Tuesday 6 October 2015

Minggu Satu Mei Empat Sembilan

  KANGGONE budaya Kulon (Barat), jerene jeneng kuwe ora penting, merga jeneng kuwe mung nggo tenger, nggo mbedakna karo liyane sing sejenis Kembang mawar mbok dejenengi kembang tembelekan, ambune ya tetep wangi Semana uga madu mbok dejenengi bratawali ya tetep legi rasane. Angger demat-matna wong Barat angger gawe jeneng kuwe lugu ora kaya kita madan ribed. Wong Barat gawe jeneng ya cukup Black (ireng), White (putih). Angger kita kan putih ya deganti Seta, ireng deganti Kresna.
Kanggone kita wong Timur, mligine wong Jawa klebu wong penginyongan babagan jeneng kuwe penting be nganggo pisan. Kita ora kena aweh jeneng maring anak kuwe sembarang jeneng, Jeneng kuwe kudu maen, upamane jeneng Ayu, Bagus ben ora dadi poyokan utawa wadanan neng kanca-batire kayata jeneng kewan, celeng, babi, kebo lan liya-liyane..
Senajana kaya kuwe, pengarep-arep utawa donga kuwe uga urung mesthi kesembadan utawa keleksanan, angger awake dhewek kiye ora ngusahakna kanti temenanan ben kesembadan. Jeneng inyong Sunardi, jere karepe rama biyung inyong, mengganua inyong angger wis gedhe teyeng dadi sunar (sorot utawa pepadhang) sing adi (apik) kanggone wong liya. Terus maning jeneng Nurtanio, karepe wong tuwane si Nur kuwe bisaa dadi wong tani sing maen, e malah dadi ahli montor mabur.
Dawaning jeneng kuwe kit gemiyen gutul siki ya keton ana bedane. Jaman kuna (dhong aku urung ana), jeneng bisa mung sekecap terus gole nyeluk ngarepe detambah “si”, contone jeneng Pon deceluk si Pon, jeneng Nar deceluke si Nar, utawane nganggo “go” contone Gomar, Gopar, Godi, Gotrek. Bubar kuwe jeneng dedawakna dadi rong kecap contone: Darsan, Iswan, Nardi, Tarsan, Darti lan liya-liyane.
Jeneng rong kecap terus derobah dadi jeneng telung kecap kanti nambah neng ngarep utawane neng burine jeneng asline. Contone: Darsan dadi Darsono, Iswan dadi Iswanto, Nardi dadi Sunardi, Tarsan dadi Tarsono.  Bar kuwe jeneng derobah ora mung setembung tapi dadi rong tembung kanti nambahi jeneng ngarep, sing biasane janeng Bambang, Agus, Edi utawa urutan kelahiran nganggo Eko, Dwi, Tri lan setruse, angger bocah wadon biasane detambah jeneng Endang , Eni, Eti, Sri utawa jeneng liyane.
Jaman gemiyen jeneng uga decocokna karo dina lairane, ana sing langsung, lair dina Senen ya dejenengi Senen, lair dina Setu jenenge ya Setu. Tapi ana uga sing nganggo petungan neptu dina kelairane, lahir dina Ahad (neptu 5) Kliwon (neptu 8) gunggung 13 dejenengi Darto. Dartim, Ditem (da = 6, ta = 7 gunggung 13). Kejaba kuwe jeneng jerene donga alias penjaluk utawa pengarep-arep maring Gusti Allah ben mbesuke uripe kaya sing nggo jeneng kuwe. Kanggo conto upamane jeneng Slamet, Widada, Rahayu, Wilujeng ngemu karep ben anake mbesuk gedhe-tuwane uripe bisa urip sing kepenak ora kena sambekala.
Taun 1967 inyong dejaluk kon ngrewangi mulang wulangan arsitektur neng STM N 1 Yogyakarta sing manggon neng Jetis lor tugu, Muride akeh pisan, watara 90an siswa saben taun ajarane. Sing paling angel kelalene kuwe neng salah sijine kelas, salah siji muride ana sing jenenge Gusatmilan. Jeneng nyleneh, dadi tek takoni apa maksude jenenge kuwe. Dheweke semaur lamona Gusatmilan kuwe laire neng dina Minggu, tanggal 1 Mei taun 1949. Jebule, Gusatmilan kuwe singkatan sekang Minggu Satu Mei Empat Sembilan. (Eyang Nardi, pemerhati budaya banyumasan/05)

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...