Friday 9 October 2015

Basa Sastra Pedinan Banyumasan

BASA sastra wujud parikan; wangsalan. Mandan asring dipun ucapaken, teng tamu ingkang sampan pamit lajeng wangsul malih. Parikane kaya niki: ”Tawon kemit,entupe kuning,uwis pamit balik maning”. Deneng entupe sing kuning, mboten sanese. Ngge parikan, entupe nggih kenging sing kuning.
Mengkin, angger cengele,ketingale mboten patut.onten cengel tawon. Biasane kula mireng saderenge entup. De tliti temen. Namine parikan degentos nggih kengingmawon,manut jamane,utawi manut swasane. Nekade asline gadhah ikih. Asli parikane, ingkang de maksud.
Saniki ginanipun tiyang dados tamu empun pamit wangsul malih, ndadak nggangge parikan,kadose supados mboten isin utawi kisinan. Selajenge ingkang gadhah griya, kathahipun manggaaken. Sanjange “ mangga mboten napa-napa”. Mekatena ampun de bathin, kiye mengko calone nguren maning. Nguren niku “nyuguh”. Pancenipun jaman alite kula, niku jan langka pangan.
Dados menawi onten tamu, panganan semendhing-mendhing sing penting tamune. Kadhang kala kiyambek dilampahi mboten nyore. Jan niki nate kelampahan. Kula kiyambak tamune. Mertamu teng kanca,teng dhusun. Dhusune mboten tidhokan. Nggene tebih saking nggili, tur malihe nyabrang kali, namine kali Tajum. Deneng kaya teka-teki, dhusun pundi niki. Lajengaken. Dhong sonten desuguh nedhi. Sontene jam 3 (telunan) angger seniki jam !5.00. Kula de kuren nedhi. Sesampune lajeng omprong-omprongan.
Perwirane kanca kula ken nyipeng. Kula mboten purun de peksa mawon, estune kula nyipeng. Saweg kedhengan teng lincak, biyunge kanca kula sanjang lirihan teng larene. Mesthine ndarani kula tilem. Sanjange ngeten “ Sega mung rong piring wis de suguhna, mengko sore, dhewek ora nyore, sing penting tamune”. Kula tilem mboten,dados miring.Bar kedhengan menyat, kula api-api mboten miring biyunge kanca kula sanjang segane mung-mungan. Kanca kula aseng tek belik,adus. Belike tebih saking nggriyane, anu teng kalen gunung. Chiduke bathok. Teng ngriku pancen ngge padusan, ngge pangansoa, ngumbahi mbereng. Sesampune adus sonten , kula sanjang kalih kancane, “kiye mengko inyong arep perlu, ngebleng sewengi mengko, sedina ngesuk,molahi jam papat sore. Aja de kuren, aja dadi gawe”. Jane esih omong- omongan panjang.
Ringkese kandhah padha slamete. Sing gadhah griya mboten kewirangan, kula kepenak mawon, sinaosa wetenge protes. Klakak-klikik pernahe kencoten.
Teng ngriki niki penginyongan kula sami, sinaosa mboten gadhah, ageng perwirane. Mulane menawi sampun pamit, saene mboten balik maning. Nggih ingkang namine tiyang wonten tembu “ndilallah”. Anu mpun pamit, tekan nggili, mboten angsal kendaraan.Thingak-thinguk bingung, kepethengen, isin-isin napa nggih balik malih. Angsal ampun nguja wangsul malih.
Mekatena gumantung tiyange. Niku wau cariyose mertamu mpun pamit wangsul malih(balik maning).
Salajenge tamu mboten nate-nate purun ngambah. Napa niku kanca lami napa tanggi dhusun. Ingkang gadhah griya sesampune nampi uluk salam, lajeng sanjang “kadi ngaren”. Sanjang mekaten kalih  ngetingalaken ramahe ,utawi jameyane. Bentene, tamu balik maning, nganggene parikan” tawon kemit….” .Tamune riyin ingkang sanjang. Menawi tamu datheng  ingkang sanjang riyin ingkang gadhah griya. Onteh malih kanca mboten nate-nate dhateng gasik dingaren, kajenge”ora tau-tau (mboten nate-nate), tumben.Dingaeren pethilan saking wangsalan. Menawi teng gendhing banyumasan sering sanget kapireng: janur gunung, sakulon Banjar patoman, kadingaren kang bagus gasik tekane. Janur gunung : ngaren, onten ingkang mastani janur aren.
Pramila bedhekane: aren, betah Kadingaren (tumben)
Ketingale tiyang niku gawene “telat”. Kumpulan napa-napa dhatenge kantun,ngge amben. Pramila pisan. Kala dugine gasik, diwastani “kadingaren”.
Niku teng perkumpulan. Patute angger tiyang dines kantoran , nggih ampun kadingaren. Pangkat,datheng, wangsule,manut wekdal pathokane. Tiyang dhines kantoran dugi,wangsule sekarepe piyambek, namine mblubud. Kakange mblubud mencilung. (Kang Darkam-02)

Wis demuat nang Harmas 30 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...