Friday 9 October 2015

Aja Ngasi Kelalen Basa Banyumasan

BALI sekolah Blokeng kambi kancane padha pating gedhubrug kumpul neng mburi umah. Jere arep padha latihan bahasa Inggris, wong sekolahane agep ketekan siswa sekang Landa Ostrali. Perlune arep padha ginau budhaya banyumasan sing jebul kondhang tekan mendi ora.
Gole ngapalaken seru pisan kaya wong lagi pidato: MynameBlokeng, tegese jeneng inyong Blokeng. I amthe son of alaborer, inyong anake wong pahalan. ButIwant to be asmartkid, ningen inyong kepengin dadi bocah pinter. My hobbies arewatchingpuppets, senengku nonton wayang...
Gole ngomong kaya iya-iyaha nganti batire padha ngguyuyu kemekelan.
‘’Ya wis bisa makili kanca-kanca sekelas,’’ ujare Otong.
‘’Dhonge hobine ya aja nonton wayang, ndesani temen,’’ omonge Sarno.
‘’Malah angger hobine maring kafe, bocah kana ya ora gumun,’’ Blokeng ngeyel.
Biyunge banjutan njujugi umben rucuh asem karo panganan . Urung ngomong apa-apa wis desambut neng Blokeng.Good afternoonYung. Meandmy friendslearn Englishagain.
Youknow?
‘’Ala gujih, wis liren dhisit padha medangan,’’ ujare biyunge ora ngerti apa sing diomongaken Blokeng.
''Pancen biyunge ora ngerti globalisasi. Siki jamane bocah sekolah kudu pinter ngomong Inggris,'' semaure Blokeng kambi ngumberucuh asem.
''Globalisasi kena bae, ningen aja kelalen basane dhewek basa Indonesia,'' welinge guru Sikun sing melu ngrungokaken sinaune Blokeng sekanca.
. ''Ora susah padha kuwatir . Pokoke, satu nusa, satu bangsa dan satu bahasa Indonesia,'' omonge Blokeng maning.
Bapane dadi kelingan nalika Bung Karno ngglorakaken  semangat nasionalisme nang tahun sewidakan, tanggapan masrakat gedhe pisan. Jeneng sing mambu basa asing padha degenteni.Jeneng bintang pilem Lince Tambayong ganti aran dadi Rima Melati.
Dansa-dansi sing dudu kebudhayane dhewek deganti tari pergaulan Srampang Dua belas. Toko-toko neng Praketa sing kurang rasa Indonesia-ne uga pada ganti aran. Neng pojok alun-alun ganu ana foto Johnson, banjutan deganti dadi foto Pemuda.
Toko Paris duweke Laju sing dodolan cita, ganti jeneng dadi  toko Laris. Telung bioskup sing ana neng Purwokerto yakuwe Gloria dadi Srimaya, Elita dadi Nusantara, banjutan Capitol ganti jeneng dadi bioskup Garuda.
Siki wujud semangat Sumpah Pemuda beda maning. Nang Baturraden ana 20 siswa SMK sing padha mlahu meng Istana Negara. Baturraden-Jakarta sing adohe 450 km arep delakoni 20 dina wis gutul, banjutan melu upacara dina Sumpah Pemuda neng Istana.
Senajan wis 85 taun, tekan siki Sumpah Pemuda esih dadi salah sijine pengilon lakune para pemuda.Mulane bapane weling maring si Blokeng, semangat kuwe, kudune ana nang sejrone jiwa sekabehe pemuda Indonesia nggo njaga kesinambungane bangsa.
‘’ Ningen ndeleng kahanan siki, ketone semangat Sumpah Pemuda siki wis krasa mulai luntur,’’ jere bapane.
Bocah nom-noman neng Banyumas, siki akeh sing padha kelalen karo basane dhewek. Ketungkul seneng ngomong basa Inggris, nimbang basane banyumasan.Apa maning akeh pemuda Banyumas sing isin ngomong apa sinau basa banyumasan. Krungu piwelinge bapane, Blokeng janji bahasa Inggris ora arep gagah-gagahan ningen nggo pengetahuan sing kudu dingerteni. (05)

Wis demuat nang Harmas 10 September 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...