Kudangan, Kepenginan sing Ngandhung Donga

CARA  jaman inyong bocah, biyunge guli ngudang : Anaku mbesuk gedhene dadiya wong sing kopama. Ora kurang sandhang-pangane-seger-waras. Cara kuna mung depujakena ora kurang sandhang pangan. Sebabe wong tuwa gemiyen, wong tuwane inyong soten. Ora nggandra-nggandraa, mujekena sing ana neng alam siki. Ora kurang sandhang-pangan kuwe wong peng-pengan.Jaman semana ! Sekiye ya, sandhang-pangan, papan, mobil, thethek bengek.

Mmanut jamane. Jaman sekiye bisa baen wong tuwa ngudang anake : Mbesuk gedhe bisaa dadi Mentri.
Kiye kudhangan sing maksude kepenginan,, ngandhung donga. Wong tuwa ngudang anak-putu-turun debarengi donga. Beda maning karo kudangan , kuwe ya kepenginan  ningen ngudokena. Malah kepara kaya srana utawa sarat, uga kaya patembaya.

Kiye angger pentas wayang, sing lakone rabi-rabian. Kaya lakon Parta- Krama. Sembadra guli njaluk kudangan werna-werna. Mbangkane sapa bae sing teyeng nggolet kudangane kuwe , sing bakal krama karo Sumbadra. Nggolet maksude, guli nggolet olih apa sing de kudangena. Nggolet ora olih ya padha bae nggadur. Mbangkane kudhangane aboteora mupakat. Ana gamelan lokananta , Kebondanu pancal-panggung akehe 40. Patang puluh ekor apa ya ! Ya pokoke kebo ndanu akehe 40. Banjur kembar mayang kayu klepu. Dewandaru putri dhomas, Jenenge putrid dhomas kuwe akehe 800. Dho=2, mas=400, 2 x 400 = 800. Deneng dadi matematika. Kepriwe si kakine !
Ora kaya kuwe. Akehe sok padha kliru. Putri dhomas 40. Kiye ora bener. Sing bener 800.
Kakine ! Putri dhomas nggo nggiring penganten, ya kemridig banget. Ndilir kaya karnafal.
Jenenge crita. Angger wong, kudangane mambrah-mambrah kaya kuwe. Kejaba ora memper, ya langka sing teles nggoleti. Kuwe bedane wong karo wong neng crita.
Kakine mbingungi. Ana wong, banjur wong nwng crita. Keprimen jane !
Ngonoh de pikir dhewek, wis gedhe tuwa ikih.Bali maring lakon Parta-krama. Sing jenenge Parta kuwe, ya Permadi. Mbok ndarani Parta sing neng opera OV Java.
Kae tuli Parto, udu Parta. Kepriwe kakine.
Apa iya ! Banjur Sumbadra, nom-nomane jenenge Brata Jaya, uga Lara Ireng. Angger neng wayang , jenenge putrid Kopama, arep darah ngewong, ora janji ewong. Kiye kudangan sing maksude njaluk. Ya kepenginan maksude. Gandheng ngudokena, kudu ana. Ya padha karo njaluk, ya kuwe njaluk kudangan.
Dadi angger ngudang anak, kuwe kepenginan wong tuwa penuh kasih-sayang. Harapan penuh doa. Kaya tembange bocah taman Kanak- Kanak, tembang Kasih Ibu. Maksude ibune hanya memberi , tak harap kembali.
Deneng beda temen karo kakine!Kepriwe sih !Angger kakine, urung memberi, wis harap kembali.Kuwe tuli anu jujul. Ko ora de jaluk jujule ya nglehem.Kakine basa-anu. Nglehem tuli kedhengan.Apa iya! Kiye beda maning. Ngudang sing maksude perang utawa nantang. Perange satriya. Padha dene digdaya, padha dene kondhang. Kiye ya neng crita wayang maning. Perange Janaka karo adhipati Karna, kuwe perang tandhing. Banjur padha dene ngetokena pusaka. Guli nantang nganggo tembung : ngudang siyunge bethara kala. Maksude adu pusaka, perang gaman, ningen gamane keris, utawa dhuwung. Angger perange ngganggo nglepasena panah. Udu ngudang siyunge bethara kala.
Kakine inyong kemutan de kudang biyunge. Dhong inyong egin cilik. Inyong mbeke teyeng dhindhek-dhindhek. Esuk-esuk thongkrong neng ngarep bawon nunggoni biyunge daden geni. Karo monggeni, kukuse geni de usap neneng biyunge, banjura de usap-usapena neng dhengkule inyong. Kari ngusap dhengkul inyong biyunge mujekena.
Ujarku kaya kiye biyunge guli mujekena, kon sangkane inyong mlayu banter.

Gang-gang kewagang
Mbesuk gedhe mlayune jemligrang
Dawa lempate, kaya kidang
Mlempat sepisan sedawan-dawan

Jane esih ana maning kaki ! Kelalen koh!Dadi gemiyen biyungmu guli ngudang ko, kon sangkane mlayu banter. Mulane si dhong nyolong pakel tek oyok-oyok ora kecandhak, ko!
Lah, kakine Pakel tiba neng nduwur tlepong baetek jiyot ora olih. Jiyot bae tek gawa malyu, delepen ngoyok! Kawus benene nglekar neng kalen. Kepleset-ora miraha de balangi kulit gedhang.
Dadi ko ngonon ,sing mbuwang kulit gedhang ! Asu buntung, wong tuwa desengi balapan.Kakine bae, ora memper. Pakel tiba neng dhuwur tlepong, de jiyot ndadak de oyok-oyok.Lah wong sekang kadohan ketone mateng!Terusna maning, Ki1 Aja ketungkul crita pakel.(Darkam AS/05)



Wis demuat nang Harmas 3 September 2015 

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...