pesta temenan. Ukuran caleg DPRD Kabupaten sing wis kebukten uga ora bisa depungkiri si Caleg sing menang ngetokna biaya Rp. 500 juta ngosi Rp. 1 milyar, nggo DPRD Provinsi lewih sekang Rp. 1 milyar lan DPR RI ana buktine antara Rp. 5 milyar – Rp. 10 milyar, jajal apa ora bengel, kepilih ya bangkrut ora kepilih sengsara nemen lan akeh utange ora nana janggan nggo mbalekna modhal.
Ana wadanan nggo wong sing kalah nang Pilkada utawa Pileg ya kuwe entong alas entong umah, entong gabah entong sawah, entong bebek entong meri lan entong pedet entong sapi. Ana sandi nggo dol tinuku “bithing”  utawa suara, angger jaman Pileg ganu kewentar wuwur dhuwit ... utawa sangu sandine “Ranggalawe” tegese saben bithing siji regane                  Rp. 25.000,- ana sing ngaceki jenenge “Sekaten” utawa “Polset” regane Rp. 50.000,- utawa pol-pole seket ewu, panas kepengin ngaceki si Caleg ngrogoh kanthong maning sandhine “Penatus”.....ya mangsude Rp. 100.000,- saben bithing.
Mula aja kaget angger pemilih cokan teka nganah-ngeneh angger deundang kumpulan lan kampanye, pokoke pemilih teka lan ngomong ndukung saben Caleg. Mula akeh pemilih sing bisa ngantongi 5-10 amplop jalaran teka nganah-ngeneh, kuwe ya ora salah wong jenenge “pesta” lan uga nyenengna si Caleg angger kumpulan detekani wong akeh, mbuh mengkone nang TPS. Tim sukses uga ngerahna warga men dearani ngodhe lan sukses ngumpulna calon pemilih. Klilan (Bambang S Purwoko)

Wis demuat nang Harmas 7 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...