Friday 9 October 2015

Bothekan Budhaya Banyumas Akeh sing Punah

BOTHEKAN Budhayane dhewek jane wis akeh sing padha mrebel. Mbuh kuwe basa,sastra apa kesenian, Adat-istiadat, uga nilai tradisional. Kabeh mau manut jaman. Kelakone. De kayangapaa, jaman gemiyen ora bakal padha karo jaman sekiye. Mung welinge si kaki, tenggun bae kon aja padha ninggalna sejarah. Ya ora sejarah apa bae.
Sejarah kuwe ujare si kaki, ora kon balik mburi, ningen sejarah kuwe kena nggo ngoreksi dhiri, ngerti jati dhiri jaman semana sebanjure nggo mbangun masa depan. Nggo mupuk jatidhiri kita kabeh, neng tengah-tengahing alam globalisasi moderen. Saorane angger ngerti uga sadhar maring asal-usule, ngganua dadiya wong pinter,miguna,taqwa,kopama. Ora sombong, ora ngediraken. Kuwe nirokena welinge si kaki.
Ujarku lagi mulang. Dadi wong sing rendhah hati. Ora nana wong mulang, anane wong weling-welingan. Digdaya bisa apes,pinter kenang kelalen. Oh ya. Deneng ora basa. Balik maning. Wong kakine guli marahi ya anu asli ora basa. Ningen angger tlaten basa ya kena-kena baen.
Mayuh de terusna. Supayane ora nglantur ya cut semendhing. Bothekan sing wujud kesenian “teater tutur”,sing genah wis mamprungkuwe “menoreng”. Kesenian kiye basa- sastrane kaya wayang golek. Ana janturane(prolog). Udu njantur kon mendem. Ana antawacanane ( omong-omongan ). Iringanen sebagian ricikan gamelan slendra, de sogi kentrung. Terbang gedhe jenenge kentrung. Gamelane slendra ora kumplit, mung sarin siji,  kempul laras 5, laras 3, gong suwukan. Kethuk siji, kenong 3 ( telu ) larase 5,6,3, kendhang. Cara ganu umyek banget.
Penontone ya akeh. Jaman semana radio ora saben omah duwe. De terusena. Menoreng njiot crita Menak. Pragane wong Agung Klana – Jayamurti, wong Agung Menak. Patine Umarmaya. Panglima Perang Raja Lamdahur, Raja Matal, esih akeh pragane, tek emut-emut padha mlayu. Ya sekecekele. Bakune guli omong-omongan njantur, kabeh dhalange. Peragane ora teyeng ngomong, mung tangane utak-utak ngetutna omonge dhalange. Kudu konsentrasi peragane. Mbok nganti salah. Pas deomongna tangane ora uta-utak. Bareng ora deomongena tangane utak-utak dhewek.
Kesenian kiye tahun 1960 – kan molai amleng. Penayagan dhalange akeh sing padha sirep, ora nana generasi penerusae. Pusate kesenian kiya nang grumbul Larangan Muncu Purwajati. Anu ngalami dhewek gemiyen dadi penonton. Gemiyen esih bocah ora kelalenan. Sekiye ya ora mbok !. Ngganua si aja kelalenan sig desuwun. Lah kiye nang kene sebabe utawa jalaran punahe bothekan budaya.
Faktor utama anu ora nana generasine. Sekiyene wong Larangan Muncu Purwajati, sing jere monge duwe kesenian menoreng ngonoh detakoni angger ana sing pada ngerti. Kejaba sing umure sekiyene 60 – mendhuwur. 60 ke atas maksude. Patute esih kemutan mbok kuwe menoreng. Ana maning teater – tutur dhalang jemblung. Wong crita angger ngalami dhewek Mandan kepenak warah.
Ya kuwe si, bola-bali tahun 60 kan urung akeh tontonan kota, sing mlebu desa. Musik  bend gemiyene tontonan kota. Klebu kroncong, urung butul desa. Kuwe Purajatian. Kayane butul Tinggarjaya, Jatilawang.
Sebabe apa gemiyen akeh dhalang jemblung. Uga gelem-geleme nanggap dhalang jemblung. Wangsulane kepenak. Akehe wong padha kepengin dadi dhalang, ora duwe apa-apa. Maksude ora duwe gamelan, ora duwe wayang. Sekang kepengine dadi dhalang ngromed dhalang sat-satan. Ora ngango alat.
Dewekan. Ya crita, ya nabuhi. Mengko angger dhalange leren medhang mandheg kabeh. Desandingi wedang pepek. Njagonge nang rusban. Keselen ngguli dhalang karo kedhengan nang rusban. Delepen sing nonton betah. Ora bali-balia angger urung rampung guli ngromed.
Ya kuwe sebabe, gandheng guli ngromed dewekan, mulane dejenengi dhalang gemblung. Dhalange ya ora jengkel-jengkela darani dhalang gemblung. Kejaba nggemblung kuwe lucu banget.
Lah angger neng menoreng paraga sing lucu kuwe jenenge jemblung. Thuke utawa gathuke Umarmaya. Kuwe crita menoreng. Dhalang gemblung lucu kaya cemblung, sing nonton ngarani dhalang jemblung. Kiye nang Purwajati, tekan Karangtalun sekiyene pernahe ya wis ora nana dhalang jemblung.
Nang Sumpyuh uga nang Tambak ketone esih ana dhalang jemblung, ningen beda karo dhalang jemblung sing tek critakena. Dhalang jemblung sekiye wis rombongan. Ana sindene mbereng. Ora mung siji, loro, angger ana biayane soten. Meng kanaa ya esih tetep sat-satan. Ora nganggo wayang, ora nganggo gamelan. Ari sindene temenan. Sekiyene wis nganggo pengeras suara. Iringane karawitan vokal. Karawitan nganggone gamelan sing nggo pranti singsot. Nimbang ngomong cangkem mbok saru.
Dhalang jemblung pernahe terancam punah. Lah kepriwe. Penggemare langka. Apa maning sing nanggap. Kepriwe maning, dhalang sing ngganggo alat kumplit bae, ora saben dhalang payu. Mbangkane kon kaya ngapa usahane. De sogi lengger, ana campur sarine. Kepayonane ya ajeg baen. Kuwe angger crita bab payu.
Angger crita pelestarian beda maning. Pelestarian ora mikir payu orane. Mung bae mikirna pelestarian, ora tau de tanggap ya kencot. Pog-pogane bebeh nglestarekena. Lah kiya banjur tanggung jawabe sapa angger bothekan budhaya mipil padha punah. Ngriku dewangsuli kiyambek ! (Darkam Anom Sugito/05)

Wis demuat nang Harmas 10 September 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...