Cikal Bakale TNI nang Banyumas

TLATAH Banyumas duwe peran sing gedhe lagi jaman perjuangan ngurak penjajah. Sekang tlatah Banyumas uga lair pirang-pirang pahlawan kamardikan sing jenenge uwis kewentar. Kaya Jendral Soedirman, Jendral Gatot Soebroto, Overste Isdiman, Brigjen. Muchammad   Bachrun, Poedjadi Djaring Bandajoedha Ian liya-Iiyane.
Neng jaman penjajahan Landa uga Jepang, tlatah Banyumas lan Kedu dadi salah sijine panggonan nggo ngumpule tentara. Neng Kota Purwokerto ana bataliyon Yuda Butai sing depimpin neng Mayor. Mitsuomi Yuda markase manggon neng Jl. Gatot Soebroto utawa sing siki dadi SMA N 2 Purwokerto. Kompi-kompine semebar neng tlatah Banyumas, Pekalongan, Kroya, Cilacap uga Tegal. Bataliyon Yuda Butai klebu melu dadi Komando KesatuanPertahanan Jawa Tengah sing depandegani daning Mayor Jendral Junji Nakamura sing markase neng Magelang.
Senajan Jepang wis nyerah maring Sekutu neng tanggal 15 Agustus 1945 ning resmi sahsrahane nembe klakon tanggal 20 September 1945 neng Tokyo banjur Bangsa Indonesia mroklamasikaken kemerdekaane neng tanggal 17 Agustus 1945. Ningen tentara Jepang esih owel urung gelem lunga sekang tlatah Indonesia, neng tanggal 18 Agustus 1945 Jepang ngetokna surat perintah pembubaran PETA (Pembela Tanah Air) lan senjatane kon dekumpulna. Ora let suwe banjur Letnan Jendral Yosiuci Nagano minangka Panglima tentara neng Jawa banjur sesorah pamitan maring kabeh anggota PETA sing wis bubar.
Kabeh Daidan sing ana nang sekubenge tlatah Banyumas dejaluk senjatane kanti dame Daidan Cilacap, Kroya, Sumpiuh, Banyumas, Tegal lan Pekalongan uga dejaluki kabeh bedhile banjur dikumpulna neng Yuda Butai Purwokerto. Kabeh anggotaPETA diprentah bali maring desane dhewek-dhewek lan olih dhuwit pesangon nem wulan gaji. Kejaba PETA, kesatuan Heiho uga debubarna. Kesatuan sing ora debubarna mung Tokobetshu Kesatsu Tai utawa Kesatuan Polisi Istimewa sing siki kawentar dearani Brimob. Polisi kiye sing banjur duwe tugas ngrampas senjatane Jepang.
Sawise Proklamasi 17 Agustus 1945 banjur tanggal 22 Agustus 1045 madeg BKR (BadanKeamanan Rakjat) sing asale sekang Badan Penolong Keluarga Korban Perang (BPKKP). Tugase njaga keamanan rakyat. Anggota BKR maune sekang PETA, Heiho, Seinendan, KNIL Ian kelompok laskar liane. Kabeh duwe ancas sing padha yakuwe niat nyengkuyung kemerdekaan sing uwis deproklamasikna.
BKR Pusat neng Jakarta kumendane jenenge Arudji Kartawinata. Angger neng tlatah Banyumas sing mandeganadedasar SK sekang BPKKP/BKR Pusat sing degawa daning R. Soetopo lumantar KH Aboe Daldiri.
Daidancho Soedirman goli rapat gawe BKR deamping-ampingi neng KH Muslich, Karangsuci uga Daidancho Soetirta. Sekang pihak pemrentah ana Mr. Iskaq Tjokroadisoeryo. Sing teka neng rapat pembentukan BKR kuranglewih ana 60 wong. Rapate tanggal 1 - 3 September 1947 kiye deanakena neng gedung pertemuan JL Yosodarmo, Purwakerta. BKR Banyumas markase neng gedung Landrat sing neng wetan alun-alun Purwakerta.
Neng pertemuan pembentukan BKR kiye banjur deputusi lamona Daidanco Soedirman depercaya dadi Pemimpin Umum. Wakile Soetirta, manten Daidanco Cilacap. Cudancho Abimanyu dadi Komendan Keamanan Umum. Shodancho Surono dadi kumendan Pasukan Mobil. Wakile Shodancho Soepardjo Roestam.
Dadii madege BKR yakuwe Soedirman, manten Daidanco Kroya. Ora let suwe seuwise BKR Banyumas kebentuk, neng tanggal 5 Oktober 1945, pemrentah pusat ngetokna Dekrit Presiden sing isine babagan pembentukan TKR (Tentara Keamanan Rakyat). BKR Banyumas banjur dadi TKR Divisi V Ian panglimane Kolonel Soedirman. TKR kiye sing siki dearani TNI (Tentara Nasionai Indonesia).
Mula ora ninggalna sejarah, neng tlatah Banyumas akeh pisan para Jendral Ian wong-wong sing dadi penggedhe neng Jakarta. Mung sayange siki akeh panggonan Ian gedong sing duwe sejarah uwis deilangna, kegusur dadi bangunan liya. Muga-muga sing esih aja debongkar maning. (Bambang S Purwoko, dejikot sekang buku “Banyumas Membara”-02)

Wis demuat nang Harmas 30 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...