Gagahe Ngungkuli Joko Kaiman

(Dopokan 22 Januari 2015)
Besutane Kang Didi Wahyu

BIYUNGE kaget esuk-esuk ana mobil ireng mandheg nang ngarep warunge. Bosa dhayohe medhun, jebul Kang Igit peyayi kabupaten sing manggon neng prumahan. Lewih kaget maning weruh Kang Igit nyandhang kaya kethoprak, nganggo beskap karo blangkon.
‘’Lha gagah temen ngungkuli Adipati  Joko Kaiman, mbok siki durung mangsane hari jadi?’’ takone biyunge.
‘’Apa arep dadi among tamu, sapa sing mantu deneng inyong ora krungu,’’ Man Tano melu takon.
‘’Yung, Man Tano, kiye udu klambi kethoprak udu among tamu. Ningen srahame wong kabupaten siki,’’ ujare Kang Igit kambi ngemek brengose.
‘’Jan pancen maen pisan siki. Kabeh pejabat nyandhange adat banyumasan kaya kuwe,’’ bapane ngomong kambi nyalami dhayohe.
‘’Kuwe deneng nganggo salaman mbireng bapane,’’ takone Man Tano.
‘’Rika ora krungu apa? Kang Igit siki dadi kepala taman wacan,’’ bapane negesaken.
‘’Oh, kaya kuwe. Ujarku lah egin camat Basen,’’ ujare Tano kambi melu nyalami.
‘’Rika kemutane ya Kang Igit esih camat bae. Kedlingan dhong kenang grebegan adu jago, sing nulungi pak camat’’ Guru Sikun ngelingaken.
Tano mung mesam-mesem kambi klicutan. Sepisan ora sepisan melu adu jago kecekel, wong sedesa padha kelingan bae. Pancen barang ala, angel ilange. Angger barang wangi lha cepet ilange, pikirane Tano.
‘’Kiye inyong mburu cepet bapane. Kae wit pelem ngarep umah inyong rubuh kenang angin. Jajal depaprali sisan,’’ jere Kang Igit karo pamitan.
‘’Iya mengko, masa ora tek tilikane,’’ ujare bapane.
Bosa Kang Igit lunga, kandhahan plekara klambi kethoprakan detutugma maning.
‘’Jaman Kakine inyong dadi pegawe tah, ora nganggo kathok ireng kaya kae. Ningen beskap karo bebed,’’ ujare bapane.
‘’Iya inyong ya menangi, wong kakine bapane siji-sijine klerek nang sepur SDS,’’ jere Man Tano.
‘’Beskape ora ireng ningen putih, nang sak ana gantungan kuku macan,’’ biyunge melu ngomong.
‘’Ari kaki inyong wong tani bekikuk, mangkat sawah ya lancingan,’’ Guru Sikun nyela ni.
‘’Siki tah sarwa-sarwi ireng, tur nganggo kaos Bawor. Ningen angger piyayane dhasar gagah, ya tambah gagah,’’ jere bapane.
‘’Lha agi kae inyong weruh Pak Ganjar nganggo busana adat banyumasan ya maen pisan. Malah melu jogedan karo lengger nang alun-alun,’’  jere biyunge.
Pancen siki aben kemis penjabat nang kabupaten kudu nganggo klambi adat banyumasan. Tujuane kanggo nguri-uri budhaya Banyumas sing agep ilang. Wong siki akeh sing isin ngomong banyumasan, jere swarane benyek kaya wong ndesa.
Ningen siki wis ana layang sekang bupati lamona pejabat gutul kepala desa, mengko-mengkone kabeh kudu nyandhang banyumasan nalika ngodhe. Paling ora dhong hari jadi wulan Apriul mengko, kabeh pegawe pemkab kudu wis biasa nganggo beskap karo blangkon.
Kaya ngapa mengko maene, padha upacara nang alun-alun seragame beskap. Kaya jaman Mataram, agi demang-demang karo lurah kumpul nang alun-alun. Bedane siki alun-alune gemebyar listrik karo banyu mancur.***

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...