Monday 12 October 2015

Wangunan Umah Adat Jawa

JAMAN  gemiyen neng Negara Barat ana teori arsitektur sing ngomonga form follow function sing maksude lamona wujud wangunan/umah kuwe ngetutna maring kagunan utawa manfangat wangunan umah kuwe. Wangunan nggo toko kuwe kudu beda karo wangunan nggo pasar. Wangunan nggo kantor kuwe beda karo wangunan restoran. Semana uga wangunan nggo losmen kuwe beda karo wangunan nggo pomahan biasa.
Kejaba kuwe, wangunan umah kuwe beda-beda gemantung sekang kahanan alam sekubenge. Alam Indonesia sing neng sekiwe tengene garis katulistiwa beda karo alam neng Eropah utawane neng Negara Arab. Mulane wangunan, mligine wujud payon umah beda-beda antarane umah neng Indonesia, Eropah utawane Arab.
Sejatine teori arsitektur sing ngomonga wujud wangunan ngetutna kagunan kuwe ora mung ana neng Negara Barat thok. Neng Indonesia mligine neng tlatah tanah Jawa lan lewih mligi maning neng tlatah Jawa Tengah. Semana uga neng tlatah Banyumas kene.
Sejan-jane kit jaman kuna makuna wong Jawa ya wis mbedak-mbedakna wujud payon wangunan sing penganggone ya beda-beda miturut butuhe. Sing baku wujud payon wangunan ana enem (6) werna ya kuwe:
1.    Payon panggang pe, sing biasane denggo nggo panggonan pegawean sing cilik-cilikan, ora akeh wong sing megawe neng kono lan ora deinepi, umpamane bango, mbuh neng pasar (madeg bareng-bareng) utawane madeg dhewekan neng pinggir dalan, gubug neng sawahutawane kandhang kewan. Kanti payon lewih dhuwur sesisih dadi keton endi ngarep lan endi mburine. Payon panggang pe teyeng deabakna maring ngarep apa dena meng mburi nganggo payon emperan utawane ganggong (konsol) dadi payon gedhang selirang utawa cere gancet.
2.    Payon srotong, sing biasa denggo mayoni wangunan umah neng laladan karang pradesan utawa neng kota wis molahi arang anane. Payon srotongan kuwe kena dearani megarane payon panggang pe sepasang detambah emperan neng ngarep utawa neng mburi utawane neng ngarep karo neng mburi. Kanti tambahan payon kuwe wangunan dadi tambah amba lan teyeng depilah-pilah dadi pirang senthong gemantung butuhe, lan kahanan kesugihane sing duwe umah. Umah srotong mesthi ana tutup keonge lan ora ilok angger tutup keong kuwe ora depasang mbok nggo liwat Bethara Kala nggoleti bocah kalang.
3.    Payon limasan, pancen wangun payon limasan kuwe neng tlatah Banyumas kena dearani arang utawa madan langka. Umah payon limasan kuwe ora ana tutup keonge merga deganti karo sepasang empyak utawa rangken segi-. Wujud baku payon limasan kuwe ana rangken 4, ngarep, mburi, kiwe karo tengen. Kanggone wong sing duwe kuwe wong sing madan sugih umah payon limasan  teyeng deambakna karo emperan neng ngarep, mburi lan/utawa sisih kiwe apa tengen.
4.    Umah tikelan, sing cara wetane desebut joglo kuwe umah sing mertandhakna sing duwe kuwe wong sugih, penggedhe utawa wongsing deormati. Desuyudi neng tangga teparo. Merga butuh panggonan sing amba, jembar, mulane degawe umah payon tikelan. Wangune meh kaya limasan tapi lewih dhuwur. Umume umah tikelan nganggo empyak 8 (wolu) ningen wong sing sugih gawe umah tikelan kanti empyak 12 (rolas). Biasane umah payon tikelan kuwe denggo nggo bale utawa pendhapa, alias panggonan nggo rembugan utawa musawarah. Tapi dhong taun 1980an masyarakat kenang penyakit “latah”, payon tikelan ora mung denggo nggo payon bale, ningen uga wangunan-wangunan cilik (pos kamling, gerbang utawa gapura malah gutul cungkub) uga degawe tikelan.
5.    Payon tajug kuwe payon lancip ora papak kaya payon umah tikelan. Payon tajug biasane nggo mayoni mesjid utawa langgar. Lanciping payon tajug dekarepna nggo tumuju maring Gusti Allah sing manggon neng kana ndhuwur. Sing dadi inyong bingung kuwe pendapa Kabupaten Banyumas karo pendapa Wakil Bupati Banyumas koh nganggo payon tajug dudu payon tikelan utawa joglo.
6.    Wangunan trajumas, kuwe wangunan cagak (saka) nenem (6), telu neng ngarep lan telu maning neng mburine, sing degandheng karo penglari meng ngiwe-nengen lan pengeret meng ngarep mburi. Kanti gandhengan penglari, saka telu kuwe memper timbangan emas utawa traju emas. Wangunan trajumas kuwe mligi nggo cungkub neng kuburan, sing filosofine jare nglambangna lamona mbesuke neng akherat lakune menungsa nalikane egin urip bakal detimbang-timbang ala lan becike. (Ir Sunardi, MT, ahli tata kota lulusan UGM tinggal di Purwokerto)

Keterangan Foto: Umah Srotong adat Jawa

wis demuat neng Harmas 2 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...