Thursday 5 November 2015

Sastra Lesan nggo Sarana Ngritik

KIYE mligine para seniman , utawa budhawan, kena nggo nambah , utawa nemokena inspirasi. Dadi srana nambah daya –cipta. Angger nang pedhalangan daya-cipta, sering dearani “ sanggit “. Dhalang sugih sanggit ora kurang lakon.Ora bingung ngadepi swasana, utawa kahanan. Umpane mayang meng daerah Kauman, sanggite bedha karo mayang nag daerah pasar. Kaya kuwe sebanjure.
Urung ngadepi penayagane sanggite dhalang sing kudu ngukur kemampuan penayagan. Iringan gendhing-gendhinge, manut kemampuan penayagan. Kuwe angger detanggap sing teka mung dhalange. Sindhen, penayagan sekang daerahe sing nanggap.
Angger detanggap penayagan kumplit rombongan dhalang ya ora masalah. Sagendhinge. Ari padha teles soten. Apa-apa aja seneng nyonto, mbuang sing wis ana. Maksude penayagan moh nggarap gendhingane dhewek, nirune sekang daerah liya. Rumangsane jere gengsi.
Nggarap gendhinge dhewek bae urung mesthi jegos, ngomonge gengsi. Kiye ora jeneng menging. Teyeng kesenian dhaerah liya, kena-kena bae, ningen aja ngilangena keseniane dhewek. Sing genah banget pancen nang nggon pedhalangan.
Angger ebeg, lengger, apa maning saliyane pedhalangan.Kuwe ajege nganggo duweke dhewek. Ya iringane, sandhangane, urung terpengaruh daerah liya. Ningen ya kuwe, gendhing-gendhing Banyumasan tuli akeh. Sing detakokena mung siji. Loro ajeg. Mudheng mulek eling-eling. Gendhing liyane detokena. An rindhing tugel, Pisang -balik,  Renggong Manis, pacul gowang. Angleng, gunungsari kalibagoran, esih akeh maning. Mbok gendhing-gendhing pada detokena.
Masyarakat ngertine angger gendhing Banyumasan, Eling-eling, Kicik Ricik, Bendrong kulon wis. Kuwe bae masyarakat sing seneng, utawa sing pedhuli.Mulane sedulur-sedulue seniman pengrawit, melu titip, gendging-gendhing Banyumasane padha detokena, aja mung siji-loro. Iya ari gonta ganti. Perlune nggo nglestarekna uga nggo ngembangna gendhing-gendhing nggone dhewek.
Masyarakat duwe kewajiban mbantu pemerintah manut kadewasane.Kecaba kuwe masyarakat karepe padha kepengin usul maring pemerintah. Malah ana sing keliwat. Saran-usule urung detampa, padha ora sranta. Banjure padha demo. Wong demo angger ora terkendali suwe-suwe guli ngomong ngabangaken kuping.
Mulane fungsi sastra lesan sing nomer 5 kiye, nggo ngalusaken umpane kepeksa masyarakat padha ngritik pemerentah. Ora angger-angger ngomong , ningen ngomong sing nganggo angger-angger. Neng kene sing dekarepna aweh saran, uga ngritik pemrentah kena-kena bae, ningen nganggowa tembung-tembung sing ora marakena ngabangaken kuping.
Dadi fungsi sastra lesan sing nomer lima, sastra lesan nggo srana ngritik maring sapa bae, klebu pemrentah, krana tembing-tembung sing de tata alus. Maksude alus, ora nana pihak-pihak sing tersinggung. Kakine, apa maning fungsi basa-sastra neng masyarakat..?
Takon bae. Mengko tek emut-emutane. Glesek mbok menawa esih.
Temenan kemutan . basa-sastra lesan, utawa kesenian apa bae, kuwe angger penginyongan sering menghayati, mengkono sugih pengalaman batin.
Arepa nulis, uga nyiptakena karya seni, tanpa pengalaman batin karyane terbatas, egone dhuwur. Sekiye gampangane. Kadar mung arep gawe parikan umpamane, supaya parikane mantep, kudu duwe pengalaman batin bab puisi, pantun, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan, tembang gedhe, ora keri lagu dolanan anak, Urung kudu ngerti versi, cengkok, utawa gaya.
Wangsalan, parikan gaya Banyumas beda karo gaya Solo, gala Yogya, gaya Semarangan lan liyane. Suasana daerah mujudaken pengalaman batin kanggo nyipta karya seni bercorak daerah. Contone komponis Sutejo, bercorak daerah Banyumas. (Ki Darkam AS/05)


Wis demuat nang Harmas 5 November 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...