Blokeng Arep Nggolet Rejeki Pitulasan

BALI sekang embret, bapane wis depapag Blokeng neng latar ngarep warung. Wong loro padha krasak-krisik mbuh kandhahan apa. Mlebu ngumah ora leren acan-acana, bapane nyandhak grajih kambi pendhel.
Blokeng mung ngetutaken bapane engkreg maring ngisor wit jambu mburi ngumah. Ora let sedhela, wong loro banjutan pada sengkud goleh kethak- kethik. Bapane asrak-usruk nggrajih blabag, Blokeng sing nggodogi, kringete nganti dleweran seawak. Rampung nggrajih, blabage depakuni degawe kothakan asongan.
‘’Nggo gantungan, desogi bodholan karet ban pit,’’ ujare Blokeng.
‘’Ya mangsa oraha,’’ semaure bapane
Bosa wis dadi, kothakan dejajal degantungna neng gulune Blokeng, bocahe mesam-mesem keton seneng.Biyunge weruh sing lanang kambi anake padha keton sregep, ora nganti dekongkon, njujugi banyu adhem segogok kambi rawunan sagu.
''Liren medang dhisit, jane lagi padha gawean apa kayong ora idhep kesel temen,'' jere biyunge kambi ngesog gogok selawuh medange.
''Lawuh medang koh sagu, kaya jaman orde lama. Gawe slilit thok,'' wangsulane Blokeng ora mingser babar blas.
Bapane mung mesem krungu kandhahane anak bojone. ''Kiye anake lanang lagi othak-athik gawe kothak nggo dodolan. Jere agep ginau pahal,'' bapane nyelani.
''Wong pengasong neng tapsiun bae degurahi koh agep tiru-tiru,'' jere biyunge mandan seru goleh ngomong.
''Kiye sejen yung. Ngarepi pitulasan agep ana arak-arakan kenthongan ? Sing nonton bakale ewon, sapa ngerti dodolane Blokeng laris,'' bapane mbelani anake lanang.
''Yah ngonoh angger duwe pawitan dhewek. Apa agep mbobok celengan enggane?,'' biyunge wis aso goleh ngomong.
''Ora nganggo pawitan yung, mung udhu awak. Wingi Babah Kongsen nawani, angger agep dodolan njukut bae dagangan neng tokone. Bayare mburi, angger ora payu olih debalekaken,'' jere Blokeng kambi ngecor banyu sekang gogok.
''Delaris bae ngonoh, goleh padha dodolan. Inyong tah agep samperan karo uwa wadhon nonton arak-arakan neng ngarep bakul es cedhek alun-al,un,'' jere biyunge kambi bali meng warung.
Arep pitulasan, warga Banyumas padha ngarep-arep bupatne nganakaken arak-arakan kenthongan kaya siung uwis-uwis. Krungu-krungu ana 32 kumpulan kenthongan sing arep padha melu arak-arakan mubeng kota.
 ‘’Gole dodol agep padha neng endi, mengko inyong ngrewangi ngumbah gelas ya gelem,’’ jere Man Tano krungu Blokeng agep dodolan.
‘’Ora nganggo kumbah-kumbahan Man, wong dodole teh karo limun gendulan,’’ jere Blokeng.
‘’Wong arak-arakane bae mengko mbengi ya wis ora kober nyiapaken dodolan dhawet apa es gosrok,’’ ujare bapane.
‘’Dodola inuman gendulan inyong ya agep ngrewangi bae. Mengko inyong sing gawa gendul sing wis suwung,’’ ujare Man Tano maning.
‘’Ya ora apa-apa. Rika karo inyong nonton arak-arakane, Blokeng sing kon mider dodolan. Nontone neng Kongsen bae, dadi angger ana kurangan gari mlayu nggone babahe,’’ ujare bapane.
‘’Ora papa, sing penting bisa weruh maine Wulung Maju sekang Gumelar apa Pendawa Laras sekang Tambak,’’ omonge Man Tano keton bungah pisan.
‘’Ari inyong tah senenge Pandu Laras sekang Rawalo karo Sangga Buana Pekuncen, jan maine maen temenan,’’ Blokeng ora gelem kalah.
Bapane mung mesem, arep nonton 32 kumpulan kenthongan, bakale bisa gutul subuh nembe rampung. Angger dodolan wedang jahe neng Andhang Pangrenan ndean ya laris, wong kenthongane bubar neng kana!. (05)

Wis demuat nang Harmas 6 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...