Tuesday 6 October 2015

Buku Racikan Gamelan Basane Landa


SING padha kuliah duwur-duwur nang bidang seni. Olih tugas sekang perkulihane kon gawe sejarah perkembangan gamelan nang Banyumas. Nang kene pentinge ngerti gamelan ringgit. Wong nulis pengembangan, patute ngerti kawitane disit. Ora maido bothekan budhaya akeh sing padha umpetan. Umpetan tulih udu punah.
Akeh para mahasiswa sing padha takon anane bothekan-bothekan kuwe, nggo ngrampungna studine. Anane mahasiswa ketarik nulis racikan gamelan  Banyumas, bisa dadi srana usaha pelestarian, pengembangan, uga pemberdayaane.
Ningen wacan mau anane neng negara Landa. Angger mikir menganah maning, apa dhong Landa njajah negarane dhewek banjur landa sing ahli kebudhayaan apa ora padha nulis. Apa padha nulis ningen ora detidhokena maring penginyongan. Buktine inyong dhewek dhuwe buku jenenge “Kawi javaansch” tulisane jawa. Serat isi tembung kawi tegesepun Tulisan jawa tek latinaken. Sing nulis wong landa ora tek sebut jenenge, kandele buku 576 halaman.
Mengkanaa jane wong landa gemiyen dhong njajah Indonesia, kelebu neng Banyumas, kayane padha nulis budhaya-budhaya sing ana neng masyarakat. Tembung kawi, kuwe istilahe wong jawa. Landa ngarani kawi, kuwe jawa kuna. Dadi ana wong landa nulis buku ngganggo jeneng “kawi” kuwe penulise gelem ngregani maring wong jawa. Basa kawi anu campurane jawa dheles karo tembung-tembung sanskerta. Neng landa darani jawa kuna (kapustakan jawi kaca vii-x).
Ana maning buku isine racikan gamelan, klebu calung, wis de tulis uga. Nganggone basa landa. Lah kiye neng kene inyong kepengin banget duwe sedulur pinter basa landa. Perlune nggo ngonekena buku- buku sing basane nganggo basa landa. Nggolet sedulur ana perlune.
Kayane silingane kayong wis madan kadohen. Mayuh balik maning maring tinggalane si  kaki , wujude bothekan budhaya Banyumasan. Kiye gari kemutan “KENTRUNG”. Sekiyene mbuh umpetan neng ngendi. Kentrung kuwe wujude trebang gedhe. Ya arepa sing nabuh wong siji, tetepa ya patut de arani kesenian. Laguning tembang de iringi kentrung. Tembange werna-werna. Dhong ana sing nganggo lagu kidungan. Ana sing macapatan. Ana sing ora genah. Kabeh mau gumantung tukange kentrung. Arang de tanggap. Tukang kentrunge butuh isi weteng, banjur akehe mbarang.
Jaman semena tahun 1960-kan. Mbarange dewei beras secemung. Gawane kanthong gandum. Kadhang nganggo sarung sing nggo wadah beras. Angger kira-kira mandan abot berase, tukang kentrunge bali. Let pirang ndina teka maning, genti umah sing de barangi. Mbarang , cara siki ngamen. Sewenehing ewong ana bae sing seneng ngrungokena kentrungan.
Lagu kentrungancara sekiyene ya anu ora ngenut.Lagu kidungan, ura-ura, senajan ora ngenut kepenak swarane. Maksude de rungokena kepenak. Kentrunge nggendhungi lagu. Cakepan utawa saire uga werna-werna. Wujude sair ana parikan,kidungan, uga mantra utawa donga.
Kawitan lagu nganggo uluk salam, penutupe nganggo donga penyuwun slamet. Kiye tek tulis, sekemutane. Utawa maning angger guli nulis genep banget,malah ndarani mantan tukang kentrung. Padune!
Saire: Parikan
A.    Kula nuun gremet-gremet
Majikan dundum ngge tamba mumet
Kula nuun gremet-gremet
Majikan dundum,kula enget
Kula nuun gremet-gremet
Majikan dundum, mengkine slamet

B.    Kura-kura di dalam prahu
Kala jengking mati sendiri
Pura-pura tidak tahu
Lama-lama pusing sendiri

C.    Kupat de siram santen
Lepate nyuwun pangapunten
Mikul suket sukete grinting
Mbleketaket nanggape maning

Nanggap maning. Sebabak secemung. Limang babak limang cemung. Sesuk olih sekandhi. Teluk esuk maning wis ora ngentrung. Dadi bakul beras. Kuwe tuli kari saben umah nanggap. Angger mbeke dhog thongkrong urung nganti labuh, sing duwe umah metu. “Ngapurane nembe arep nutu”. Parine esih depe mbeke arep nutu.Ya lasun. Lah kiye sing marekena tukang kentrung bola-bali ngetungi umah. ( Darkam Anom Soegito/05)

Sumber Foto

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...