Potret Lawas

Pancen wis lawas anggon inyong nyimpen
tek simpen neng nggon sing paling primpen
ben ora konangan sinten-sinten
senajan inyong niliki ra saben dinten
Ndeleng rupamu inyong ajeg seneng
senajan rupamu mung putih karo ireng
ibarat kaya enjet karo areng
ningen resep desawang neng remeng-remeng
Kanti nyawang potret lawas
kelingan karo kanca batir lawas
dhong sekolah bareng sekelas
padha bandhem-bandheman kertas
njeprah mlarah-mlarah neng jero kelas
merga pak lan bu guru rapat kenaikan kelas
Neng larikan kiwe bangku nomer loro
bangku siji dejagongi bocah loro
inyong karo Tuminah bocah asli Solo
njagong jejeran senajan ora dadi gaco
Omong werna-werna kayong ora tau entong
ibarat sekang latar, bale, gutul senthong
utawa sekang rambut, gulu, gigir, gutul bokong
mung ati dheg-dhegan sing ora deomong
Ora mlebu sedina kayong kara tuna pisan
ora ketemu seminggu rasane kaya taunan
nganggo alasan nyocogna buku garapan
sing penting pedhekan sukur teyeng senggolan
kaya kuwe saben dina nganti tekan wektu ujian
Bar kuwe terus pisah merga beda kuliah
puluhan taun ora srawung ora ngambah umah
kabar pungkasan Tuminah wis almarhumah
kanti anti lungkrah pasrah mring Gusti Allah
muga-muga khusnul kotimah ……..

(Ir Sunardi MT, ahli tatakota dan budayawan banyumas)

Wis demuat nang Harmas  11 Juni 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...