Monday 12 October 2015

Dopokane Blarak, Bluluk, Bleketepe lan Blokeng

MENUNGSA sing urip nang alam donya kudu titen maring sasmita, sanepa, perlambang lan kawruh bab alam seisine klebu wit-witan, kewan, gunung, segara, langit lan bumi. Kiye ana crita bab wit klapa....ya wit klapa sing thukul nang endhi bae nang kota utawa ndesa. Ningen urung akeh wong sing ngerti istimewane wit klapa, ana perangan-perangan sing dadi sanepa lan ora saben wit kaya klapa kiye.
Jajal mayuh depetani perangan-perangan kuwe, angger klapa esih pentil dejenengi bluluk, godhonge arane blarak dadi siji kambi blukang wite sing kuat tur atos nggo bahan blandar, blarake nggo gawe bleketepe ningen angger menungsa semblothongan nyigar dawegan utawa klapa delumahaken bae nang pekarangan arane blokeng biasane nggo umah blatung, klapa tua sing deparud nggo lenga klentik jenenge blotong wit klapa sing nduwur uga nggo menclok blekok...
Menungsa uga ngalab berkahe wit klapa nggo keperluan urip angger deetung lewih sekang seket barang lan panganan sing asale sekang wit klapa ... ora percaya mayuh deetung sing terwaca, contone klapa gunane nggo santen, srundeng, lenga, obat-obatan, kosmetik lan esih akeh gunane. Janur sing kuning nggo gawe klontongan kupat, umbul-umbul, penjor, wadah panganan, wadah sajen. Janur sing tuwa nggo gawe bleketepe gelaran kaya klasa, gedheg, payon gubuk lan liyane.
Siki ngentung liyane kaya tepes nggo keset, tambang pongkor, lan liyane sing terhormat yakuwe nggo jok mobil mewah....jeremonge jok sekang tepes lewih sehat lan awet tinimbang bahan liyane. Ana maning gunane bathok...jan pirang-pirang kaya nggo siwur, irus, bekong, centhong, asbak lan liyane. Siki ngetung barang sekang sadha...ana sapu sadha, sindik sate, sindik ondhol, bithing, kranjang lan akeh maning. Jajal....wis pira kuwe, esih ana maning barang sekang wite....kaya blandhar, usuk, reng, tabag, saka, nggo brug lan liyane.
Sawijining dina perangan wit klapa padha dopokan ngetokna jasane dhewek-dhewek, Blarak ngomong “Angger ora nana inyong menungsa ora bisa gawe kupat, bleketepe, brongsong nangka, tabag, payon gubuk lan liyane”, ujare bangga pisan. Ganti klapa (wohe) nimbrung “Apamaning angger ora nana inyong, menungsa ora bakal bisa mangan srundeng, gebing, nyanten, masak gorengan, umben-umben klapa nom lan mentega”, Si Klapa ora kalah banggane angger ngedhirna jasane.
Dopokane klapa kambi janur keprungu si glugu, ora kalah banggane ngomong “Angger ora nana inyong ora bakalan menungsa gawe umah sing apik lan kuwat sebabe bisa nggo blandar, usuk, saka, reng, tabag, kudha-kudha, pengeret lan liyane”, ujare si glugu mantep banget ngagul-ngagulna awake dhewek.
Manggar utawa bakalan woh klapa krungu uga ngomong lamona angger ora nana inyong bakul dhawet, gado-gado, pecel, pabrit kecap lan panganan liyane ora bisa ngunakna bumbon sekang gula klapa sebabe nyong sing ngasilna gula klapa utawa gula jawa, omongane manggar ora kalah banggane kambi liyane.
“Lah ....ngonoh ngedirna jasane maring menungsa, siki sapa sing gelem kurban kaya inyong”, wit klapa sing esih meger-meger ngomong lamona wit klapa sing dhuwur dhewek nang pekarangan sing nggo tumbal desamber bledeg nggo mbentengi wit-witan lan umah menungsa, pancen bener wit klapa sing dedheg lan piyadhege dhuwur dhewek sering desamber bledeg....lah kuwe pengorbanane mula perangan liyane kaya bluluk, janur, woh klapa, blarak, glugu lan liyane aja sombong ngetokna jasane maring menungsa, angger wite kesamber bledeg kabeh geseng, mati lan glugune ora kena nggo gawe bahan bangunan....jeremonge ora ilok.
Siki tugase menungsa aja gawe rusak maring wit klapa, esih mincis-mincis wis derampal janur kuninge, padha dokoh mangan dawegane lan pondohe urung umur wite detegor. Ganu malah ana kewajiban calon penganten angger agep nikahan ana syarate kon nggawa cikal klapa seperlu detandhur nang pekarangane Klilan. (Bambang S Purwoko)

Wis demuat neng Harmas 9 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...