Monday 12 October 2015

Aja Gawe Gegoh Dina Laire Banyumas

SABEN agep mengeti dina laire Kabupaten Banyumas tanggal 6 April akeh penemu, usul lan upaya njabel Perda sing dadi kekancingan laire Kabupaten Banyumas. Kuwe .... sah-sah bae, ningen aja ngosi gawe bingung warga masyarakat sing wis selawe taun nganakna pengetan dina laire Banyumas saben 6 April, pengetan taun kiye (2015) wis ngancik pengetan sing kaping 433, jeremonge panitia pengetan lan biaya uga acarane wis desusun dening panitia tingkat Kabupaten.
Nggo ngemutna maring masyarakat Banyumas, dina laire Banyumas adedasar Perda (Peraturan Daerah) Kabupaten Banyumas Nomor 2 Tahun 1990 tentang Penetapan Hari Jadi Kabupaten Banyumas. Wektu semono dhong Bupatine Djoko Sudantoko (almarhum) gawe monumen nang ngarep pendhapa Si Panji kambi tetenger sesanti Surya Sengkala “Baktining Manggala Tumataning Praja” (1582 sing ngemu surasa Bekti utawa sembah duwe watek 2, Manggala utawa pimpinan wateke 8, Tumata sekang tembung lingga tata wateke 5 lan Praja, Bumi wateke 1.
Seperangen warga lan ahli sejarah duwe penemu lamona dina laire Kabupaten Banyumas nang tanggal 27 Ramadhan 978 H utawa nang tanggal 22 Februari 1571 persis dina Kemis Wage (Rebo sore) kue mau jere monge adedasar sumber sujarah Naskah Kalibening miturut para ahli naskah Kalibening mula ora saben wong bisa mbukak naskah kue klebu panitia hari jadi sing netepaken tanggal 6 April 1582 dina laire Banyumas. Mula senajan wis selawe taun warga Banyumas mengeti dina kelairane kabupaten saben 6 April ya bisa bae ngemben utawa taun ngarep ganti mengeti nang tanggal 22 Februari, sing penting warga aja padha gegoh lan usreg nggolet sapa sing bener lan salah. Aja ngosi ana kelompok “6 April” lan kelompok “22 Februari” penting maning semangate aweh pakurmatan maring para sesepuh sing ngadegna Banyumas, sepisan maning aja padha gegoh, esih akeh bab-bab wigati sing kudhu derembug.
Miturut budayawan kondhang Kang Ahmad Tohari, dina laire kabupaten utawa kota mujudaken makna “simbolis” sing ora prelu depikir jero, ningen sing penting kepriwe aweh pakurmatan gedhe maring sing ana jasane ngedegaken kabupaten. Pinemu kuwe pancen bener, siki warga urung ndeleng endhi ana dalan gedhe (protokol) sing dejenengi asmane pendiri Banyumas kaya Jl. R. Djaka Kaiman, Jl. R. Nagbehi Mertasura lan sing jaman siki endhi ana Jl. Kol. Poedjadi Djaring Bandajoeda, Jl. RG. Roedjito lan tokoh liyane sing akeh jasane tumrap Banyumas seprane-seprane urung klakon derembung kanti terwaca.
Angger tangga Kabupaten Banyumas kaya Purbalingga lan Banjarnegara wis ana penghormatan maring para pejuang lan uga manten Bupati. Purbalingga ana GOR dejenengi GOR Goentoer Darjono, ana uga dalan Dipakusuma, nang Banjarnegara ana GOR Kolopaking lan dalan Dipayudha.
Wektu semono panitia penetapan dina laire Banyumas aweh alesan lan catetan penting, ana papat bab pokok yakuwe; Sepisan, degolet taun laire sing paling tua, ping pindone, bisaha nuwuhna rasa bangga (pride) tumrape masrakat Kabupaten Banyumas, ping telune ana ciri khas lan identitas Mbanyumasi sing kawentar kaya jiwa gotong royong, kesetiaan lan cablaka lan sing angka papat yakuwe degawe “Indonesia sentris” ora “Neerlande sentris” ngemu mangsud madheg Bupati/Adipati ora sebab deangkat nang Gubernur Jenderal Landa, ningen deangkat ana kekancingan sekang Pemerintah/Raja sing kuasa sedurunge tekane Landa.
Adhedhasar alasan kuwe kabeh sing teka nang seminar netepaken dina laire Banyumas padha setuju, ora nana sing kabotan lan terus dekethok palu resmi Banyumas lair 6 April 1582 terus deserahaken maring DPRD Banyumas kon degawe Peraturan Daerah sing desahaken kanti Nomor 2 Tahun 1990 bab laire Kabupaten Banyumas.
Sing penting maning angger ana Perda anyar laire Banyumas prelu ana pasal sing mbukak penemu liyane bab laire Banyumas angger Perda gemiyen ora nana pasal sing ngatur mengko tembe mburi angger ana penemu anyar Perda bisa deowahi.... lha kebablasen ngosi 25 taun ora nana sing ngetokna penemu anyar, nembe taun 2015 kiye jeremonge ana Perda inisiatip DPRD sing arep njabel Perda No. 2 Taun 1990 lan nemtokaken dina laire Banyumas ora 6 April 1582 ningen tanggal 22 Februari 1571.
Mula sing dadi masrakat nunggu bae kapan ana sidang Perda inisiatip dewan lan angger ana seminar ya padha urun rembug sing terwaca ana penemu ya deomongna aja kaya ganu deng taun 1990 kabeh sing teka nang seminar ora nana sing ngreaksi, ngritik lan koreksi maring panitia, mula panitia nganggep kabeh wis setuju lan gumolong rembug.
Muga-muga bae Perda inisiatip bisa nggugah maring para ahli sejarak kapan sebenere dina laire Banyumas lan aja nganti gegoh angger wis genah terwaca, aja kaya siki sing wis mlaku 25 taun nembe ana sisik melik. Klilan (Bambang S Purwoko, Mantan Kabag Humas/ Pendamping Panitia Hari Jadi Banyumas 1990)

wis demuat neng Harmas 2 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...