Friday 9 October 2015

Lakone Pegawe Blekethir, Ketara, Ketarik…Ketriwal

JAMAN  wis merdhika ora nana maning menungsa kerangla, kabeh wis ngrasakna keadilan, kudune ora nana uga wong sing ngethiplakna  siji lan sijine. Pamong praja uga adil maring bawahane, pimpinan perusahaan uga kudhu temindak adil maring buruh lan pegawene, juragan, mandhor, pengusaha lan sing kejibah dadi majikan aja sewenang-wenang...
Sering ana kedadean nang pomahan, akeh pembantu utawa rewang sing deaniaya, raine disretika, desiram banyu panas, desiksa ora olih mangan pirang-pirang dina. Khanna majikan sing cokannyiksa rewang uga salah sijining tindak nglawan ukum sing kewentar KDRT (Kekerasan Dalam Rumah Tangga), sapa sing nglanggar bisa depidhana abot.
Crita bab lakone wong cilik ora nana poge mbuh nang kota utawa nang ndesa. Kiya conto sing cokan marakna trenyuh angger ana wong mbranggawe mantu, nyunati utawa rapat lan pengajian, biasane nggo ngamanaken kahanan, parkir mobil lan montor ana petugas sing jenenge Hansip siki ganti jeneng Linmas. Jane tugas Linmas kuwe kon ngamanaken desa, gawe tentrem warga lan mbantu aparat keamanan, jenenge bae Linmas (Perlindungan Masyarakat).
Ningen wis salah kaprah angger ana keramean lan hajatan ora keri nyambat Linmas kon dadi tukang parkir, malah angger ora nana Linmas jeremonge ora mantep sing duwe gawe. Kaya kuwe ya ngonoh angger pada  sembada ngrumat pangane, honore lanmangsane mangan, medhang ya  aja kapiran. Sing sering kedadean petugas sing umume wis tua kuwe sering kapiran ketriwal angger ana bagian apa bae. Kiye sing kudu daemutna maring masyarakat aja cokan nyewiyah petugas sing jane kur mbantu ngamanken wong hajatan.
Kiye ana crita maning bab wong sing cokan ketriwal alias kapiran angger ana bagian. Nang kantoran pemrentah, swasta utawa perusahaan apa bae mesti ana karyawan utawa pegawe cilik sing ketelah “Blekethir” jane blekethir kuwe mangsud asline “buntut kethek cilik” malah ana sing ngomongna kuwe “sebangsa kethek” ningen nggo paraban utawa nggarnbarna pegawe rendahan utawa wong cilikan.
Akeh keprungu angger ana gegoh utawa rembugan antarane buruh, karyawan utawa pegawe, “inyongbleketir ya njagonge nang mburi, sering uga keprungu ... lha kiye sing nlasani, lah ... bangsa bleketir cokan ora nampa bagen, utawa nampa ya semendhing” lan esih akeh omongan liyane sing intine pegawe utawa buruh cilik cokan desepelekaken nang majikan uatawa pimpinane.
Sekang tembung blekethir kuwe ana poyokan lan wadhanan sing umum nang masrakat yakuwe nasibe wong cilik klebu bleketir jeremonge “ketara, ketarik lan ketriwal” mangsude angger ana salahe pegawe cilik mesti ketara lan desalahhaken, ketarik mangsude angger ana pegawean utawa sing kasar-kasar mesti ketarik kon maju dhisit utawa nggo pengandhele lan anggre ana bagian dhuwit utawa barang biasane ketriwal utawa deklalenaken alias ora deetung ... ya ketriwal, mula akeh sing ngangluh ningen wong wis sering kaya kuwe para bleketir ora kaget lan nrima ing pandhum.
Sing ngaku bleketir uga mayuh ngudi daya aja selawase urip nyandang pesuruh, tukang kebon lan tukang sapu, priyatin lan gawe prestasi men munggah pangkat utawa jabatan. Akeh wong sukses sing maune sekang pegawe cilik (bleketir) sebabe ana prestasine.
Jaman wis maju jeremone jaman repormasi aja ngosi keprungu maning nang kantoran, pabrik, perushaan lan panggonan usaha liyane keprungu wong sing “ketara, ketarik lan ketriwal kaya crita nyata mau sing sering kedadean anang masrakat. Klilan (Bambang S Purwoko/08)

Wis demuat nang Harmas 2 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...